Sunday, 29 September 2019

GAYUH LINTANG | Cerita Cerkak Bahasa Jawa


GAYUH LINTANG

        Esuk iki jago kluruk bebarengan karo sorote srengenge. Jenenge Maryanti Ekasasti, bocah kelas 12 SMA ing kutha Kediri. Saben esuk deweke ngewangi mamak lan bapake ana ing pasar. Yanti saka keluarga sing ora nduwe lan deweke kudu nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhane. Sabanjure Yanti ana ing pasar deweke banjur budal sekolah, sekolahe ora adoh lan deweke mlaku ing sekolah. Yanti ora klebu wong kang pinter, nanging deweke ulet ing usaha deweke duwe kekarepan kepingin ngerubah nasib keluargane. Yanti kepingin mbantu ekonomi keluargane, deweke banjur sregep anggone sinau supaya deweke bisa kuliah lan sukses utawa deweke iso ketompo kerja ing panggon kang sae. Yen ngomongne babagan kepinginane Yanti sabanjure SMA, deweke bakal nyauri yen deweke kepingin kuliah ing UGM nanging deweke mesti ngguyu lan mrebeg, deweke sadar UGM iku kampus kang apik, akeh digandrungi dening siswa/siswi lan biayayane uga larang, deweke sadar yen ibu lan bapake ora bakal sanggup nyekolahne deweke ing UGM. Masio jalaran kuwi deweke tetep pingin kuliah ana ing UGM lan deweke bakal golek jalaran supaya bisa ketampa ing UGM tanpa gawe susah ibu bapake.

        Ing sore tanggal 18 Agustus Yanti isih ana ing ngarep kelas, deweke banjur dicedaki dening Heri. Heri iku bocah lanang ganteng, apikan, sumeh, gedi duwur, sopan santun, tur anake wong sugih,deweke siji angkatan karo Yanti nanging beda kelas lan uga digandrungi akeh wong wedok. Yanti bingung nyangopo Heri nyedaki deweke. Heri banjur omong ‘’Yanti, aku oleh lungguh ana cedakmu?’’ takone Heri kanthi ragu. ‘’Oleh, monggo’’ srawung Yanti. ‘’Yan, aku kepingin ngomong karo awakmu tapi aku wedi yen awakmu bakal nesu karo aku’’ takone Heri kanthi ragu. “Yo apa ta Her, ngomong ae urung kok nesu, westa omongo ae aku ora bakal nesu” sambung Yanti. “Saktenane ngene aku ki demen karo awakmu Yan, wes suwi. Aku duwe rasa marang sliramu” kandane Heri kanthi tenanan. “Rasa? Rasa kepriye maksutmu Her?” takone Yanti karo kaget. “Iya lo Yan, aku demen karo awakmu iku wes sui” teges Heri. “Awakmu ki ngomong apa ta Her???” takone Yanti ngepastekne omongane Heri. “Aku ki demen karo awakmu Yan, kuwi seng kepingin tak omongne. Awakmu aja nesu ambi aku ya?” sambung Heri. “Ora Her, aku ora nesu karo awakmu. Tapi, aku ora iso nerima apa seng kok omongne iku, dak jaluk awakmu ngerti” sambung Yanti. “Iya Yan, aku ngerti. Yaweslah aku arep balek muleh” tutup Heri karo mlaku ngaleh. Yanti banjur nguwasne Heri, sabanjure iku deweke bablas mlaku muleh.

