Bocah SD
Vania
iku bocah kang apikan, deweke bisa akrab karo sapa wae kanthi gampang. Nduweni
sifat kang ceria lan ceplas ceplos, Vania gampang nyesuwekne kanthi lingkungan
anyar kang diadepi. Kayata saiki, Vania bakal dadi bocah SMA, dina iki deweke
bakal ana acara PLS(Pengenalan
Lingkungan Sekolah) ing sekolah anyare SMA 1 DARAN. PLS bakale ngentekne waktu
kurang luwih telung dina. Vania ora sabar ngawali dina anyare dadi bocah SMA.
Kanthi semangat tanpa sambat, budal isuk amprih ora telat, Vania budal kanthi
tekad. Sekolah isih sepi, Vania budal isuk lan nemoni mung ana bocah telu ing
kelas sing bakal dipanggoni PLS Vania..
Amarga
isih sepi, Vania bisa gampang milih bangku kang pingin deweke panggoni, kawit
awal melbu kelas, sawangane Vania tumuju ana ing salah sawijing bocah kang wis
lingguh ana bangku ngarep dewe sing srapat karo papan tulis. Vania banjur
manekne awak kanthi marani bocah kui lan njaluk ijin gawe lungguh ing sandinge.
“Aku lungguh ing sandingmu ya?”, pitakon Vania kanggo bocah wedok kui mau,
bocah kui mau amung njawab kanthi manthuk. Vania njajal takok takok lan
ngakrabi bocah kang dadi kanca pertamane ing SMA dina iki.
Bocah
wedok ing sandinge Vania katon menengan, apa kang ditakokne Vania mung diajawab
saperlune kanthi anthukan lan eseman tipis. Vania mbatin kok ana bocah kang
katon menengan, jutek lan kalem dadi siji, pertamane Vania mikir menowo bocah
ing sandinge kui mau bocah kang judes lan angel diajak kekancan, nanging ora,
bocah ing sandinge kui mau saya suwi saya penak diajak omong-omongan lan mulai bisa
mbukak diri kanggo Vania. Bocah wedok kui mau Ardila, pawakane lumayan duwur,
lan deweke putih.
Ardila
pancen dinilai menengan lan jutek dening bocah-bocah kang urung kenal karo
deweke, nanging Ardila bisa luwih terbuka lan dadi bocah kang cerewet yen
deweke karo wong sing dirasa cedek lan bisa ngerteni deweke kayata Vania.~~~
Wayae PLS wis nyedeki buyar, pengumuman kanthi penetapan kelas kang bakale
dipanggoni sak suweni sekolah ing SMA 1 DARAN wis ditemplekne ing ngarep kelas
sementara. Bocah akeh kang podo metu kanggo ndelok pengumuman pembagian kelas,
amergo isih rame lan uyel-uyelan Vania lan Ardila ngenteni kondisine lumayan
sepi banjur ndelok pengumuman, kurang luwih 5 menitan bocah bocah wis podo
ngaleh banjur nggoleki kelas anyare dewe dewe. Vania lan Ardila banjur metu
ndelok pengumuman, bocah loro iku nggoleki jenenge dewe dewe, ndilalah kersane
gusti Allah, Vania lan Ardila kelase panggah, bocah loro kui mau ora pindah
nangdi nangdi. Vania lan Ardila bungah banget, amergo bisa panggah sekelas gawe
telung taun mangarep, yaiku ing kelas IPA 3.
Wayah
PLS wis rampung, Vania lan Ardila wis mulai dadi kelas 10 ing SMA 1 DARAN,
Vania lan Ardila uga wis nganggo seragam SMA abu-abu putih. Vania lan Ardila bungah
banget amerga wis resmi dadi bocah SMA.
~~~~
Wis suwi anane Vania lan Ardila kenal, bocah loro iku banjur tansaya cedek lan
dadi kanca raket, kanca-kancane sekelas wis pada ngerti yen Vania lan Ardila
iku ora bisa dipisahne, ning ngendi ana Vania yo berarti ana Ardila. Vania lan
Ardila uga kenal karo bocah akeh, kanca-kancane nduweni sifat lan sikap kang
bedo-bedo. Ana kang menengan kayata Ardila lan ana kang ceriwis kayata Vania.
