Tuesday, 10 September 2019

Kembang Sepasang | Cerita Cekak Basa Jawa

  “Kembang Sepasang ”

Ing sawijining desa kang  duweni hawa sing isek asri urip keluarga jenenge bapak Joko lan Lastri keluarga mau kepingin duweni anak kembar lanang wedhok nalika gusti Allah maringake anak loro wedhok kabeh ingkang duweni umur kacek setahun. Jenenge Lusi Eka Maharani lan Rani Dwi Maharani. Rani lan Lusi urip sederhana. Bapake Lusi lan Rani biasane nyambut gawe ing pabrik pindhang lan uga ngrawat tanduran duren, cengkeh, lan manggis. Yen ibukke kerja dadi TKW ing Hongkong . Rani lan Lusi ning omah di baturi karo bapak lan embah wedhok.Lusi lan Rani urip ing sawijining desa ing kutha Trenggalek  kang terkenal karo duren sing akeh.  Rani lan Lusi cilik ane mesti bareng, klambine kembar lan mesti bareng.
Pas SMA Lusi dan Rani kos bareng bareng.
“Mbak –mbak tangi wes esuk”  suara banter kang gemelar ing kupinge Lusi . Rani nggugah Lusi
“Iya, sek lima menit maneh” Lusi setengah sadar pegel.
“Wes jam enem kae lo, apa gak sekolah?” Rani karo nggugah – nggugah.
Langsung Lusi adus lan klamben uga mangkat menyang sekolahan.  Lusi lan Rani pada sekolah ing SMAN 1 Durenan uga ngekost bareng siji kamar. Yen disawang aku lan adikku nduweni akeh perbedaan.  Rani iku bocahe seneng resik resik nduweni kanca akeh, percaya diri, cerewet, kendhel, cekatan, lek omomg, coplas-ceplos. Lek tangi esuk –esuk lek aku kuwalekane adikku Rani.
Yen di sawang ko awake adikku duweni awak gedhi dhuwur, kulite ireng manis lek aku kewalikane.
Embahku pun sepuh tapi isek iso masak nyapu –nyapu. Embahku kui sayang banget karo aku. Saben dina aku ditekoni wes maem opo durung.
“Wes maem nduk?” takon embahku
“Sampun mbah”jawab Lusi
“Lek arep maem maneh lawuh e ning kuali cilik ya” embah ing Lusi.
“Inggih” jawab Lusi
Nalika Lusi isek ana ning sekolahan. Rani marani Lusi
“Mba-mbak reneo mbak” celuk Rani karo ndelak ndelik.
“Lah nyapo nyapo dhik pean iki?”Tkon Lusi rada kaget.
“Anu mbak aku maengkan mlebu kamar kost gawe kunciku dewe terus pas wayah metune iki aku lali kuncine isek ning jero, terus arep tak bukak karo obeng ki gak kenek. Gek sampean saiki gawa kuncine sing sitok e ra?” nerangne Rani cepet banget.
“Haduh pean ki mesti kebiasaan sek tak jupuk kuncine” jawab Lusi setengah radha nesu.
Dina saben dina Lusi lan Rani urip bareng-bareng. Susah senang di lakoni bareng-bareng.
Nalika Lusi susah Lusi mesti cerita ning Rani lan nalika Rani susah Rani mesti cerita ning Rani.
Nanging ana ae wayah Lusi lan Rani tukaran gedhi.
“Mbak-mbak njajal kowe ki minggir o dhisik aku arep nyapu kilo” Rani ngomong ning Lusi kon minggir.
“Iya-iya aku tak minggir ngono ae ngegas” Lusi minggir.
“Njajal kowe ki dadi wong ki seng resikan masa bar maem jajan ki bungkuse durung dibuang”Rani nesu ning Lusi.
“Iya-iya nyatune arep tak buang engko sek to bar ngarap pr matematikaku iki” Lusi nerangne ning Rani.
“Ya ngono ki di buanng dhisik lo, jajal pean ki diomongi ki mbaok rungokne”Rani nesu temenan.