        Sesuke, Yanti budal sekolah. Ing tengah dalan deweke diceluk dening bocah seng ora liya maneh yaiku, Heri. “Yanti.... “ sapa Heri. “Eh Heri, dungaren awakmu kok mlaku iki meng, nangdi sepedha mu?” takon Yanti. “Oalah, kuwii. Sengojo ae kepingin mlaku karo pisan-pisan ngerasakake asrine hawa esuk” sambung Heri. “Eh, tapine aku iya ser mlaku karo awakmu hehehe” sambung Heri maneh. Yanti mung ngguyu. Ora watara suwi deweke wis teka ana ing sekolahan. Ing ngarep pintu gerbang ana akeh kanca-kanca Heri, Yanti banjur di pojok-pojokne ambi kanca-kanca Heri. Ing kana Yanti isin, deweke banjur cepet-cepet mlaku ngaleh. Ing kelas kabar cedeke Yanti karo Heri wus kaya srengenge seng saben esuk metu, Yanti kerep di gojloki anggone bebarengan karo Heri nganti Yanti dewe anyel, Yanti banjur omong karo Heri yen deweke ora pingin ana kedadean kaya mangkene. Heri paham deweke banjur ngomong yen deweke karo Yanti ora ana hubungan apa-apa, sabanjure kedadean kuwi kondisi sekolahan wes mbalek kondusif. Dina klewat dina, anggone kekancan Heri karo Yanti tansoyo raket, gosip-gosip uwes ora kesebar maneh amarga wes kebukti yen bocah loro ora ana hubungan apa-apa,masio saktenane Heri pancen duwe rasa marang Yanti.

           Ing pungkasan dina Heri seng sadurunge ora sregep anggone menyang perpus banjur sregep menyang perpus amarga deweke kerep ngeruhi Yanti ana ing perpus. Awale deweke mung kepingin cedak karo Yanti, nanging soyo dina deweke isa belajar saka Yanti, yen perpus iku akeh fungsine. Deweke banjur sadar yen apa sing di weruhi ing kelas iku isih terbatas lan wacanan ing perpus iku akeh gunane. Deweke uga kelingan yen sasi ngarep iku uwes akeh kegiatan kanggo kelas 12 kayata Try Out, Ujian-Ujian, lan telu sasi ngarepe uga ana UN. Deweke banjur golek referensi bahan bacaan supaya anggone ujian bakal lancar. Ing kana deweke sadar yen cedake deweke karo Yanti iku gawa deweke ana ing kegiatan positif. Yanti uga seneng amarga Heri maleh sregep anggone sinau. Ing dina liya Heri banjur nakoni Yanti babagan persiapane deweke ngadepi UN. Yanti banjur muni yen deweke uwes siap ngadepi UN, ana ing sisi liyan Yanti banjur takok menyang Heri babagan kuliah, “Her, aku oleh takok menyang awakmu ta?” takon Yanti. “Oleh, loss arep takok apa?” sambung Heri kanthi bungah. “Ngene lo Her, aku ki urung ngerti masalah kuliahan, kayata carane daftar lan perkara liane” takon Yanti kanthi bingung. “Oalah, kuwi ta. Dadi e ngene saiki tak takoni, awakmu kepingin kuliah ana ing ngendi?” takon Heri penasaran. “Oh.... kuwi ta... anu... Her, yen pancen isa aku kepingin kuliah ana ing UGM” jawabe Yanti karo ragu. “Wohh sip, apik kuwi. Nah dadie ngene Yan, kan awakmu wes duwe kepinginan cara selanjute persiapno anggonmu sinau supaya bisa ketompo ana ing UGM. Masalah daftar gampang, mengko awakmu daftar tak dampingi wes, kepener, aku ya pingin kuliah ing UGM” teges Heri. Yanti banjur ngiyani apa sing di sarane dening Heri. Sesasi, wes kelewat. Ora krasa dina sesuk iku wis UN. Yanti banjur mersiapne anggone UN. Ing atine deweke lega amarga deweke wus daftar SNMPTN ing UGM lan deweke mung kari nunggu hasile.