Ora kerasa wis suwi anane Vania lan Ardila dadi murid kelas 10, masio bocah
loro kui mau kanca raket ora berarti bocah loro iku mau bisa rukun terus, wis
ana kurang luwih setengah tahun dadi murid kelas 10 Vania lan Ardila kerep
ngadepi masalah sing nggarai bocah loro
iku tukaran, kayata saiki Vania nesu marang Ardila, suwasana atine elek dina
iki, Ardila panggah jagongan karo Rosa, Vania anyel deweke ditokne sedina tanpo
digubris ning Ardila. Kawet melu organisasi sing pada, Ardila karo Rosa pancen
ketara saya cedek, meh sabendino bocah 2 iku ngurusi perkoro organisasi
bareng-bareng.
“Van,
njo baturono aku menyang toilet, bocah kelas ipa 2 podo ning ngarep kelase aku
isin yen metu dewe” panjaluk Ardila.
“
Wegah aku repot, isih urung bar lek ku nggarap tugas, nyapo kok ra karo Rosa
kana wae, kan saiki awakmu nangdi ndi karo Rosa.” Balese Vania
“Ya
Allah van, dadi awkmu iku pirang-pirang dina iki menengne aku amergo ndak
seneng aku cedek karo Rosa?, healah Van, awakamu iku ana-ana wae. Aku karo Rosa
iku ngurusi masalah organisasi,
pirang-pirang dina iki repot amergo arep enek kegiatan. Yo sepurane lek
akhir-akhir iki aku jarang bareng-bareng karo awakmu maneh.”
“Yo
bukane aku ora seneng menawa awakmu cedek karo Rosa utowo karo bocah liyane,
nanging paling ora ki ojok sampek ora nggubris aku, ngene iki aku sepi lek gak
mok jak omong-omongan, kayak wingi,aku ngajak awakmu menyang kantin nanging
awakmu ora nggubris.”
“Yoalah
van, sepurane lek aku ora nggubris awakmu, aku ora ngerti yen mok ajak omong,
van, arepo aku oleh kanca anyar sak akeh-akehe, aku ora bakal nglalekne awakmu,
awakmu iki kanca raketku saklawase, aku janji ndak bakal menengne awakmu maneh
van.”
“Iyo
la, asline aku yo ra nesu ambi awakmu, aku mung kecewa wae yen awakmu meneng ne
aku, sepurane lek aku egois la, wis wis ojok meneng-menengan maneh yo la.”
Vania
lan Ardila banjur ora meneng-menengan maneh, bocah loro iku wis apikan.
Kedadeyan ngene iki wis kerep kedaden marang Vania lan Ardila, terkadang bocah
loro iku kerep nesu-nesunan amung goro-goro masalah sepele. Senadyan kerep
nesu-nesunan, Vania lan Ardila ora tau nesu-nesunan suwi, palingan ora ana sak
jam bocah loro iku mau wis apikan maneh. Sampe ora kroso, wis setahun Vania lan
Ardila dadi bocah kelas 10, iku berarti dilut maneh bocah loro kui bakal
munggah ing kelas 11. Akeh cerito kang wis diliwati bareng-bareng dening Vania
lan Ardila. Nyedeki ujian kenaikan kelas, kabeh tansoyo mumet, ulang harian
kerep dienekake dadakan amergo gae nambah nilai rapot, tugase akeh tambah
tansoyo semrawut, akhire sinau amung dilut-dilut.~~~
Iki
mau hari h dilaksaknaake ujian kenaikan kelas, kurang luwih semingunan kelas 10
lan kelas 11 nglaksanakake ujian iki, ujian tahun iki bebarengan karo puasa
Ramadhan, bocah-bocah kudu tetep bisa mikir gawe ujian masio luwe ora biso
ditahan. Wis genep anane nglakoni ujian kenaikan kelas. Bocah-bocah bisa libur
kurang luwih sampe sebulan gawe libur semester lan libur Riyaya. Iku berarti
pas awal masuk semester anyar Vania lan Ardila wis dadi murid kelas 11, rapotan
kenaikan tahun iki dianakake h+seminggu karo ujian kenaikan, banjur bocah-bocah
