Monday, 9 September 2019

-MENTARI WIS ILANG CAHYANE- | CERITA CEKAK BASA JAWA

-MENTARI WIS ILANG CAHYANE-



PENULIS : DELLA RAHMA WINDAYATI



TOKOH LAN CIRI FISIK :

1.      Jeneng : MENTARI ANGGARA PUTRA
Ciri fisik : kulite putih resik, ganteng, lan duwur

2.      Jeneng : ANI ANISA
Ciri fisik : cantik, anggun, cilik, duwure sedengan, lan kulite putih langsat

3.      Jeneng : ZAKY MAULANA
Ciri fisik : gedhi dhuwur, kulite sawo mateng, manis

4.      Jeneng : DEWI DENADA
Ciri fisik : dhuwure pas-pasan, kulite putih

5.      Ibu ( HANI)
6.      Bapak ( BAMBANG )


“DALAN PANGURIPANE MANUNGSA IKU ORA ANA KANG BISA WERUH, APA MANEH BISA GANTI. AJA NGRASA SOMBONG YEN ANA ING NDHUWUR, AMARGA KESOMBONGAN IKU BAKAL NUNTUN MENYANG PANGGONAN NING NGISOR” ~ DellaR.


          Ing sawijine desa sing ana nang kutha Trenggalek, ana omah apik kang cacahe ana telu, kabeh awujud omah tingkat gedong magrong-magrong. Ora ana kang bisa nandingi apike lan megahe omah kui. Tibake omah telu kui seng nduweni keluarga siji, yaiku keluargane pak Bambang lan bu Hani. Pengusaha kang termasuk seng sukses, wong loro iku nduweni anak lanang, kang paringan asma MENTARI ANGGARA PUTRA. Jenenge apik podo karo wonge. Akeh wong kang bingung bocah kuwi lanang, nanging jenenge Mentari podo karo jenenge cah wedok. Nanging bapak lan ibune nerangake alesan yen menopo wong loro iku jenengi anake Mentari. Pak Bambang lan ibu Hani dheweke seneng banget yen sore-sore ndilok matahari utowo mentari sing lagi mendelep, rumangsane pemandangan yen senja iku romantis lan adem disawang. Mula karono kui dheweke jenengi anake Mentari.
          Mentari, bocah lananng kang nduwe opo wae. Wong tuane sugih banda, montor limo, omah telu, opo wae kang dipengene bakal kagayuhan. Dheweke lungguh ing bangku SD kelas 4, SDN paling favorit nang Trenggalek. Mung bocah pinter lan jenius sg iso mlebu sekolah kui, wong tuane jelas seneng nduwe anak kaya Mentari, sopan lan pinter. Ora sia-sia pengorbanane wong tua nggedekne dheweke.

          Rikala semana, mentari sering oleh beasiswa nang sekolahe. Juara siji terus, ora ana kang bisa nandingi kepinterane bocah kui. Ananging kehidupan manungsa iku ora mung ana kebahagiaan lan kesenengan, nanging panggah ana kang jenenge susah, tangis, lan soro.
Nalika mentari wes kelas 6 SD, dheweke ngeroso yen uripe ora sepenak lan seseneng biyen. Amarga perusahaan bapake iku ngalami bangkrut keras, montor sing biyen ana limo saiki wes podo disita marang bank, omah telu kabeh digadaikan menyang bank lan akhire melu kesita. Jalaran peristiwa iku karana bapak lan ibune ora tau akur kerep tukaran amarga pak bambang iku nduweni weokan simpenan, sing ganggu keharmonisan keluargane. Mula mentari ora diweki weruh marang ibune, merga wedi yen mentari bakal susah karana polah tingkahe anake.
Ananging sing jenenge bathang masio didelikna kaya opo bakal iso mambu. Nalika kabeh banda disita bank, ibu hani lagek omong marang Mentari, “lee, ibu lan bapak saiki wes pisah. Sampean melu ibuk ya lee.” Ibu dawuh menyang mentari karo nada sing kudu nangis. Amarga mentari iseh cilik dheweke bingung karo opo sing dimaksud ibune “ana apa ta buk? Mentari kok bingung?” ibune banjur ngomomg, “saiki dung wayahmu ngerti lee, pokok sampean dadio bocah kang bekti karo ibumu sing wes tua iki. Mbesuk lek wes sampean gedhe bakal ngerti sing ibu maksut iki.” Ibu hani ngelus rambute Mentari karo mbrebes mili eluh ing pipine.

