NGGAYUH CITA-CITA
Dening : Rizky S. W.
Fatimah, salah sawijining murid ing pondok pesantren Al-Falah. Dheweke mondhok karo sekolah umum ning kono. Perawakane cilik,kulite kuning langsat. Asale saka Desa Durenan. Keluargane urip sarwa kekurangan. Nanging dheweke nduweni cita-cita kang dhuwur.
Dheweke kepingin dadi sarjana lan ngulang ning pondok pesantren. Kepinginan kuwi angel diwujudake amarga keluargane sarwa kekurangan. Nanging Fatimah ora putus asa, dheweke tetep sinau sing sregep supaya cita-citane kawujud.
Saiki Fatimah lagi sinau kangge USBN amarga dheweke wis kelas telu aliyah. Rencanane sak bare lulus kelas telu aliyah, Fatimah arep nerusne kuliah ning Malang. Nanging kahanan keluargane isih dadi kendala. Keluargane kurang setuju amarga kuliah kuwi biayane larang. Nanging Fatimah tetep semangat pingin kuliah nganti dadi sarjana.
Fatimah nduweni kanca cedhek kawit cilik. Jenenge Tika, awake cilik, dhuwur,lan kulite sawo mateng. Tika cedhek banget karo Fatimah, ning ngendi ae mesti bareng. Tika omahe ora adoh saka Fatimah, jarake mung telung omah saka omahe Fatimah. Tika uga nduweni cita-cita sing dhuwur,nanging bedane keluargane Tika sarwa cukup. Tika ora nduweni sifat sombong kaya wong-wong sugih sing liiyane, dhewekw malah nduweni sifat sing andhap asor lan apikan banget. Dhewekw ndukung kekarepane Fatimah sing pingin kuliah, uga pingin berjuang bareng karo Fatimah. Dadine bocah loro kuwi tansoyo cedhek maneh.
Sakwise sholat maghrib Fatimah lan Tika lagi omong-omongan ning kamare. “Rencanane arep njupuk jurusan opo Fat ?” pitakone Tika. Fatimah banjur njawab “Aku pingine njupuk Pendidikan Agama Islam, lha awakmu pingine njupuk jjurusan opo Tik ?” Tika isih mikir-mikir opo jurusan sing bakal dijupuk, banjur omong “Emm…aku pingine njupuk jurusan Farmasi, koyone aku dhemen sing berhubungan karo kesehatan tapi ora pingin dadi dokter. Sakbare tak piker-pikir aku pingin njuppuk jurusan Farmasi ae.”
Sakwise omong-omongan, bocah loro kuwi langsung sinau kanggo USBN minggu ngarep. Sakbare kuwi Fatimah lan Tika langsung sholat isya’ lan langsung turu.
USBN dilaksanakake pitung dina saka dina iki nganti minggu ngarep. Fatimah lan Tika ngerjakne USBN kanthi yakin, ora lali sinau teru lan do’a. sebulan sakbare kuwi, Fatimah lan Tika ana jadwal UN, bocah loro kuwi sinau lan do’a terus nganti UN wis dilaksankake.
Dina iki pengumuman hasil UN diumumne. Fatimah lan Tika ndhilok bebarengan. Alhamdulillahe bocah loro kuwi lulus kanthi nilai sing apik, loro-lorone seneng banget ngaweruhi kuwi. “Alhamdulillah awake iso lulus Tik !!!” Fatimah ngomong kanthi bungah. “Iyo, akhire awake iso lulus. Nilaine uga apik pisan !!” Tika njawab uga kanthi bungah.
Saiki wektune Fatimah lan Tika mulih ning omahe dhewe-dhewe, nyiapne sembarangane kanggo daftar ning universitas. Tika wis oleh izin lan dukungan saka wong tuwane, tapi Fatimah isih berjuang ngolehne izin lan dukungan saka wong tuwane.
Fatimah lagi ana ning ruang tamu omahe karobapak lan ibune lagi ndilok tv. Fatimah arep ngomongne soal rencanane kuliah Pendidikan Agama Islam. “Aku nyuwun izin lan dukungane panjenengan supaya aku luwih semangat maneh sinaune.” Fatimah matur kanthi ati sing deg-degan. “Aku wis ngomong Ndhuk, yen bapak lan ibumu iki ora kuat ngragati kuliahmu kuwi. Uripe awake kuwi pas-pasan Ndhuk.” bapake Fatimah njawab kanthi sabar. Banjur Fatimah njawab “Tapi aku panggah pingin merjuangne cita-citaku Pak,Bu!” ibu banjur ngomong “Sing diomongne Bapakmu kuwi bener Ndhuk. Kuliah kuwi ragate akeh banget. Ibu lan bapak ora bakal kuat ngragati.”