sekolah bisa libur. Vania lan Ardila bungah, bocah loro iku rapote apik-apik,
senadyan isih ana kang kudu diapiki maneh nilaine, Vania lan Ardila bersyukur
wis bisa munggah kelas 11 kathi hasil kang muasne.~~~
Ora
krasa, kurang luwih wis sewulan anane libur sekolah, riyaya uga wis kelewat,
saiki wayahe bocah sekolah nyiapne keperluan gawe mlebu sekolah tahun ajaran
anyar, kayata sepatu, tas, buku, polpen, patelot, lsp. Ardila ora nyiapne
barang kang akeh kanggo mlebu sekolah tahun ajaran anyar iki, Ardila amung
nyiapne buku lan alat tulis liyane,
sepatu lan tas ora perlu tuku maneh, amergo Ardila isih seneng karo tas lan
sepatu lawase, uga kondisine isih apik, semono uga Vania, deweke ora akeh-akeh
tuku barang keperluan sekolah, amergo barang-barang kelas 10 isih apik lan isih
iso digawe maneh. ~~~
Dina iki mau dina pertama mlebu sekolah taun ajaran
anyar, Vania lan Ardila wis semayanan gawe lungguh sak bangku maneh lan manggon
ing bangku ngarep kayata bangku kang dipanggoni Vania lan Ardila pas kelas 10.
Bocah loro iku mau uga semayanan budal isuk, amprih bisa ngolehne panggon kang
dipingini. Vania lan Ardila wis teko kelas, bocah loro iku langsung golek
panggon ngarep, syukur, panggon kang dipingini Vania lan Ardila isih urung enek
sing manggoni.
Kelas
11 iki Vania lan Ardila cedek karo bocah maneh, bocah iku Nina, Riri, Tara,
lan Syifa. Bocah 6 iku mau banjur dadi kanca raket, lan wiwit iki kisah
kekancanane bocah 6 iku dilekasi. Bocah 6 iku sekelas wiwit kelas 10 sampe
saiki kelas 11, nanging nyapo kok lagek saiki yen cedek?, sakjane bocah 6 iku
wis cedek suwe nanging cedeke pasang-pasangan, kayata Ardila sakliyane cedek
karo Vania uga cedek karo Riri, Vanio ora cemburu maneh pas ngerti Ardila cedek
karo Riri, soale Ardila cedek ambi Riri amergo gawe keperluan oraganisasi lan
kanca curhat, Vania ngerteni yen kekancan bisa karo sopo wae, sing penting
Ardila ora nglalekne lan ngepekne deweke, Vania bisa nerimo Ardila ndue kanca
raket anyar. Riri iku sebangku karo Nina, amergo Vania lan Nina lulusan saka MTs
sing pada, dadi Vania lan Nina uga wis cedek suwi, kerana Nina sebangku karo
Riri, Vania uga maleh cedek karo Riri. Sakliyane kanca sebangku, Riri lan Nina
uga kanca raket, kayata Vania lan Ardila, Riri lan Nina uwis cedek wiwit awal
masuk kelas 10. Liyane karo Riri, Nina cedek karo Tara lan Syifa, amergo kerep
jagongan lan ngumpul bareng, bocah enem iku, Vania, Ardila, Riri, Nina, Tara,
lan Syifa dadi kanca raket.~~~
Bulan
Juli iki, Vania, Ardila, Riri, Tara, lan Syifa ngrencanakake gawe ngerayakne
ulang taun cilik-cilikan kanggo Nina, kelas 11 iki Nina wis umur 17 tahun,
antara bocah enem iki, Nina paling tua dewe. Jum’at iki Nina ulang taun, bocah
sekelas akeh kang podo menehi ucapan gawe Nina, sesok dina Sabtu, amergo wiwit
kelas 11 iki wis fullday, sabtu maleh dadi dina libur. Vani, Ardila, Riri,
Tara, lan Syifa wis ngrencanakake bakal dolan mae Nina sesok. Sakdurunge bocah
lima iku wis ngomong ning Nina yen bakal dolan mae deweke dina Sabtu iki,
nanging bocah lima iku ora omong yen arep nyiapne perayaan ulang taun gawe