         Papat dina wes kelewat, UN wis rampung deweke banjur ndunga supaya hasile UN bakal muasake ati lan nilaine UN bakal apik, ora lali deweke uga ndungo supaya kepinginane kuliah ana ing UGM isa kewujud. Minggu ngarep dadi dina sing ditungu-tungu dening kabeh bocah kelas 12 amarga ing dina kuwi pengumuman SNMPTN di buka. Yanti atine dredek, deweke mikir, apa iya bocah koyo deweke isa lulus SNMPTN ing UGM. Deweke wedi. Ora let suwi Heri teko ana ing omae Yanti, Yanti dredek deweke bingung yen Heri takok deweke kudu nyauri piye. Yanti sing bingung mung isa meneng sampe-sampe Heri melu bingung. “Yan, awakmu ginio ta?” takon Heri. “... E... eh apa nyapo?” sapa Yanti. “Nyapo piye ta, ana apa? Cerita jal karo aku” sambung Heri. “Her, aku urung eruh piye hasile SNMPTN ku, aku ora ngerti carane ndelok Her, piye iki.. Piye?” takone Yanti karo gupuh. “He tenang, tenang. Aku rene ki ya mergo arep ndudoi awakmu hasile. Wes tenango kan enek aku hehe” sambung Heri. “Her aku ki tenanan lo aja kok jak guyon” teges Yanti. “Iya tuan putri” sambung Heri. Heri banjur bukak laptope, ing kana deweke banjur bukak situs SNMPTN lan banjur goleki jenenge Yanti. Yanti kaget jenenge deweke ana ing daftar yen deweke ketompo kuliah ana ing UGM liwat jalur SNMPTN. Yanti seneng deweke ora iso ngomong apa-apa, saking senenge deweke banjur mbengok banter, Heri sing ana ing kono kaget, deweke njumbul. Yanti seng sadar karo polahe banjur meneng mergo rumangsa isin. Pipine abang, nanging deweke ora isa ndelikne kebungahan atine. Yanti lega atine, deweke marem perjuangane selama kelas 10 nganti kelas 12 terbayar inf hasile SNMPTN. Yanti banjur nyopo Heri, “Suwun Her, awakmu wis ngewangi aku” sapane Yanti. “Iya Yan podo-podo” jawab Heri. “Eh tapi, piye hasile SNMPTN mu Her?” takok Yanti penasaran. “Oalah kuwi, alhamdulillah aku yo ketompo ana ing UGM Yan” jawab Heri. “Alhamdulillah” sambung Yanti. “Iki kabeh ya mergo awakmu lo Yan (ngguyu), yen awakmu ora nyadarne aku sinau mungkin isa ae aku ora bakal ketompo” sambung Heri. “Ora lah, kuwi ki pancen usahamu Her, aku kan ngomongi ae merga aku kancamu” jawab Yanti. Heri banjur ngguyu, lan deweke omong-omongan suwi karo Yanti. Ora krasa dina wes soyo sore, Heri banjur pamitan muleh.

            Ora watara suwi, banjur ana pengumuman ngenani UN. Yanti tenang, deweke tansah ngarep sing apik kanggo hasil UN e. Deweke kaget amarga ing papan pengumuman sekolah jenenge ana ing urutan kaping siji kanthi nilai UN sing isa di omongne arep sempurna, yaiku 38,45. Ing ngisore urut kaping loro ana Heri Sulistyo kanthi nilai 36,40. Ora lali deweke banjur ngucapne selamat ana ing Heri. Deweke lan Heri banjur oleh penghargaan saka sekolah amarga nilaine apik nomer siji lan loro ora mung ana ing sekolahan nanging uga nomer siji lan loro ana ing Kabupaten. Sabanjure pengumuman UN iku Yanti banjur muleh lan omong marang bapak ibuke ngenani nilai UN lan ngenani keputusane kanggo nerusne kuliah ana ing UGM. Sawise teka omah, Yanti banjur omong marang bapak lan ibuke, ing kana atine cuwo amarga bapak lan ibuke omong yen ora duwe biyaya kanggo nyekolahne ana ing UGM, ora mung nang kono wae bapak ibuke banjur omong yen UGM kuwi kampus sing apik, mungkin wae Yanti iso mlebu kuliah ana ing kana tapi durung karuan awakmu sanggup nerusne urep ana ing adoh paran amarga bapak ibuke ora duwe biyaya. Yanti banjur bingung, amarga kepinginane rodok angel kewujud. Deweke banjur rodok putus asa ngenani kedadean sing deweke alami. Ing tengah kedadean kuwi, deweke kelingan Heri. Deweke banjur takon mrnyang Heri ngenani ora sanggupe deweke kuliah ana ing UGM. Heri paham, deweke banjur menehi pengertian marang Yanti lan Yanti banjur omong menyang bapak lam ibuke ngenani babagan perkuliahan. Ing kana bapak lan ibuke yanti ora iso apa-apa, amarga Yanti wus bulat tekad lan bapak ibuke Yanti akhire ngizini Yanti kuliah ana ing UGM nanging ora iso ngebantu akeh. Ing kana Yanti bunggah atine, deweke janji bakal kuliah tenanan lan bakal isa mbalek kanthi mbahagiakne wongtuwane.