Pikirane Fatimah kebak sembarangane. Fatimah pingin nguber cita-citane, tapi wong tuwane ora bias ndhukung kekarepane. Fatimah ndhuwe pikiran yen dheweke bakal kuliah nyambi kerja ae. Banjur dheweke ngomongne kekarepane kuwi marang bapak lan ibune. “Pak,Buk. Kepriye saumpamane aku kuliah nyambi kerja wae ?” Bapak lan ibune Fatimah isih mikir-mikir ngenani omongane Fatimah. Banjur ibune Fatimah ngomong “Kuliah nyambi kerja kuwi angel Ndhuk. Awakmu bakal angel ngatur wektumu. Ibu lan bapak ora setuju !” bapake Fatimah banjur ngangguk. “Insya Allah aku iso Pak,Bu. Aku bakalan bejuang sebisaku supaya aku dadi wong sukses lan iso mbahagiakne bapak lan ibu.” Ibune Fatimah arep nangis krungu kuwi, seneng lan bangga banget karo anake sing ndhuwe tekad kuat. Tapi dheweke ora bisa apa-apa maneh. Kahanan keluargane sing sarwa kekurangan iki dadi alas an dhewekw ora bisa ndhukung kekarepane Fatimah. Bapake Fatimah ngomong “Awakmu ora bakal iso Ndhuk! Kuliah ae wis abot opo maneh kok nyambi kerja, awakmu ora bakal iso Ndhuk !! Pokoke bapak ora setuju !!!” Fatimah ndhredhek bapake ngomong kanthi emosi sing dhuwur. Banjur dheweke ngewanikake ngomong “Pokoke aku tetep pingin nerusake sekolahku ning Universitas Malang Pak,Bu. Aku bakalan nyambi kerja. Iki keputusanku sing terakhir.” Ibune Fatimah wis nangis sesenggukan nyawang Fatimah lan bapake cekcok. “Obate ngengkel kuwi ora enek. Yen ancen keputusanmu ngono bapak wis ora iso ngelarang yo nyatu awakmu kuwi mbanggel. Dilarango awakmu wis ora nggugu. Wis sak karepmu !!!” bapake Fatimah ngomong banjur ngaleh saka ruang tamu. Fatimah dadi melu nangis karo ibune teko bengi.
Sesasi sak bare kejadian ning ruang tamu kae, Fatimah mutusne melu tes mlebu universitas lan alhamdulillah lulus lan ketompo ning universitas lan jurusan sing dipingini. Bapak lan ibune Fatimah ngaweruhi yen dheweke melu lan lulus tes mlebu universitas. Nanging amarga kejadian kepungkur, bapake Fatimah ora kethok seseneng ibuke Fatimah sing katon seneng banget marang kabar kuwi.
Fatimah lan Tika ketompo ning universitas sing podho tapi beda jurusan. Banjur wong loro kuwi mutusne ngekos ning kos-kosan sing podho. Nalika Fatimah arep mangkat ana ing Malang,dheweke pamit marang bapak lan ibune. Senajan ora ndhukung kekarepane Fatimah, bapak lan ibune uga ngerasa ora tega ngeculake anak semata wayange ning nggon sing adoh.
Watara jam 11, Fatimah lan Tika teko ning Malang ana ing kos-kosane. Dina sesuke loeo-lorone wiwit anggone kuliah. Kalorone semangat banget arep nggayuh cita-citane lan saling nyemangati. Fatimah dadi luwih semangat maneh amarga disemangati Tika, senajan wong tuwane ora ndhukung.
Sakwise patang tahun anggone kuliah, Fatimah karo Tika wis lulus saka Universitas Malang.Wisuda kalorone podho-podho ditekani wong tuwane dhewe-dhewe. Ora suwi saka wisudane, Fatimah oleh kerjaandadi guru ning pondhok pesantren anggone dheweke sekolah mbiyen. Dheweke didhadhikake guru Agama Islam ning kono, lan Tika dadi apoteker ana ing rumah sakit sing gedhe. Kalorone dadi wong sing sukses saiki.
Mulih saka Malang, Fatimah lan Tika mulih ning omahe dhewe-dhewe. Wong tuwane Fatimah seneng lan bangga banget nyawang anake sing saiki dadi wong berpendidikan lan uga wis oleh kerjaan. Atine sing sakdurunge isih kurang seneng karo kekarepane Fatimah , saiki wis luluh amarga keberhasilane anak siji-sijine kuwi. Saiki, hubungane Fatimah lan wong tuwane malih apik banget.
RAMPUNG…..
Penulis
Nama : Rizky Septiana W
Kelas : XII IPA 3
Sekolah : SMAN 1
No comments:
Post a Comment