          Sawise pak bambang lan bu hani pisah, Mentari melu ibune kang dianggep paling tresno marang dheweke. Wong loro iku banjur golek panggonan kanga aman sakdurunge oleh omah kontrakan. Ibu hani akhire ngajak Mentari pindah ana ing panti asuhan kang ngadek kawet tahun 1965, merga bu hani ngerti yen sing jaga panti kuwi wonge murah hati lan seneng nulong sopo wae kang kesusahan. Ora mung mergo iku, biyen rikala ibu hani iseh sugeh dheweke pernah nyumbang kanggo bangun panti asuhan iku.
          Dino seloso, ibu hani lan mentari mlaku sikil menyang panti kui, wong loro iku disambut marang penghuni panti ketok banget pasedulurane. Akhire wong loro iku manggon ana ing panti asuhan. Masia mentari iku manggon ana ing panti, tapi dheweke ora demen yen putus sekolah, dheweke tetep belajar tekun, lan sekolah nutukne SD kelas 6.

          Mentari nduwe kanca lanang anyar neng panti kui, bocahe gedhi duwur jenenge Zaky Maulana. Zaky kui yatim piatu kawet umur 4 tahun amarga ibu lan bapane kecelakaan ing dalan gedhe. Zaky iso ketulung nyawane, nanging wong tuane ora ketulung. Lan akhire zaky diurusi panti kui. Dheweke sak umuran karo mentari, podo pintere lan demen sinau podo mentari.

          Kurang rong sasi mentari nglakoni ujian kelulusan SD, yaiku ujian nasional, nanging dheweke malah oleh cobaan maneh saka Gusti. Ibune ngalami penyakit akut sing angel diobati, yaiku kanker otak stadium akhir. Penyakit kui wes disandang ibune kawet awal mentari mlebu SD, rikala kuwi penyakite kambuh maneh. Mentari lan ibune bingung kepriye carane nambani, amarga saiki dheweke wes ndak ndue biaya kanggo terapi opo maneh oprasi.
“lee ibu wis pasrah karo kahanan saiki, yen ibu ninggal mentari, pean dadi bocah sing becik ya le,” suara serak ibune sing lagi turon ing amben
“pripun buk? Ibuk nopo mboten sayang kaleh mentari? Ibuk mboten pareng dawuh ngoten. Mentari sayang ibu,” mentari ngelus tangan ibune sing rupane wes putih, adem rasane.
Tanpo krasa ibune netesne eluh nang ngarepe mentari. Saya suwe ibune mentari mandhek netesne eluh, awake mulai lemes, tangane ora obah, lan nadine mandhek ora kena dirasakne. Mentari bingung mengapa ibune ora muni lan obah maneh, dheweke banjur nyeluk uwong-uwong kang ana ing panti , “mbak mbak…. Mreneo ibuk kok meneng ae..” mentari celuk-celuk saka kamare. Kabeh uwong sing krungu banjur mlayu marani suarane mentari.

“ana apa lee?” ana ibu-ibu kang takon mentari, “anu bu, niki ibu kula kok mendel mawon, wau jagongan kaleh kula sakniki kok mendel mawon kula bingung,” suara ne mentari gugup ditambah deke ngerasa wedi marang kahanan kui mau.

“ana apa bu?, ibuku punapa kok mendel mawon? Jawab kula buu.” Kabeh wong sing ana ning kamar mung meneng ae ra wani ngomong menyang mentari yen ibune wes seda. Amarga mentari panggah takon, akhire mentari diomongi yen ibune wes seda, “le, mentari. Pean sing sabar ya, ibuk wes seda. Pean ndak usah sedhih. Isek ana aku karo kanca-kancane pean.” Mentari banjur lungguh nek sanding ibune karo nangis gero-gero, “buuk aja tinggalne mentari buukk, ibuukk mentari melu ibukkk, buuuukkk,” suara ne mentari wes ra karu-karuan, banjur sing krungu podo melu netesne eluh.

Sakwise pemakaman ibune, mentari medot sekolah telung minggu suwene, padahal dheweke arep nglakoni ujian nasional.  Nanging mentari ora dewe, dheweke oleh dukungan saka kancane lan wong-wong sing ana ning panti. Banjur mentari ngerasa yen dheweke kudu bangkit lan dadi wong sing sukses, ben ibuke bangga marang mentari.