“biasa ae lo, njajal lek mu omong ki seng apik” Lusi nggegas ning Rani.
“Wes apik ki, andak mung kacek umur setaun ae. Aku karo kowe ki dhuwuran aku”njawab Rani ngebandingne awak. Lusi sing ora kepingin tukaran langsung mbuang sampahe.
Ingkang sawijing dina maneh pas Lusi arep sinau.
“Dik bukuku sing tak taruh ning meja ko gak ana?” ngoleki bukune di orat arit kamar e.
“Buku seng endi loh?” takon Rani.
“Kui lo buku sing ana ning meja sing rupane ijo. Pean weruh gak?” Lusi mbales takon.
“Wes tak tata ning rak bukumu, nyatu kat mau ora di tata nyimpreti mata ae” njawab Rani ning Lusi.
“nyapo kok mbok tata wong ape arep tak ngawe sinau to. Gek kertas cilik ning bukune kok gak ana?” Lusi kelangan kertas catetan.
“Emboh ra eruh” jawab Rani nganti singkat lan padat.
Lusi sing kebingungan ngoleki kertas mau mbanjur ngobrak ngabrik barang-baran, ngati Lusi nemokake kertas e.
“Njajal mau pas kowe natani bukune ana kertas e apa ora? Engko jeblok sanuke” takon Lusi sepisan maneh ning Rani.
“Embuh di omongi aku gak eruh to, panggah ngeyel”jawab Rani ning Lusi rada  pegel amarga ditakoni terus.
“Ya ngono kuwi ki mbok kok ewangi ngoleki” Lusi njaluk tulong ning Rani.
“Ogah nyapo kok aku, ya salahmu ngono kui ki” Rani ogah nulungi Lusi malah demen nonton Lusi kebingungan ngoleki kertase.
“Hoalah wong kowe ki seng nata to mestine kowe weruh, gek njajal lek uduk barangmu ki aja mbok sengol” Lusi saya bingung amarga di goeki durung temu temu kertase.
Rani seng rumangsa ora salah yo saya pegel.
“Weh piye lo, lek aku weruh buku bukumu ki seng morat marit ki aku risih pingin tak resiki,ya salahmu ngono ki uduk salahku”Rani sek  ngeyel ora gelem di salahne banjur pengel karo omongane Lusi sing nuduh dhewek e.
“Biasa ae lo kok ngegas lek kowe gak rumangsa njupuk ki biasa ae lo” Lusi pegel sampai piring bekas Lusi mangan pun di  srawatne meh ngeneki Rani.
“Maksudmu ki piye kowe ki  arep mateni aku po piye?” Rani sing ora gelem kalah ndundhot ramubut e Lusi kenceng banget. Lusi sing gak terimo mbales njambak rambut e Rani.
Kedaden iku disekseni mbahe.
“ Ana apa iki kok rame banget?” takon mbahe Lusi lan Rani. Rani lan Lusi banjur dipisah ning mbah e.
Tukarane bar pas wayah pak Joko muleh ko kerja ning pindhang kedadean Lusi lan Rani kui ora mek sepisan ing sawijining dina. Pas dina minggu Lusi lan Rani muleh ning omah pas iku Rani lagi nyetrika klambine lan
 lagi ndelok tv.
“ Nyetrika ben klambina ora luset” Rani njarak Lusi
 “ Aku ki eruh bocah ya klambine ora tau disetrika  nganti luset” Rani njarak Lusi maneh sampek Lusi nesu.
“ Bocah ora tau resik resik” njrak Rari ning Lusi
“Aku ki yo gelem lo resik resik tapi yo karepku dewe ora mben dina resik resik ” jawab Lusi
“ Kowe ki isomu mek mangan turu mangan turu” jawab Rani.
Lusi sing nesu banget amarga mesti di jaraki Lusi.
“ Yo aku ki risih nyawang barang sek reged reged ki”  jawab Rani
Ora mek dina kui ae Rani karo Lusi tukaran pas Lusi lan Rani tukaran pas muleh sekolah Lusi duwe kebiasaan seng ala yaiku pas muleh sekolah tas klambi sepatu langsung di buang buang ning kasur.