          Sasi ngarep, deweke banjur budal ing Yogyakarta karo Heri. Sabanjure teka ana ing Yogyakarta Yanti dijak Heri muleh ana ing omae Bu Dhe ne Heri jenege Budhe Diyah. Bu Diyah iku uwonge gedi duwur lan persis karo ibuke Heri. Yanti banjur dikenalne Heri ana ing Bu Diyah lan Bu Diyah omong yen Yanti luweh apik ngomah ana ing omah Bu Diyah kanggo batur. Yanti banjur setuju, lan deweke ngomah ana ing omae Bu Diyah selama ana urip ana ing Yogyakarta. Dene Heri, deweke muleh ana ing omae dewe, amarga deweke uga duwe omah ana ing Yogyakarta. Dina esuke, kegiatan kampus wis dilekasi, Yanti banjur budal ing kampus karo Heri. Ing kana deweke disambut dening bocah wadon jenenge Widi. Widi kuwi kanca SD ne Heri ing Jogja. Heri banjur ngenalne Yanti ing Widi. Widi nyambut Yanti kanthi seneng lan bocah loro iku uwes isa kenal akrab. Ora watara suwi kegiatan kampus dilekasi banjur mahasiswa baru mlebu ana ing fakultas e dewe-dewe,ing kana Yanti pisah karo Heri lan Widi. Deweke banjur mlaku dewe ana ing fakultase.

          Ing fakultase kuwi deweke ora kenal sapa-sapa. Deweke bingung amarga deweke ora ngerti apa-apa ngenani kuliahan lan deweke mung kenal Heri. Ing tengah kebingungane deweke di celuk dening bocah wadon. “Hei kamu” celuke bocah asing iku. “Aaku?” jawab Yanti bingung. “Emm, iya” jawabe bocah asing kuwi kanthi ngelambaikan tangan. Yanti banjur moro, deweke bingung.. bocah asing kuwi banjur muni “Kamu kenapa di situ sendiri? Sini sama aku. Oiya perkenalkan namaku Desi dari Medan,nama kamu siapa?” sambung bocah asing sing ternyata jenenge Desi, kuwi kanthi ramah. “Namaku Maryanti, saya dari Jawa Timur” jawab Yanti. “Wah dari Jawa Timur, senang bisa kenal kamu” sambung Desi. Desi banjur dadi kanca cedeke Yanti, bocah loro iku wus akrab banget. Ing kuliahan Yanti klebu bocah sing pinter masio isih awal panggone kuliah, sakliyane kuwi dewege uga grapyak marang kanca-kancane.