Gusti Allah iku adil, rikala mentari pengumuman kelulusan dheweke oleh nilai sing paling dhuwur dewe. Nilai paling apik sak Jawa Timur, mula dheweke oleh biasiswa kanggo nerusne nang SMP sing favorit. Zaky kancane dheweke ya oleh beasiswa amarga nilaine paling dhuwur sak Trenggalek, mula akhire zaky lan mentari bisa sekolah bareng lan gratis pisan.

Cah loro iku sekolah nang SMPN sing cedak karo panti, selama sekolah neng SMP cah loro iku dadi primadona, wis pinter lan ganteng, sapa ae sing eruh bakal demen. Telung tahun wes berlalu, mula mentari lan zaky banjur nerusne nang SMA Negeri lewat jalur beasiswa, cah loro iku ketompo ning SMAN 1 Durenan sekolah unggul lan apik. Mentari lan zaky manggon ana ing kelas ipa 3, kaya-kaya cah loro iku ora kena pisah panggah bebarengan kawet dheweke cilik. Ana telung puluh papat siswa ning kelas ipa 3 kui, sing paling mencolok dhewe ya panggah mentari, bocah bagus lan pinter.

Ana bocah wedok kang demen karo mentari kawit pertama eruh mentari, jenenge ani anisa. Dheweke kerep diceluk ani, bocahe ayu menis-menis, masiya dheweke demeni mentari, tapi ani sadar yen mentari iku bocahe pinter lan mesti angel diolehne. Nanging ani kerep oleh dukungan saka kancane sebangku, kang keparingan jeneng dewi denada utawa dewi. Banjur ani lan dewi ngejak kekancan karo mentari, “mentari, pean omahe ngendi?” ani takok menyang mentari sing lagi lungguh garapi soal.
“ani ya? Aku maggon ana ing panti, merga aku ra ndhuwe omah,” mentari ngomomg apa eneke
“oalah, muga awake dewe dadi kekancan sing apik tekan mbesuk,” ani ngajak kekancan marang mentari, “karo pean, zaky kan jenenge pean?” ani banjur ngajak zaky dadi kanca.

Ani ngempet rasa marang mentari temekan dheweke lulus SMA. Ani ora wani ngungkapne rasa, amarga dheweke ngerti yen mentari iku bocahe ora seneng cedak cah wedok, apa maneh sampek pacaran. Wektu kelulusan SMA, ani, dewi, mentari, lan zaky oleh penghargaan merga ketampa ing Universitas Indonesia lewat jalur undangan utawa SNMPTN. Ani ketampa jurusan keperawatan, mentari ketampa jurusan akuntansi, dewi ketampa ing jurusan farmasi, lan zaky ketampa ing jurusan teknik sipil.

Gusti wis ngatur apa wae sing bakal dilakoni manungsane. Tanpa pangertine Ani, Mentari sejatine nduwe  rasa marang Ani, kawet kelas loro SMA. Mentari ngerti yen Ani nduwe rasa marang dheweke, ananging Mentari isin pie carane takok lan ngungkapne rasa.

Sawise kuliah enem tahun, cah papat iku wisuda gowo gelar dhewe-dhewe. Kabeh dadi wong sukses, Mentari dadi bocah sukses kang sekolah tanpa bayar, merga dheweke  bocah kang pinter banget lan sabar ngadepi coba apa wae. Sawise cukup kuliah Mentari lan Zaky mbalik menyang panti asuhan sing selama iki wis jaga lan ngasuh dheweke. Mentari banjur seneng lan bangga yen dheweke iso nyenengne almarhumah ibune sing wis seda.

Mula banjur Mentari lan Zaky golek sandang pangan, kerja gawe ngehidupi dheweke lan bantu panti asuhan sing sak suwene iki wis jaga cah loro kui tkan sukses.

Sawise oleh kerjo kanti mapan, mula Mentari cepet-cepet golek pasangan urip. Dheweke banjur goleki panggonane Ani. Mentari pengen yen sing dadi bojone yaiku Ani,ora ana liane.

Zaky ya pengen rabi karo Dewi, kanca sebangkune Ani.

Mula cah loro iku cepet ngelamar, sakdurunge digawa wong liya.

No comments:

Post a Comment