Wednesday, 11 September 2019

Doni Tukang Nyemir Sepatu | Cerita Cekak Basa Jawa

Doni Tukang Nyemir Sepatu

Ing suasana terminal kang rame ana bocah tukang nyemir sepatu, kang  jenenge Doni. Dheweke duwe adhik wedok sing umure enem tahun. Wong tuane Doni wis pada mati. Bapake mati wis setahun kepungkur amarga kecelakaan. Yen ibune mati amarga lara. Doni mung urip karo adhine sing jenenge Dina. Wong loro kuwi urip mung pas – pasan. Doni saiki lungguh ing kelas telu SMP, amarga dheweke ngrasa ndak mampu lan ndak duwe duwit, Doni mutusne medot sekolah lan miwiti penggawean dadi tukang nyemir sepatu.
Doni mangkat nyambut gawe wiwit esuk sampek sore. Dheweke mesti ngejak adhike nalika nyambut gawe amarga ora tego ninggalne adhike dewe ning omah. Saben dina dheweke mesti ngubengi terminal karo gendong adhike lan gowo tas sing isine barang tingge nyemir sepatu. Sakwise Doni nyemir sepatu, dheweke langsung menyang warung tuku sebungkus  sego karo lawuh tempe tingge adhine lan deweke.
Ing sawijining dina nalika ing dalan sing diliwati, ana toko sing adol roti ulang taun lan es krim .Banjur adhine omong ning Doni “mas isa dak yo aku pas ulang taun ditukokne roti ulang tahun lan es krim?”. Sakbanjure ngrungokake omongane adhine, Doni meneng lan bingung. Dheweke ,mikir piye carane gen dheweke iso nukoake adhine roti ulang taun lan es krim, dene upah sing dheweke trima mung iso ditukokake sego sak bungkus karo lawuh tempe wae. Banjur dheweke mulih karo rasa susah ning atine.Dheweke sampek ora iso turu mergo mikirne kepinginane adhine
Ing dina esuk e Doni mangkat luwih esuk menyang terminal. Dheweke nitipne adhine marang tanggane. Doni luwih sregep anggone nyambut gawe supaya ngolehne duwit sing akeh lan supaya bisa nukokake roti ulang taun lan es krim sing dipingine adhine.Ing dalan arep mulih dheweke weruh ana mbah kakung sing lagi nandhang kesusahan. Banjur Doni nyedeki mbah kakung mau lan takon “Mbah tengnopo panjenengan kok ketawis susah ?” . Mbah kakung mau mangsuli yen dheweke luwe banget lan ora duwe duwit kanggo tuku panganan. Doni rumangsa mesakne karo Mbah kakung mau. Dheweke pengin mbantu, nanging dheweke mikir yen menawa duwite diwenehne marang mbah kakung mau, banjur kepriye adhine sing pengen roti ulang taun lan es krim. Banjur dheweke kelingan karo pituture wong tuane. Menawa sak angel – angele urip yen kita isih bisa nulungi wong liya, mula kita kudu nulungi. Mula Doni menehi sewetara dhuwit kanggo Mbah kakung mau.
Nalika teka omah, dheweke langsung dirangkul adhine. Doni rumangsa salah lan jaluk sepura marang adhine amarga ora bisa menehi apa sing dikarepake. Adhine mung mesem lan ujar “Ora apa – apa mas, mas eneng karo aku wae aku wes marem banget. Doni langsung nangis lan ngrangkul adhine. Dheweke ngucapne matur suwun amarga adhine ngerti kahanane.
Saya suwe, Doni rumangsa yen adhine butuh sekolah supaya ora koyo dheweke. Akhire dheweke berjuang supaya adhine bisa sekolah. Kabeh penggawean ditindakake supaya entuk duwit akeh. Nanging upah kasebut ora cukup kanggo nyekolahne adhine. Doni wiwit nesu lan nyerah. Nalika mulih saka penggaweane Doni mrengut lan ora gelem ngobrol karo sapa wae, kalebu adhine. Yen ditakoni Doni omong lek dheweke mung kesel sak wise kerja.
Doni ora iso turu amargo terus mikirne babagan kuwi. Akhire dheweke ndonga njaluk tulung marang Gusti Allah supaya digampangne segala tumindak sing dilakoni dheweke. Sakwise ndonga, Doni rumangsa tenang lan dheweke uga rumangsa luwih semangat anggone golek duwit.
Ing dina sesuk e Doni budhal isih esuk kanggo nyambut gawe. Dheweke nguatne tekad supaya adhine bisa sekolah. Dheweke ngubengi terminal karo mbengok – mbengok nawarake jasa nyemir sepatu. Ing wektu kasebut terminal  katon sepi, nanging doni ora putus asa nawarake jasa semir sepatu.Nalika Doni putus asa dheweke  mesthi bakal marang wong tuane lan adhine.
