Monday, 16 September 2019

Pangkat Dudu Emas | Cerita Cekak Basa Jawa

“PANGKAT DUDU EMAS”

Kacarita, ing salah sawijining kutha, ana Sekolah Menengah Kejuruan. Sekolah kui terkenal karo kedisiplinane, keras, lan ketat banget peraturan kang diterapake dening Kepala Sekolahe yaiku Bapak Rudi. Ora ana murid sing iso ngubah lan wani nglanggar sistem pendidikan ing sekolah kui. Sopo wae sing wani  nglanggar peraturane iso bakal ditokne saka sekolah. Ing kono, ana bocah telu kang wes kekancanan cedhek, jenenge yaiku Farhan, Salman lan Fiki. Bocah telu kui murid jurusan Teknik Mesin lan saka latar kang beda – beda. Fiki anake wong sugih lan dheweke seneng Fotografi. Ananging, kapekso sekolah Teknik amarga wong tuwane kepingin Fiki dadi Dosen Teknik Mesin. Fiki duweni kapinginan dadi Fotografi Internasional. Akhire dheweke  ora duwe semangat marang sekolahe amarga ora pada karo kekarepan atine. Dheweke dadi bocah kang males lan kerep oleh biji elek ing kelase. Farhan kui anake wong ora nduwe ananging dheweke duweni kapinginan lan tekad kang gedhe kanggo njunjung ekonomi keluargane. Ibune Farhan kui guru pensiunan sing kudu banting tulang isuk nganti sore kanggo biayani sekolah lan kuliyah kanggo Farhan lan ngurus bapake kang lagi gering – geringen. Beda karo Salman, Salman kui bocahe pinter lan duweni pikiran kang maju. Saking pintere, dheweke kerep dikira aneh marang kancane amarga dheweke seneng otak atik mesin lan gae mesin – mesin kang anyar. Salman ora seneng karo sistem kang ana ing sekolahe amarga sisteme kang kuna, artine kuna yaiku sekolah kang dituntut kudu oleh biji kang apik lan ora malah minterake muride ananging malah gawe murid tertekan amarga sistem pendidikan kang keras. Sekolahe Salman uga ora gawe teknologi modern kayata sekolah liyane. Sekolahe mung ngandelake ilmu saka buku lan mesin kang isih tradisonal.  Salman kerep diutus metu saka kelas amarga dheweke ora manut sisteme sekolah. Saktenane Salman kui ora arep nentang sisteme sekolah, ananging dheweke pengen dadekake sekolah kui sekolah kang maju kang kenal marang teknologi modern.  Nalika Salman diutus metu saka kelas, dheweke banjur melu pelajaran ing kelas liyane.
Ing wayah isuk ing sekolahan kang sek sepi, Fiki mlaku saka arah kulon lan Farhan ing mburine karo mesam – mesem, “Good morning gaes! Haha, kaget to” “Eeeh ya Allah meh ae jantungan. Bocah siji iki senengane lek ngageti ae, untunge kok ora semaput Aku” saurane Fiki. “Alahh eram. Yaa sepurane ae  haha” jawabe Farhan. “Dengaren awakmu wes budal, gek endi Salman?”  pitakone Fiki. “Aku maeng ya ngenteni wonge nanging kok ora teka – teka, tak kira lek wis budal” jawabe Farhan. “Mendah iya ta urung budal, biasane dheweke sing paling sregep ketimbang awake” ujare Fiki.
Ora let suwi Salman teka saka arah perpustakaan. “Lhaaa kui lo panjang umur sampean cah baguss. Teka ngendi ae? Tak enteni suwi ora tea – teka” celathune Farhan. “Sepurane ya Aku maeng pengen ae budal isuk ”, saurane Salman.
Bel tandhane mlebu wes muni. Bocah – bocah podo mlebu kelase dewe – dewe. Dina iki jam pertama wayae pak Harto mulang ing kelas teknik mesin 4, oraliya kelase Farhan lan kanca – kancane. Pak Harto takon marang bocah – bocah “Cah Aku takon, apa ta kang diarani mesin kui?” barkui ana bocah kang langsung jawab kanthi ngangkat tangane. Bocah kui jenenge Alsen. Alsen sregep ngapalne basane buku. Dadi, yen ana pitakonan kabeh jawabe persis opo kang ana ing buku. Ananging dheweke duwe rasa gumedehe , ngrasa paling pinter dewe ing kelase. Dheweke anake wong sugih lan paling demen yen Farhan lan kanca – kancane kena masalah.