           Ing siji kesempatan dosene nyarane Yanti melu program beasiswa supaya deweke bisa kuliah ana ing luar negeri utawa supaya oleh duwit kanggo ngeringane biaya kuliah. Yanti banjur setuju lan deweke njajal gabung program beasiswa. Kepener, deweke ketompo beasiswa lan oleh duwit kanggo ngurangi beban biaya kuliah. Yanti banjur kelingan Heri, deweke banjur goleki Heri ing fakultase. Satekane Yanti ing fakultase Heri deweke kaget amarga ngeruhi Heri karo Widi, deweke banjur nyeluk Heri. Heri banjur nemoni Yanti, deweke seneng Yanti ing fakultase. Heri banjur ngajak Yanti menyang kantin kanggo mangan awan. Ing kana Widi ora seneng, Widi ngerasa yen Yanti ngeganggu anggone karo Heri. Ing dina liyane Widi banjur nemoni Yanti, ing kana deweke muni yen Yanti ora usah cedak-cedak marang Heri maneh. Yanti bingung, ana apa karo Widi, deweke banjur njelasne yen Heri karo deweke amung sewates kanca. Widi banjur ngakon Yanti janji supaya Yanti ora usah maneh nyedaki Heri, Yanti banjur ngiyani opo sing dikarepake Widi, amaraga pancen ora ana hubungan apa-apa ngenani deweke lan Heri. Sabanjure kedadean kuwi Yanti ora tau nyedaki Heri, deweke uga wis ora tau komunikasi maneh karo Heri.

         Ing sisi liane, Heri tansah ngarep-ngarep Yanti. Deweke bingung, lan deweke wedi nyangopo Yanti kok ora tau maneh nyetuki deweke. Heri akhire moro menyang omahe Budhe ne, ing kana deweke goleki Yanti. Kepener ae Yanti muleh kuliah, Deweke banjur nyedaki Yanti, nanging Yanti ngehindar lan ngadohi deweke. Deweke bingung, ana apa karo Yanti, deweke banjur mikir apa deweke duwe salah karo Yanti. “Yan, awakmu ginio ta?” takon Heri kanti bingung. “ora nyapo-nyapo”jawab Yanti. “Yen ora nyapo-nyapo awakmu kok nda gelem tak cedaki?, tak telfun ora kok angkat, tak sms ora kok bales, awakmu nesu ta karo aku? Aku ana salah?” takon Heri karo bingung. Yanti mung meneng, deweke ora iso muni apa-apa. Yanti banjur mlebu ana ing njero omah Bu Diyah, deweke ora ngegubris Heri lan Heri seng iseh bingung banjur meneng ae. Ing kana Budhe ne banjur metu lan nyemantani Heri supaya mampir omah, tapi Heri nolak lan milih bali muleh. Heri bingung, ana kedadean apa sing garai Yanti ngadohi deweke. Yanti uga bingung, nyangopo atine abot yen deweke adoh saka Heri, deweke ora paham ngenani kedadean iki, ing liya sisi deweke wis janji yen deweke bakal jaga jarak marang Heri tapi ing liya sisi deweke ora kuat yen deweke kudu adoh saka Heri. Deweke banjur ngelalekake kedadean dina iki lan deweke fokus anggone kuliah masio kadang deweke isih kelingan marang Heri.

             Papat tahun meh keliwat, deweke ora ngira yen anggone kuliah papat tahun wis arep rampung. Deweke banjur mersiapne anggone nguwisne tugas akhir supaya deweke isa cepet nguwisne anggone kuliah lan oleh IPK sing duwur kanthi gelar CUMLAUDE. Deweke banjur sregep anggone sinau supaya hasile tugas akhir lan ujian ing perkuliahan bisa deweke liwati. Ora watara suwi perkuliahane wus rampung. Dewekeok lega amarga deweke wis isa nyelesekne kuluahe ana ing UGM kanthi prestasi-prestasi sing mumpuni. Dina sing di arep-arepake teka, deweke kalebu bocah ing jurusan fakultas e seng oleh nilai IPK duwur, yaiku 3,86. Deweke banjur oleh gelar CUMLAUDE amarga IPK ne mumpuni, wongtuwane Yanti banjur diundang ngenani acara wisuda ing kuliahane. Bapak ibune Yanti bangga, amarga Yanti isa ngewujudkake kepinginane lan deweke isa ngeraih apa sing dipinginake. Sabanjure wisuda, Yanti banjur bali menyang omae Bu Diyah bebarengan karo wongtuwane, deweke banjur ngucapne sembah nuwun amarga Bu Diya wis apik anggone menehi panggon Yanti sasuwene papat tahun ing Jogja. Ora lali deweke banjur titip salam marang Heri lan keluargane amarga wis tansah akeh nulungi Yanti sakaluwarga.