Ing sawijining dina nalika ngubengi terminal,ana wong kang nyedak i dheweke kanggo nyemir sepatu. Wong lanang mau sugih banget, sandhangan lan sepatune katon larang. Doni sampek kaget anggone ndeleng. Wong lanang iku uluk salam marang Doni lan ngenalake jenenge. Jeneng e wong kasebut yaiku Pak Subagyo. Pak Subagyo mara marang Doni arep nyemir sepatune sing ketok reget.
Doni miwiti nyemir sepatune Pak Subagyo kanthi semangat. Pak Subagyo banjur takon marang Doni nyapa kok kerja ora sekolah. Banjur Doni mangsuli yen dheweke medhot sekolah wiwit wong tuane ninggal lan wiwit saka iku Doni kerja kanggo nyengkuyung adhik e. Pak Subagyo melu iba krungu ceritane Doni.
Pak Subagyo banjur menehi dhuwit kang luwih kanggo Doni saka bayarane. Doni ora bisa nrima amarga iku duduk hak e. Nanging Pak Subagyo tetep kekeh lan ngomong menawa duwit mau upah e Doni lek nyambut gawe. Doni banjur nrima duit mau kanthi ati kang seneng.
Pak Subagyo uga nawakake pakaryan marang Doni. Dheweke nawarake kerja ing perusahaan kasebut minangka dadi tukang ngadahi semir sepatu. Doni sempet nolak tawarane Pak Subagyo amargo dheweke wedi ninggalne adhik e dewe ning omah. Pak Subagyo njelasne menawa ning gon perusahaane ana papan dolanan tingge anak e karyawan e. Doni banjur nrima tawarane Pak Subagyo.
Wiwit iku Doni mulai kerja ing gone Pas Subagyo. Ddheweke marem amargo iso nyukupi lan nyekolahne adhike. Dheweke uga ngucapne matur nuwun marang Pak Subagyo amarga wis ngekei pekerjaan kanggo dheweke.
3 tahun sawuse.
Sawise Doni rumangsa wis duwe dhuwit cukup, dheweke njaluk marang Pak Subagyo supaya bisa ninggalake perusahaane lan pengen duwe bisnis dewe. Pak Subagyo sebenere ngrasa kelengan menawa Doni metu saka perusahaan, amarga Doni wis dadi karyawan paling sregep ing perusahaane. Nanging Pak Subagyo ugo ora berhak nglarang Doni  mbukak bisnis dhewe. Pak Subagyo banjur ngolehi Doni metu saka Perusahaane.
Doni metu ing perusahaan iku lan miwiti mbangunbisnise dhewe. Bisnise ndeweke wiwit ngasilake. Dheweke dinobatne dadi pengusaha enom kang sukses sawetara pirang tahun bare.
Doni kelingan karo Pak Subagyo sing wis mbantu dheweke mbien. Doni duwe niatan pengin ketemu Pak Subagyo. Bareng tekan omah e Pak Subagyo Doni kaget amargo omah kasebut wis ora dienggoni Pak Subagyo. Dheweke takon ning ngendi – endi  kira – kira Pak Subagyo pindah. Doni golek info ing sekitar omah e. Nanging ora enek sing ngerti ning ngendi omah e Pak Subagyo. Doni ora putus asa anggone golek i Pak Subagyo. Nalika ndeweke leren ing pinggir dalan arep tuku gorengan, Doni kaget banget nalika weruh Pak Subagyo sing dodol gorengan kasebut.Doni langsung ngrangkul Pak Subagyo lan ngomong “pak, kula sampun madosi panjenengan ing ngendi -ngendi. Napa panjenengan sak niki kok kados mekaten?”. Pak Subagyo mangsuli “yen usahaku bangkrut amarga kalah saingan”. Dheweke terpaksa adol gorengan konggo nyukupi kebutuhan keluwargane. Banjur Doni di ajak ing omahe Pak Subagyo. Doni kaget banget nalika ndeleng omah e Pak Subagyo. Omah e ora terawat lan ora layak dienggoni. Doni nawari Pak Subagyo supaya manggon ing omah e . Nanging Pak Subagyo nolak tawarane Doni amarga ora pengen nyusahne Doni lan adhik e. Doni nyauri menawa Pak Subagyo wis dianggep dadi keluargane dewe.
Lan akhire Pak Subagyo lan garwane gelem manggon bareng doni lan adhik e ing omah  sing digawekne Doni. Kabeh pada urip seneng kaya keluargane dewe. Doni uga iling karo pituture wong tuane menawa kacang ora oleh lali karo kulite. Kang tegese kita ora oleh nglalekakne saka ngendi asale kita lan kita ora oleh pepes ati marang kahanan kita nalika oleh coba saka Gusti Allah.






Penulis : Sofia Fitrianingrum
Kelas : XII IPA 3
Absen : 29
Sekolah : SMAN 1 DURENAN






No comments:

Post a Comment