“Kula saget pak. Mesin yaiku alat mekanik utawa alat gantine energi kanggo ngewangi saben kegiyatane manungsa. Mesin kui perlu masukan supaya bisa ngasilake energi lan bisa nglakoni tugas kang wis diatur kanthi otomatis”, wangsulane Alsen. “Benerr. Uplause kanggo Alsen”. Pak Harto seneng marang wangsulane Alsen. “Apa ana pitakonan?” ngendikane Pak Harto. Banjur Salman angkat tangan “Pak, menapa mboten damel basa kang sederhana, mesin yaiku alat kanggo ngewangi kegiyatane manungsa, kayata TV, radio, kipas lan liyane kui kabeh saka mesin. Napa sedaya niku kedah sami persis kaliyan buku?”. Pak Harto ora seneng marang wangsulane Salman banjur ngendika “Wahh iki piye cah saiki enek sing wes wani yaa, gae aturan dewe, yen awakmu ora gelem manut aturanku, ora manut karo buku metua ae saka kelasku saiki!!!” “Ngapunten Pak… maksud kula niku mboten ngoten….” Wangsulane Salman. “Alahh metua ae saka kelasku!!” ngendikane Pak Harto. “Makane ta aja sok keminter. Manuto ae karo aturane Pak Harto”, celathune Alsen. Salman banjur metu saka kelase, ananging dheweke ora cilik ati. Dheweke banjur melu pelajaran ing kelas liyane. Amarga ujian akhir kurang seminggu engkas.
Saurunge muleh sekolah, Farhan lan kanca – kancane mangan ing kantin. “Cah, ora let suwi engkas ujian akhir to, kepriye yen kita kui sinau bareng supaya bisa lulus. Alsen ae iso, aja gelem kalah karo Alsen. Mengko iso ing omahku utawa omahe Fiki ae sing tengah - tengah”, ujare Farhan. “Lek aku melu – melu aee”, saurane Fiki amarga dheweke ora semangat ing sekolahe. “Sepurane ya cah…. Aku ndak iso melu, Aku kudu ngrewangi Bapakku ”, jawabe Salman. “Sepisan iki ae ta ijin marang bapakmu lek bakale yo di ijini” ujare Farhan. “Aku ndak iso cah. Westa awakmu karo Fiki ae yaa sepurane….” Jawabe Salman.
Dina ujian wes teka. Farhan, Fiki, lan Salman lungguh ing posisi kang beda – beda. Farhan lan Fiki duwe rasa wedi yen ora lulus. Ananging dheweke tetep nggarap kanthi tenanan. Beda karo Salman, dheweke nggarap kanthi anteng amarga dheweke yakin lan wis sinau tenanan. Dheweke luwih seneng  ngerti marang konsep tinimbang ngapalake buku kayata  Alsen. Wektu ujian wis rampung. Alsen numpuk disek dewe. Farhan, Fiki, lan Salman numpuk keri dewe nganti neng Pak Harto arep ditinggal metu saka kelas. Sakwise kui Farhan, Fiki lan Salman muleh bareng. Dheweke liwat kelas Farmasi kang isine meh wadon kabeh. Ing ngarepe labolatorium kimia ana bocah ayu metu lan ora sengojo ditabrak dening Salman amarga Salman lan kanca – kancane mlaku kanthi geguyonan ora dideleng dalane.
“aduh gustiii laporanku….” Ujare Ifa bocah wadon mau kanthi bingung. “kepriye to Salman ki mlakune ora di sawang tenanan”, celathune Fiki. “ehhh sepurane yaaa…. Aku ra sengojo lo… sepurane banget….” Wangsulane Salman. “iyaa wis laporanku orapopo. Liya wektu yen mlaku ki disawang dalane aja karo geguyonan” saurane Ifa. “iyaa suwun lo yaa… yen oleh ngerti awakmu jenenge sapa?” “jenengku Ifa. Aku kelas Farmasi 2. Aku lagi ana jam tambahan ing labolatorium” jawabe Ifa. “ayo cah awake kudu muleh saiki yen ora ndang muleh selak di dukani mengko”. Salman muleh kanthi terus nyawangi Ifa kang lagi geguyonan karo kanca – kancane ing ngarepe labolatorium kimia. Ketarane Salman seneng karo Ifa. Ananging dheweke ora ngerti yen Ifa kui anak tunggal kepala sekolahe.