           Yanti banjur bali menyang Kediri. Ora watara suwi deweke wis oleh kerjo, Yanti banjur bisa ngewangi ekonomi keluargane, deweke banjur ngapiki omahe, nyekolahne adik-adike lan mbiyantu bapak ibuke supaya ora usah dadi buruh menyang pasar maneh. Bapak ibuke bersyukur amarga Yanti bisa sukses. Ana ing salah sawijining dina, Heri teka menyang omah Yanti. Yanti kaget, amarga deweke wis suwi ora cetuk karo Heri. Atine bungah, guyone sumringah. Heri banjur ngetok lawange, Yanti seng kepingin banget cetuk karo Heri tansah marem, nanging deweke kelingan janjine marang Widi lan atine ambyar, deweke ora iso ngguyu, tangane kaku kaya watu jalaran ora iso ngempet larane ati. Deweke banjur mlayu ngaleh ana ing kamare, Heri sing tansah ngenteni ana ing ngarep omah tansah sabar. Ibuke Yanti seng ngerasa ana uwong ning ngarep omae banjur bukak lawang, deweke kaget ngerteni Heri ngadek ana ing ngarep omahe. Banjur ngekon Heri mlebu lan nyeluk Yanti. Yanti seng iseh bingung ana ing njero kamar ora isa nolak, dewke ora isa golek alasan supaya Heri ngaleh, kanthi pasrah deweke banjur metu saka kamare.

       Kagete, Heri ora mung dewean, deweke lengkap siji keluarga karo Ayah ibuke uga adike teka menyang omae Yanti. Yanti bingung ana apa lan deweke ora iso muni apa-apa. Heri banjur nglekasi omongan, “Pak Buk, Kulo Heri wonten mriki kepingin ngelamar anak panjenengan Yanti” Yanti bingung, deweke ora percaya marang kedadean iki, Bapak ibuke yanti njawab yen kabeh keputusan ana ing tangane Yanti. Yanti sing iseh dadi patung ora isa muni apa-apa, ilate kaku, deweke ora ngerti kudu seneng apa kudu sedih. Deweke banjur kelingan kedadean karo Widi lan nyauri, “Awakmu ngomong ngono kuwi maksute kepriye Her? Piye Widi?” “Widi?, nyapo Widi Yan?” takone Heri karo bingung. “Loh, gene awakmu karo Widi ta Her?” sambung Yanti. “Hhhh, ora lah Yan, aku ki mung demen karo awakmu kawit SMA, lan aku ora isa nemokne bocah saliyane awakmu. Widi kuwi kancaku lan mung sewates kanca ora bakal luweh, aku mung tresna karo awakmu, merga kuwi aku saiki moro rene mergo aku serius karo awakmu. Piye Yan, aku kok trima apa enda?” takone Heri. “Dadie awakmu kuwi ora tau duwr hubungan karo Widi?” sambung Yanti. “Ora Yan” teges Heri Yanti sadar deweke uwes salah selama pirang tahun iki, deweke uga sadar yen deweke duwe rasa menyang Heri. Ing kana deweke banjur gawe keputusan yen deweke nerima lamarane Heri.

     Deweke sadar, apa sing diupayakne lan diusahakan kuwi bakal kawujud lan ora ana usaha sing sia-sia. Kabeh iku ana wayahe dewe-dewe lan apa kehendake Gusti iku ora ana sing kliru. Hasil ora bakal ngehianati usaha, lan secilik-cilike usaha bakal nemoni hasil ing waktu sing tepat.



Penulis 
Jeneng           : ETYKA RINA MAHANANI 
Tataran         : XII IPA 3
Urut Kaping : 10
Pawiyatan    : SMAN 1 DURENAN 

No comments:

Post a Comment