Nina.~~
Iki mau wis dina Sabtu, bocah wis mbagi tugas dewe-dewe
gawe tuku opo wae kang arep digowo mae Nina, kayata, kado, kue ulang tahun,
lilin, lading plastik, lan piring kertas cilik. Ardila, Riri lan Tara tuku Kue,
lsp, senajan Vania lan Syifa nunggu menyang mae Vania gawe budal bareng menyang
mae Nina pisan mbungkus kado. Wis nyedeki dhuhur nanging bocah lima kui mau
urung teko menyang mae Nina, Nina was-was, sakjane pada sida dolan mae deweke
opo ora, Nina wis nyuba gawe W.A kanca-kancane iku, jarene kon ngenteni diluk
engkas. Bocah lima iku banjur teka pas tengah awan, Nina kang sakdurunge gupuh
wis lumayan dangang, batur-bature wis podo teka omahe. Nina ora ngira yen
batur-bature iku bakal gawakne deweke kue ulang tahun lengkap sak lilin lan
liya-liyane, tambah maneh kado kang dibungkus gedi nambahi rasa marem lan
sungkan dadi siji amergo Nina kerasa yen ngrepotne batur-bature.~~~
Wis ana limang sasi kawit ulang tahune Nina, wiwit dina
iku bocah enem kui mau, Vania, Ardila, Riri, Nina, Tara, lan Syifa tansaya
cedek, saben enek apa-apa mesti dirundingne bareng-bareng lan yen salah siji
enek masalah liyane bakal ngewangi gawe nylesakne masalah kui mau. Bocah enem
iku wis kayak geng, ananging duduk geng, mung sewates kumpulan bocah kang wis
cedek lan dadi kanca raket. Bocah enem iku uga ora nutup awak gawe cedek karo
kanca liyane, amergo cah enem iku ora geng-gengan, bisa cedek lan kekancan karo
sapa wae, ananging panggah batur enem kuwi kang dadi prioritas.~~
Kayata kerikil ing dalan aspalan, ora ketara
yen disawang ananging kerasa yen wis diliwati, kekancanane bocah enem iku iso
diibaaratne ngono. Batur-batur kelase nyawang kekancanane bocah enem iku katon
ayem lan ora ana perkara blas. Sapa kang ngira yen asline bocah enem iku kerep
tukaran, awal-awal kekancan cah enem iku optimis kekancane bakal ayem lan ora
tukar padu, ananging pas wis dilakoni suwi nyatane uga panggah ana masalah-masalah
kang nekanani bocah enem iku. Meh kaya kisahe Vania lan Ardila kang kerep
tukaran amergo ora terima yen cedek karo kanca liyane, bocah enem iku uga kerep
meneng-menengan amergo perkara sepele kaya iku.
“Nyapo maneh kae Riri??”, pitakon Syifa menyang Ardila
“Kayane nesunan karo Nina.” Jawabe Ardila
“Lah ginio, nggenah wingi lek
tukaran wis apikan, saiki kok nesunan maneh to
hadehhhh...”
“Kayane sing nesu iku Riri lo Syif,
Riri setengahe mangkel karo Nina amergo akhir-akhir iki kerep karo Tara, gek
deweke ditokne dewe.. Riri gak terima, makane iki dina panggah mbesungut ae..”
Kedadeyan ngono iki wis
kerep kelakon menyang bocah enem kui. Ananging kabeh isih bisa dipungkasi
apik-apik.
Ora kerasa unggah-unggahan
kelas telu wis cedek, bocah kelas sewelas pada ora nyangka yen wis arep dadi
senior lan diluk engkas lulus.~~~~~
Iki mau dina ke telu melbu
sekolah bubar libur semester akhir, bocah kang kelas sewelas saiki wis dadi
murid kelas rolas. Ora ana kang beda karo kekancanane Vania, Ardila, Riri,
Nina, Tara, lan Syifa. Bocah enem iku panggah dadi kanca raket, Vania panggah
sebangku karo Ardilan, lan Riri uga panggah sebangku karo Nina. Ananging..