Dina kang di arep – arep wis teka. Dina iki maeng pengumumane kelulusan. Hasile iso didelok ing mading utamane saben – saben jurusan. Bocah – bocah pada ngrubung mading nganti Farhan lan Fiki ora ketara. Jenenge Fiki lulus pas ing dhuwure garis abang lan jenenge Farhan ana ing dhuwure Fiki. “he Fik, endi jenenge Salman kok ora enek, wonge lulus opo ora?” pitakone Farhan. “mengko lek dheweke ora lulus kepriye? Jenenge ora enek neng ngisor dhuwure awake lo….” Saurane Fiki. Ora suwi banjur Salman teka. Ora disangka yen jenenge Salman ana ing urutan nomer siji lan disusul Alsen ing nomer loro. Farhan lan Fiki kaget, amarga Salman yen wayah diulang kerep dikon metu saka kelas. Fiki lan Farhan pada gegumunan kepriye carane Salman bisa lulus cumlaude. Farhan lan Fiki bingung arep seneng amarga jenenge kancane ana ing dhuwur dewe apa kudu susah amarga jenenge ana ing dhuwure ambang ora lulus.
Ing dina Senin, nalika upacara bendera Pak Rudi selakune kepala sekolah ngumumake acara promnight lan purnawiyata. Promnight kui kanggo menehi penghargaan kanggo siswa kang berprestasi lan purnawiyata kanggo mbalekake siswa marang wong tuwane. Promnight dilaksanaake dina selasa bengi, lan purnawiyatane dina Rabu isuk ing gedung serbaguna cedheke lapangan Candra Bhirawa. Ing acara promnight, Alsen gawe rencana kanggo nyekap Salman supaya ora bisa teka ing acara promnight. Alsen ora seneng karo Salman amarga dheweke wis ngrebut posisine dadi juara siji ing sekolahan. “aku kudu gawe rencana supaya Salman ora bisa teka ing acara kui, dheweke wis wani – wanine ngrebut posisiku. Dheweke arep tak sekap ana ing gudang mburi sekolahan”, batine Alsen.
Promnight dilaksanaake ana ing lapangan utama. Bocah – bocah uga ngewangi nata –nata supaya acarane lancar. Salman, Fiki, lan Farhan uga ngewangi ngusungi meja utawa kursi – kursi kanggo kaperluane mengko bengi. “he cah… ayo leren disek, aku wis kesel iki, mengko diterusne maneh”, sambate Fiki. “hooh Fik aku yaa wis kesel, eh… kepriye yen kita neng kantin sedhela wae, aku luwe banget iki, piye Salman?” pitakone Farhan. “budalo disek wae cah aku mengko tak nyusul”, jawab Salman. “hoalah…. Ayo taa bareng – bareng supaya rame…”saurane Farhan. “wis taa disik o wae. Aku tak nerusne iki sedhela. Janji bakal nyusul rono engko” “tenan lo yaa…. Awas ae nganti ora Ifa mu bakal tak dadekne pacarku, haha….” Jerene Fiki karo guyu cengengesan. “apa taa awakmu ki kancaku apa uduk sakjane”, saurane Salman. Saktenane, Salman kui nyimpen rasa marang Ifa. Ananging, dheweke ora wani omong marang Ifa. Salman luwih mentingake sekolahe katimbang liya – liyane.
