Dalan Setapak Gusti
• Paraga Utama : Malik (Pawakane duwur, rambute lurus rapi, kulite kuning).
• Paraga Sampingan :
1. Fatimah (ibune Malik) : Praehane resik, iyup, lan kalem, kudungan.
2. Diyah : Pawakane cilik, kudungan, mripate blalak-blalak)
3. Fatih
4. Iman
5. Bagus
Malik, bocah saka keluarga sing ekonomine pas-pasan. Dheweke yatim ing umur 6 tahun. Ibune jenenge Fatimah, penggawehane dodolan sayur ing pasar. Malik bocah sing alim lan ngabekti marang wong tuwane. Saiki umure wis 17 tahun, dheweke nduweni tekad bisa sukses lan nggawe wong tuwane bangga.
Suara adzan subuh sesautan, sang surya isih durung ngetoake awake. Malik tangi saka ngipi endahe, langsung nyandak banyu wudhu. Sholat subuh ing masjid iku wajib kanggu Malik, masio njobo isih peteng lan hawane adem dudu alasan kanggo ninggalake sholat jamaah subuh. Sakwise jamaah,Malik langsung ewang ibune nyiapake dagangan lan budhal menyang pasar. Sakduruge budhal, Malik uga nggawa tas sekolahe lan nganggo seragam pisan supaya bisa langsung mangkat sekolah.
Jam 04.30 WIB, Malik lan ibune mmagkt numpak sepedah onthel menyang pasar. Suwene 15 menit, Malik lan ibune teko pasar. Maik ngewangi ibune noto dagangane,
"Uwis lee... budhalo sekolah wae, iki ben ibu we sing nandangi." ibune dhawuh,
"Mboten menapa buk e... niki ttakih jam gangsal, supaya enggal rampung noto daganganipun niki." saurane Maik karo noto sayur,
"Uwis uwis, kene, mengko klambimu reget, wis budhalo. Kari thithik iki ben ibu wae." ibune ngrayah,
"Hmm... inggih bu lek ngoten kulo pamit nggih, assalamualaikum." Malik budhal menyang sekolahan,
"Waaalaikum salam."
Teko sekolahan Malik langsung markir sepedahe banjur mlaku menyang kelase, 12 MIPA 7. Ing kelase kanca-kancane wis padha sibuk karo PR e dhewe-dhewe. Malik uga ndelok PR sing wis digarap lan ditakokne menyang kanca sandinge. Jenenge Diyah, bocah ayu sing pawakae cilik nanging mesthi ketok semangat an bersahaja, bocahe pinte lan ora akeh omong. Malik kerep takon masalah peljaran menyang Diyah amargi Diyah bocahe pinter lan awehan, ora eman yen ana kancane sing takon masalah pelajaran.
Ing wayah istirahat Malik menyang mushola, arepe sholat Dhuha. Ananging pas liwat mading dheweke moco pengumuman ana seleksi melbu grup balbalan tingkat kabupaten. Malik kepengen banget iso melbu grup iku, mesthi yen ibune bakal bngga karo Malik. Banjur dheweke ekat-eket daftar menyang panitia sing ana noer telpon e ing mading wau. Tibake wis ana kanca-kanca balbalane Malik aing wis daftar, yaiku Fatih, Iman, lan Bagus. Malik langsung nemoni kanca-kncane kui.
"cah, kowe kui ana berita apik ok ora kandha aku." Malik nyeluk kancane karo suara pegel,
"Berita opo lo lik?" Fatih bingung karo pitakone Malik,
"Ana seleksi melbu grup balabalan kabupaten. Kowe wis dhaptar dhisik, aku ora kok omongi." Malik mrengut,
"Hahaha... iyo lik, lha maemg kowe tak gogolki ora temu, mulane kita dhaptar dhisik." Bagua nyauri karo ngguyu kerana weruh wajahe Malik sing mrengut,
"Yowis lah lik, ojo mrengut ngunu, kowe wis dhaptar opo durung?" Iman nyaut,
"Uwis man." Malk nyauri cekak,
"Lha yo uwis ngunu. Piye upomo mengk sorebar muleh sekolah, awake latihan bareng?" towone Iman,
"Iyo, ayo, ayo setuju..." Fatih, Bagus, lan Malik semangat.