“Maksudmu apa Van, awakmu lek ora
demen karo aku ki omongo, ora usah ngelek-ngelek aku ning bocah-bocah liyane.
Pancen ket awal aku ki ora percaya karo awakmu, omongane ae sing digedekne,
nanging nyatane apa? Halah adoh!!”, Syifa ujug-ujug mbengok ning bangkune
Vania.
“Awakmu ginio Syif, jale jelasno
disek iki ana apa, kok awakmu mara-mara mbengok-mbengok nyang aku, omong lek
aku ngelek-elek awakmu”, piwalese Vania nyoba ngomong alus tanpa emosi.
“Halah, wisto ngakuo wae, oh iyo wong kaya
awakmu iku apa gelem kon ngaku yo, lali aku.”
“Aku
ora ngerti blas apa maksudmu Syif, aku yakin iki enek salah paham, ana apa iki
asline ya Allah”
“Iya
Syif ana apa iki asline, aja bengak bengok ora penak dirungokne bocah liyane,
jale kene cerito o disek, ana apa iki asline”, Ardila sumaut nyuba nengahi
Syifa lan Vania.
“Alah
lek wakmu iku pancen bela Vania omongo wae lho La, aku iki ora goblok sampe
bisa ora ngerti yen kowe cah loro wis semayanan macak ora weruh, ancene
pada-pada nduwe rai loro yo ngono kui” Sahute Syifa
“Wis
yo Syif aku ora ngerti apa masalahmu ning aku, sampe wakmu bisa ngelokne
baturmu dewe kaya ngono, apa maneh Ardila kok gawa-gawa pisan, aku yo bisa
sabar nanging wakmu wis kelewatan, aku neng kene pancen ora ngerti apa-apa
malah kok oneni ngono!!”, sahute Vania ora kalah sewot.
“Wistalah
Van, lek awakmu uga nesu-nesu ngene ora bakal rampung masalahe, wis-wis saiki
ayo diomongne apik-apik gek ora usah bengok-bengok ritek Syif, Van” tengahe
Ardila.
“Alah
ora butuh penjelasan apa-apa maneh, wis cukup semene wae kekancane awake.”
Syifa banjur ngaleh.
Apa kang diomongne bocah
telu kui mau dirungokne marang batur-bature sekelas, amergo suarane Syifa kang
banter lan Vania sing entek kesabarane maleh melu mbengok, akhire perkara kui
mau dadi kembang lambe bocah sekelas, ora piye, pancen bocah kang dikenal akrab
lan ora tau tukaran gede, iki dina malah bengok-bengokan ning kelas tanpa
alasan kang jelas. Amergo perkara Syifa lan Vania kui mau, maleh nduweni dampak
ing bocah enem kui dewe. Bocah enem kui mau maleh pecah dewe-dewe, Ardila lan
Riri kang ana pihake Vania, Tara kang ana pihake Syifa lan Nina kang isih
bingung ana apa iki asline. Wis kurang luwih telung minggu perkara kui
mblangkrah ora rampung-rampung lan urung jelas apa kang asline kedaden. Vania
mung bisa nangis saben cerita ning Ardila lan Riri, deweke ora percaya Syifa
bisa ngoneni deweke kaya mengkono lan panggah nesu marang deweke tanpa sebab
kang jelas. Ardila lan Riri nyoba nggoleki dalan gae perkara iki, nanging asile
nihil, Vania kang mbatek omong yen deweke ora ngerti apa-apa lan Syifa kang
panggah nyatru Vania, perkara iki kaya-kaya ora ana dalan metune, kebeh ora ana
kang gelem ngalah lan ngaku salah.