Ora let suwi, sakwise Farhan karo Fiki budal menyang kantin, Alsen teka lan nawani banyu marang Salman. Sajake banyu kui diwenehi Alsen obat supaya salman turu. “Salman, menawa tak ewangi kepriye? Sajake awakmu kok wis ketara kesel ngono. Leren o disik kilo tak gawakne banyuku ombenen ”, jerene Alsen. “hoalah ora perlu repot – repot sen…. Aku ndak apa – apa kok”, saurane Salman. “wis taa…. Kilo ngombea… ora perlu leren sak orane ngombea banyu iki senajan sethithik”. Nalika Salman lekas arep ngombe banjur ana suara sound system kang ngageti “alahh kae lo arek – arek njajal sound”, jerene Alsen. Ana 20 menitan sakwise, Salman  krasa ngantuk banget banjur turu ing kursi ing mburine panggung. Ing mburine panggung kui sepi, ora ana sapa -  sapa. Banjur Alsen nglakoni rencanane gawa Salman menyang gudhang kanthi di seret. Sakwise teka gudhang, Alsen banjur ngancing lawang gudhang lan ditinggal ngalih.
Acarane promnight dilekasi. Bocah – bocah perwakilane kelas 10 lan 11 nampilake jejogedan, nyanyi, nembang, maca geguritan lan keseniyan liyane. Farhan lan Fiki uga wis teka, apa meneh Alsen dheweke semangat banget nalika kui. Farhan lan fiki clingukan goleki Salman. “Han, neng di yaa Salman, wis yahmene iki kok  urung teka – teka. Iki wis arep acara penyerahan penghargaane lo….”, ujare Fiki. “hooh yaa… sakwise saka kantin maeng yaa ora ana bocahe, paling maeng ya wis muleh disek”, saurane Farhan. “ehh… sek ya aku arep neng mburi disek, kebelet iki wesan” jerene Fiki. “alahh kowe ki tuman” jawabe Farhan.
Sakwise Fiki saka jedhing, dheweke mlaku liwat mburi sekolahan amarga tamu – tamune kabeh wis padha teka. Nalika dheweke liwat ngarep gudhang, dheweke eroh jam tangan kang biasane digawe Salman. Jam kui maeng ceblok nalika Alsen gawa Salman mlebu menyang gudhang. Fiki ngira yen mesthi Salman kui ana ing njero gudhang. Fiki banjur nelpon Farhan supaya cepet – cepet teka lan njaluk kunci ing pos satpam ngarep lan nulungi Salman. Gudhang kui digembok saka njaba. Fiki ora iso mbukak. Ora let sui, Farhan teka. “behhh kowe ki suwi banget saka ngendi ae”, ujare Fiki. “ikilo aku ki dadak tukaran karo satpam ngarepan kae lhoo….”, jawabe Farhan. “wis wis saiki gek ndang dibukakne ae mesakne Salman”. “kepriye iki kuncine wae ana akeh”, pitakone Farhan. “wista jajalen kabeh kui, mesakne Salman ing njero”, jawabe Fiki. Salman ing njero uwis sadhar yen dheweke ditaleni ing gudhang. “heeee tulong tulongggggg… ana uwong opo ora ing njobo kui tulungono aku iki ning njero gudhang…”, omonge Salman kanthi bengok. “ikilo Man, aku wis ing njobo sek yaa iki aku karo Farhan njajal bukak”, jawabe Fiki. Ora let sui lawange gundhang iso kebukak. “kepriye lo critane awakmu kok iso ing kene ki?” pitakone Fiki. “wis taa mengko wae tak critani saiki ayo cepet – cepet rono selak jenengku diceluk” ujare Salman. Ing promnight kui jenenge Salman uwis disebut kaping 3, ananging Salman ora ndang teka. Ing batine, Alsen seneng banget. Nalika acara uwis arep ditutup, Salman teka lan munggah ing dhuwur panggung. Dheweke nyritakne kepriye iso ana ing gudhang. Sakwise kui kepala sekolah menehi piala siswa berprestasi marang Salman. Kepala sekolah uga ngendika yen ana CCTV ing lapangan kui, dadi iso ngerti sapa sing wis ngunci Salman ing gudhang, Alsen ing kono gemeteran, krasa wedi ananging dheweke uga tetep tenang supaya ora ana wong sing curiga. Sakwise acara promnight rampung, kabeh diutus ngumpul kanggo ndelok rekamane CCTV kui mau. Ing njero rekamane kui ana Alsen kang lagi nyeret Salman menyang gudhang. Banjur kabeh nyawang Alsen. “Iyaa pancen aku sing gawa Salman menyang gudhang. Salman kui wis ngrebut posisiku dadi juara siji, aku ora seneng kui. Wayae aku sing oleh piala kui, amarga mung aku wae sing pantes. Salman ora pantes oleh kui, Salman lo ora nduwe apa – apa” ujare Alsen.