Sakbare dhaptar seleksi blbalan iku, saben dina sakbare muleh sekolah bocah papat kui meathi latian bareng. minggu ngarep wi seleksi ing stadion Gadjah Mada. Bocah papat kui latihn ing lapangan ngarep seolahane. Semangate Maik membara, ibune Malik, Fatimah, aenwng nyawang anake semangat mburu cita-citane. ibune menehi wejangan kanggo Malik supaya dhewee usaha sing jujur lan digandengi karo donga.
"Le... ibu seneng nyawang usahamu ngunu kui. Nanging sampean gandengi usahamu karo donga yo le... Gusti Allah kuwi luwih ngridhoi hambane ang tawakkal." dhawuhe Fatimah,
"Inggih bu, matursuwun wejanganipun. Kulo nggih nyuwun restu saking panjenengan bu..." Saurane Malik karo ngambung tangane ibune,
"Iya le..." saure ibune.
Semiggu wis keliwati. Esuk iki Malik lan kanca-kancane wis siap ing ngarep sekolahane karo nyangklong tas isine klambi, andhuk, banyu, lan dhata-dhata liyane kanggo lomba. Malik lan kanca-kancane budhal menyang stadion diterne guru olahraga ne numpak mobil. Diyab nyawang saka kadohan lan ndonga ing njero ati " Ya allah, mugo-mugo lombane kanca-kancaku lan Malik lancar lan kasil, aamiin...".
ing stadion wis akeh bocah-bocah latihan nggiring bal, pemanasan, mlayu-mlyu, lan liyo liane. Malik lan kanca-kancane langsung ganti klambu banjur pemanasan. 15 menit sakwise ana pengumuman yen seleksi si lekasi 5 menit engkas. Kabeh bocah wis siap neng nggone dewe-dewe.
Sesuk isuk e pengmuman wis di pasang ing mading sekolahan. Kabut isih peteng, Malik wis ora sabar ndelok pengumuman olehe seleksi. Dheweke mlayu menyang papan mading. Donga-donga wis dipanjatake,usaha-usaha wis di perjuangake. Anangin keputusan iku sig nyekel Gusti Allah, ora ana manungsa kng bisa ngowahi iku.
Bel wis muni, siswa lan siswi padha melbu kelase dhewe-dhewe. Ing kelas, Diyah lagi sinau. Malik teko kelase, lungguh ing bangku sandinge Diyah koyo biasane.
"Malik piye hasilmu seleksi dekwingi?" Diyah takon kanthi penasaran,
"Sampean opo ndak yo wis weruh dewe?" jawab Malik cekak,
"Aku durung weruh, Lik. Aku durung ndelok".
Malik langsung ngalih lan pamit dhateng Pak Guru menawa dheweke badhe menyang jedhing. Diyah bingung, saktenane Malik kuwi nyangapa? lan Malik lolos seleksi opo ora?.
Pas wayah muleh, Malik langsung njupuk sepedahe banjur muleh. Ora kaya biasane sing Malik omong-omongan dhisik karo Fatih, Iman lan Bagus. Fatih ngiro Malik isih durung bisa nerima kenyataan yen dheweke ora lolos seleksi. Antarane bocah papat kui amung Fatih lan Iman sing lolos seleksi. Bagus yo ora lolos seleksi, nanging Bagus nampa hasile kanthi ikhlas.
Diyah papasan karo kanca-kancane Malik pas arek mlaku menyang papan mading.
“Cah cah... piye hasile?” takon Diyah ujug-ujug,
“Hasile seleksi balbalan dekwingi..” jawab Diyah,
“Owalah...” jawab Fatih, Iman lan Bagus barengan,
“Iyo... piye?” takon Diyah karo penasaran,
“Aku karo Malik ora lolos, Yah.” Bagus njawab kanthi lemes nanging atine ngusahaake sabar,
“Astaghfirullah...” Diyah kaget, kerana iki Malik ora ketoro apik dina iki.