Vania tambah mumet, pikirane tambah budrek, uripe tansaya
sumpek. Urung buyar perkarane karo Syifa, saiki Riri kang mbedani, nyelot suwi
Riri wis ngeculne perkarane bature dewe, kawit seminggu kepungkur Riri cedek
karo alumni lan wingi deweke ngabari yen deweke pacaran karo alumni kui. Urung
maneh Ardila, deweke cedek karo bocah lanang kelas sebelah, wis ana sesasi
kepungkur yen cedek ananging Vania lagek ngerti winginane. Vania kerasa yen
kanca-kanacane loro kui malih lali, amergo perkara lanangan, Ardila lan Riri
nglalekne bature dewe kang lagi mbutuhne banget kanca kang bisa ngerteni. Dalan
siji-sijine gawe Vania yaiku Nina, ananging Nina saiki ana ing pihake Syifa~~~
~~~~~~~~
Ora
sewajare tukaran sesuwi iki, nganti kelulusan SMA bocah enem kui mau urung bisa
rukun kayata ndisek maneh. Bocah enem kui wis nentokne dalane dewe-dewe, pisah
gawe nerusne sekolah kang luwih duwur, tanpa salam perpisahan saka kanca kang
dipingini, bocah enem kui mau banjur budal ngaleh siji-siji, kadaan kang wis
adoh saiki tansaya adoh, ora ana perpisahan apik kang dibayangne pas awal
kekancan ndisek, enenge amung dadi angen-angen kang ora ketekan. Pancen kabeh
wis digarisne menyang Gusti, awal temu kang apik urung tentu nduweni akhir kang
apik uga. Kisah SMA kang akeh kenangane, saiki mung dadi angin liwat marang
bocah enem kui, awal kisah kang pingin diiling-iling selawase maleh dadi kisah
kang pingin dilalekne seteruse. Urung ana akhir kisah kang mbungahne gawe
cerita iki, namung kersane gusti kang bisa ngrubah cerita iki dadi cerita anyar,
menawi panjenengane ngersakake.~~~
~~~~Enem tahun sawise~~~~
“Heh
aku ndiak terima ya, yen awakmu malih luwih langsing Syif, hahaha...”
“Amet
sek nggih bu PNS, saiki aku ngono wis langsing , saben dina akeh sing sambang
nyang omah antri njaluk rabi, wakmu no kalah La, endi jarene mas Jo sing mok
tunggu, sampe saiki ora ana kabare, iling La wakmu wis PNS wis mapan, kari
saiki golek sing tampan. Hahaha...”
“Halah
kabeh ki ndak enek apa-apane timbang inces Vania, yo ra sombong, bapak.e thole
wis arep bukak cabang maneh hadehhh.., mumet iki wisan hehhhh”
“Hahaha,
Van van, awakmu ki kokyo panggah ae to ora ilang endelmu. Mbok kaya Tara, maleh
menengan bar dirabi jendral”
“Halah
opo to Nina i, kelo sawangen Riri calon mantu idamane bu Nyai..sregep sholat
wengi amergo ning pacare ditinggal rabi, hahaha..”
“Hush
ojo ngileng-ngileng neh, masa jahiliyah ku kui Ra, saiki ngono wis beda ,
penting bisa seneng dunya akhirat”
“heisss”
“Hahahahaha”
“Hahahahaha”
“Hahahahaha”
“Hahahahaha”
“Hahahahaha”
“Hahahahaha”
Swara ngguyu iku akhire bisa dirungakne maneh, apa kang
dipendem ing ati wis bisa dicolne ora ana sing keri, saiki mung bisa ngilingi
apa kang wis diliwati, jaman SMA kang ringkes mung kelewat ngono wae yen ora
disyukuri sakabehe, saiki kabeh mung dadi cerita, cerita kang embuh kudu
digetuni opo malah diguyoni. Iki mau dilosne sakabehe, ngguyu sak pol-pol e,
ngguyoni awake dewe-dewe, jaman kang kudune bisa berubah dadi wong gede, malah
tumindak kaya bocah SD.~~~~
RAMPUNG
Penulis
Nama : Annisa Dwi Fitria
Kelas : XII IPA 3
No absen : 03
Asal sekolah : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK
No comments:
Post a Comment