Sakwise kejadian kuwi sakbare kelulusan, bocah 3 kui nglakoni urip kang beda – beda. Kabeh mencar dewe – dewe. Semono uga karo Alsen, bocah sing gumedhe, sing ngunggung drajat, pangkat lan status kui kudu nomer siji uga duweni dalan kang beda. Farhan, anake wong ora nduwe iso oleh beasiswa kuliyah ing ITB Bandung amarga dheweke gelem sinau lan donga marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Fiki, bocah sing kepingin dadi Fotografer Internasional akhire oleh ijin saka bapake diolehi mlebu Fotografi ISI Yogyakarta lan dheweke uga melu pertukaran pelajar ing kampuse. Banjur Alsen, sing senenge ngremehne kancane, dheweke kuliyah ing kampus swasta ing kuthone. Dheweke ora ketrimo ing kampus negri. 
Farhan lan Fiki semayan arep goleki kancane, Salman sing ora ana kabar. Salman lan Fiki terus ngupengi kabeh omahe kanca – kancane ananging ora ana sing ngerti panggonane Salman. Farhan lan Fiki uga wis nggoleki ing omahe Salman, ananging omah kui saiki uwis dituku karo wong liya. Ing Lumbung Merah Resto Farhan lan Fiki cethuk karo Alsen. Alsen uga arep goleki Salman amarga dheweke arep njaluk sepura. Saiki Alsen kuliyah karo kerja ing perusahaan dealer mobil kang terkenal. Dheweke sadhar  yen wis gawe kesalahan. “aku uga rep nggoleki Salman, aku sadhar yen wis tau gawe kesalahan, aku arep njaluk sepura” ujare Alsen. “iyaa saiki ayoo awake goleki Salman. Tapi arep nggoleki ning ngendi maneh?” pitakone Farhan. “eh Salman kae tau crito yen dheweke duwe budhe. Omahe ing ndeso sebelah kilo, ing jalan Lamtana” jerene Fiki. Bocah 3 kui banjur nggoleki omahe budhene Salman menyang jalan Lamtana. Teka kono ana uwong, ora liya kui budhene Salman. “ana apa lee den bagus sliramu nggoleki Salman”, pitakone budhene Salman. “niki lhoo Budhe, kula niku rencange Salman nalika SMA wingi budhe. Kula ajeng madosi Salman, dheweke niku mboten wonten kabar punapa – napa. Menawi angsal sumerep, Salman sakniki wonten pundi nggih?” pitakone Farhan. “sakjane ngono aku wis dipeseni ora oleh omong sapa – sapa. Tapi silaturahmi kui ya penting. Mula saiki tak dudoi anggone Salman. Salman kui sak iki kuliyah menyang Amerika lee. Dheweke enthuk beasiswa kuliyah ing kono. Tapi saiki kira – kira dheweke muleh rene lee, amarga dheweke ing kene duwe dealer mobil tapi apa yaa jenenge kok lali aku….”, dhawuhe budhene Salman. “dealer mobil? Napa dealer mobil ing jalan brawijaya kae to,” pitakone Farhan.
Prayata, sing duwe dealer mobil kui ora liya Salman tenan. Alsen, Farhan lan Fiki kaget. Alsen ora ngerti yeng Salman sing biyen kancane ing SMA saiki dadi nduwurane. Sing biyen tau diremehne saiki bisa bangun dealer mobil terkenal lan bisa kuliyah beasiswa ing luar negri. Nalika SMA kui, Salman kapeksa kudu sekolah karo nyambut gawe menyang bengkel kanggo nyukupi biayane sekolah lan nyelengi. Dheweke tlaten uga sabar lan Alhamdulillah bisa duwe dealer dewe. Ngelmu saka sekolahe diterapne lan akhire bisa sukses mburu kapinginane.

~ RAMPUNG ~



Nama : Putri Nur Adhiniyah
Kelas : XII IPA 3
Absen : 21
Sekolah : SMAN 1 DURENAN

No comments:

Post a Comment