“Sakjane kowe ki kok mesti marakne aku nesu to” Rani ning Lusi
“ Nesu apa maneh wong aku kat mau meneng meneng ae ki maksudmu ki piye lo aku ki kesel lo” jawab Lusi mulai pegel
“ Yo podo aku ki ya kesel mbarang lo mbok kira kowe dewe sing kesel, sembarang sembarang aku nyetrika, lempeti klambi, ngresiki kamar, isah isah, masak sembarang  kui ki kabeh aku uduk kowe” jawab Rani karo nyudeng Lusi .
“ Aku ki ogah lo mendino tukaran karo kowe ki waleh sak jane ki aku yo ora njaluk adik koyok kowe”
Rani seng krungu omongan e Lusi mulai nesu
“ Aku ki yo ora ngekon duwe embak kayak kowe ki” jawab Rani
Lusi sing ora kuat nahan arahr nangis ngasek ngasek ora mek Lusi tok Rani yo nangis ngasek ngasek. Nalika bar kui Pak Joko teko.
“ Nyapo iki kok pada nangis ki? Takon pak Joko sampai nesu kecampu bingung. Amarga Lusi lan Rani wedi marang pak Joko.
Lusi lan Rani ora wani lan meneng ae lan marakake pak Joko tambah nesu.
“ Ayo sapa iki sing tanggung jawab? Takon pak Joko. Lusi di resik i iki! Rani mlebu lawang karo nangis ngasek ngasek . Seng marakake kedadean kui saya ruwet yaiku Rani ngunci lawang e samoek wengi lan di celuk celuk ora krungu gek wonge ora mangan kat mau esuk.
“Ran Rani kowe hak maem ?” Takon pak Joko nganti khawatir. Ora suwi pak Joko takok Lusi .
“Lusi Lus deloken adikmu kok ora gelem metu ko kamat !” takon pak Joko marang Lusi. Lusi langsung ngetuk lawang kamar e Rani amarga di kok bapake.
“ Dek dek pean gak maem ?” takok Lusi karo ngetok lawang kamar e Rani. Rani mbukak lawang kamar, mripat e Rani langsung ning pawon ngawa piring lan langsung maem. Rani ora semonto blas marang Lusi sampai telu dina luwih wiwit kedadean kui. Sawijining dina, bu Lastri ibune Lusi lan Rani telepon jarene bu Lastri awake ngrasa ora penak atine.
Bu Lastri banjur nelpon pak Joko lan nakokne keadaan anake. Wengine pak Joko ngomongi Lusi lan Rani.
“ Lusi, sampean iku kan luwih tuwa saka Rani amarga kui sampean kudu wenehi contoh sing apik marang adikmu Rani” pak Joko marang Lusi.
“Rani sampean ki lek ape resik resik ki aja pas mbakmu ning ngarep gek mbok saponi”
“ Mesakne ibukmu lan bapak iki nyambut gawe pean karo mbakmu”
Pak Joko marang Rani .
Sawise kedadean iku Ing sawijining dina Rani bar muleh sekolah ujug ujug lara, senajan sing nong omah mek ana Rani karo Lusi, Lusi sing kelingan pesen e bapak e ngrawat lan njaga adike sampek mari.
Pas Rani turu, Rani nyeluk nyeluk jenenge Lusi. Pas Rani tangi
“Mbak aku nyuwun ngapuro yen aku mesti gawe sampean nesu nesu” ngomong Rani marang Lusi.
Iya dek aku aku ya nyuwun ngapuro amarga aku kamar e reged aku ra tau resik resik marai kowe pegel wayahe aku sing luwih tuwa iso menehi contoh sing apik marang sampean. Sakmestine kowe karo aku mestine akur apa maneh kowe karo aku sedarah .
Wiwit kedadean iku Lusi lan Rani urip rukun ra tau tukaran maneh.









Penulis
Nama : Elke Luisa Cahya P.
Kelas : XII IPA 3
No absen : 09
Asal sekolah : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK

No comments:

Post a Comment