Ing omah Malik kandha menyang ibune menawa dheweke ora lolos seleksi.
“Bu, kulo mboten lolos.” Malik kandha menyang ibune karo mbrebes,
“Lik, kabeh kedadean sing wis di temtoake menyang Gusti Allah ora liwat seleksi iki yo ora bakal dadi lee... Ojo pepes ati, isih ana dalan liyo...” ibune Malik kandha karo ngelus sirahe Malik’
“Inggih bu... nanging atiku saiki lara banget bu. Astaghfirullah, aku kudu pripun bu?” Malik nyelot akeh banyu mripate,
“Saiki sampean tawakkal meyang Gusti Allah le... Wudhu terus ngaji kono, supoyo tenang atimu.” Ibune nenangake, karo ngusap tangise Malik,
“Inggih bu...” Malik wudhu banjur ngaji menyang kamare.
Sesuk esuke Malik sekolah karo semanagat sing anyar. Dheweke janji bakal usaha maneh sekuat sing dheweke bisa. Ora suwi maneh kelulusan, Malik fokus karo pelajaran. Dheweke kerep sinau bareng kanca-kancane, uga karo Diyah. Diyah kerep menehi semangat menyang Malik menawa dheweke kudu lulus karo nilai sing apik supaya bisa ninggalake ibune.
“Malik, sampean kudu lulus karo nilai apik supaya ibumu bangga.” Diyah kandha pas sinau karo Malik ing kelas,
“Iyo yah...” jawab Malik semangat karo mesem, Diyah amung manthuk lan neruske sinaune,
“Koyone nilaiku mbesok luwih apik saka nilaimu.” Malik nyoba nggoda Diyah,
“Hmmm... paling.” Jawabe Diyah datar,
“Awake kudu bersaing.” Malik nantang Diyah karo nyoba nggoda, nanging Diyah panggah fokus karo sianune.
Seminggu ulangan Nasional di lakoni. Pengumuman nyatakake Malik nilaine paling apik sak sekolahan, ngalahake Diyah. Malik lulus karo nilaipaling dhuwur. Dina iki wisuda, ibune Malik pidato singkat ngenani penghargaan sing di olehake dheweke, menawa dheweke bocah sing duwe nilai UN paling dhuwur sak sekolahan.
"Assalamualaikum wr.wb, Alkhamdulillahirabbil 'alamin. Matursuwun kulo aturaken dhumateng Gusti Allah SWT kerana sampun menehi kesehatan lan rahmatipun dhateng kulo sahingga bisa hadir ana mengkene. Matursuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbimbing kulo sahingga kulo ngangsalake nilai ingkan sae, lan kanca-kanca kabeh, kerana awakmu kabeh aku bisa berjuang lan semangat sinau ing sekolah iki, matursuwun.... Dhateng ibu, matursuwun ingkang sekathah-kathane... kulo saget bangkit lan mboten putus asa saka atur lan dhawuhipun panjenengan. Sekabehane ingkang kulo angsalaken niki kanggo ibu lan almarhum bapak. Kanca-kanca, percaya a yen Gusti Allah iku nduweni siji dalan ingkang sae kanggo kita kabeh. Apa wae sing kita usahakake ora ana ingkang sia-sia. Bakal ana wayah sing tepak kanggo kui. Dadi aja gampang pepes ati lan semangat terus. Percaya karo dalan setapakipun Gusti ingkang khusus kanggo sampean.". atur Malik dowo.
Penutup sing apik lan mancep ing ati. Kawit saka kui Malik berjuang kanggo nerusake sekolahe ing perguruan tinggi. Dheweke kepengen dadi pengusaha sukses. Ibune amung bisa ndongakake usaha anak tunggal e kui, neng njero ati ibune Malik ngucapake syukur lan seneng kerana anake sing semangat mujudake cita-citane.
Rampung
Penulis
Nama : Rossi Alysia Noor
Nama : Rossi Alysia Noor
Kelas : XII MIPA 3
No.absen : 25
Asal Sekolah : SMA Negeri 1 Durenan
No comments:
Post a Comment