Monday, 30 September 2019

Salah Kaprah | Cerita Cekak Basa Jawa

SALAH KAPRAH



Esuk iki hawa e katon sejuk lan didukung pemandangan sawah kang katon ijo royo – royo. Adi budhal sekolah menyang sekolahanae yaiku, SMA 1 DURENAN. Adi numpak sepedah ontel amarga jarak omahe menyang SMA ora pati adoh, pas budal sekolah, Adi mesti nyapa para pak tani – pak tani kang nyambut gawe ing sawah “monggo pak, bu”. “iya le, sing ngati – ngati lek numpak sepedah lan sing sregep lek sekolah yoo”, saut pak tani sinambi para pak tani tandur pari ing sawah. Lan Adi karo mancal sepedahe banjur dheweke nuari ngene “Inggih pak”.
Tepat jam 7 kurang 20 menit, Adi tekan sekolahane. Tekang ngrep gerbang Adi banjur mudun saka sepedahe amarga tata tertibe ing sekolhane kui yen mlebu kawasan SMA 1 DURENAN iku kendaraan bermotor/sepedah ontel  ora oleh ditumpake, kabeh mulai dari siswane, gurune, lan staff – staff liane kudu mudun saka lek numpak montor/sepedah ontel lan banjur di tuntun. Sekolahane Adi iku walaupun letake ana ing daerah ndeso, tapi aturae – aturane lan tata tertibe wis GO Internasional sekolahne Adi, yow is entuk penghargaan Adiwiyata Bahkan, iki wis menang tingkat provinsi lan ape makili Jawa Timur menyang Nasional nglawan sekolah – sekolahan lio kang wis sak tingkatane.
Ora mung sekolahane tok sing apik, murid – muride kui podo cerdas – cerdas lan pinter – pinter. Di didik apik – apik menyang ibu bapak gurune kayata contone, kanca – kancane Adi. Adi kui bocah menengan lan pinter kanca – kancane Adi yo semono ugo. Ana cah 3 kanca – kancane Adi yaiku, Yoga, Sindi, lan Putra. Ananging 3 kancane Adi kui mau ora dueini sifat kang podo kabeh.
Yoga, kui bocah cilik duwur, putih lan ganteng. Bocah kui senengane gambar, lek soal gambar wis tidak diragukan lagi lah, ananging bocah kui rodo meah marang pelajaran kang bongso itung – itungan. Kui mau sederetan cuplikan titik ngenani yoga saiki, ana maneh kancane Adi, jenenge Sindi bocah wadon ayu, putih ananging rodok cendek. Walaupun cendek, Sindi kui bocah wadon kang paling ayu dewe ing kelase Adi. Mergane deweke di demenj kanca – kancane Adi, termasuk Adi mbarang kui kategori sing demeni Sindi.
Eh, iseh 1 maneh kancane Adi sing durung tak kenalne , yaiku Putra bopcah lanang kang gedi, duwur,gagah prakoso. Dheweke yo anake wong sugih tapi, ora cocok karo fisik I sing koyo ngono kui apike. Dheweke ning kelas penggaweyane mung tura – turu wae.  PR yo ra tau digarap, absen e ning kelas akeh sing di alfa. Walaupun putra kui ngonoki kahanane, ananging yen karo kanca putra kui bagus banget akhlake. Dheweke seneng tetulung marang kancane sin g mbutuhake bantuan. Contone, pas Sindi lagi butuh duwit kanggo mbayar spp ne kang wis nunggak ana pirang – pirang sasi, putra gelem mbantu  mbayari SPP ne Sindi.
Ing sakwijining dina, ketepakan pas dina kui mau ulangan akhir semester. Sakdurunge ulangan Adi ketemu karo kanca – kancane. “Pie bro wis podo sinau kabeh?”
“uwis aku, mambengi lek ku sinau nganti jam 12”. saut Sindi
“Alah, aku pokoksinau sokor mbukak buku, lha wong gak pati mudeng blas to aku” saut Yoga
Putra bablas nyauri kanca – kancane ngene “ Aalah aku ra sinau – sinua ritek. Kowe – kowe  kabeh kilo kok gelemen dadak sinau – sinau mbarang ki ? lha wong browsing ning ,mbah google e wis penak bangey kabeh wis enek tur lengkap. Hahahaha”
Adi banjur nyauringene “ yo uwis lah, mengko di delok wae endi sing penak? Sing sinau apa sing ndak sinau gek ngandalne mbah google”
Tetttttttt…………..tet…….tet……..
Bel masuk muni, banjur Adi, Yoga, Sindi lan Putra mlebu ana ing ruang ujian. Adi ana ing bangku ngrep dewe pas ngarepe bangku guru. Sindi ana ing panggon tengah – tengah ora ngarep yo ora mburi. Lha ketepakan banget, Putra manggon ana ing bangku kang ngarepe pas lingguhane Sindi. Yen Yoga, ana ing bangku kang ana ing mburi dewe.
Amarga bel ulangan wis muni, pengawas ujian banjur mlebu ana ing ruang kelas. “Assalamu’alaikum wr.wb” salam saka pengawas kang mlebu ana ing ruangane Adi, Yoga, Sindi lan Putra. Pengawase kui mau jebulno jenenge pak slamet. Guru paling superrr killer sing ana ing SMA 1 DURENAN “ngalamat!! Pie nasib kun gene iki?” atine Putra muni ngono.
Soal mulai dibagi, sinambi soal dibagi Pak Slamet muni menyang bocah – bocah kabeh “Tas semuanya harap ditaruh di depan  di bawah papan tulis ! semuanya saja dan, bagi yang tidak mengumpulkan silahkan keluardari ruangan ini dan tidak perlu mengikuti ujian hari ini !”
Aamarga krungu perintahe pak slamet sing kaya ngono kui, bocah – bocah sing ana ing ruangan kui banjur pada ndeleh tas ana ing ngisor papan tuls lan banjur ndelehne HP ing nduwur meja guru. Kabeh wis nglaksanakne perintahe pak slamet. Ananging, putra bingung lan wedi kepriye dheweke? Senjatane kanggo nggarap  ulangan yo mung HP kui. Yen HP ne kui dikumpolne putra wis ndaj iso apa – apa. Tur yen ndak dikumpolne deweke yo wedi banget konangan pak slamet. Aklhire putra mutusne ! d heweke cari amane, tas e lan sak HP ne banjur di kumpolne ning ngarep. “pasrah wis ngene iki”
Bocah – bocah kabeh podo berdo’a disek sakdurunge nggarap soal – soal kui. Sunyine bocah – bocah nggarap soal gawe ndredeg atine putra. Putra gak iso apa – apa, ak iso toleh – toleh nurun kancane. Sampek jam wis berjalan setengah jam anlembar jawabane Putra iseh kosong blong durung enek jawabane. Adi garap dengan tenang amarga dheweke sinau. Sindi ya semono uga, dheweke garap dengan rodo tenang amarga wis sinau. Lan yoga, sakol enek sing wis di isi saloke durung.
Detik – tik – tik mulai berjalan. Jam ulangan wis meh bar tapi, jawabne Putra iseh kosong kosong blong. Lan pak slamet muni ngene “Sebentar lagi waktunya habis anak – anak tinggal 15 menit saja”. Krungu suarane pak Slamet, Putra tansah ndredeg dag – dig – dug.
Kring…… kring…. kring….
Putra banjur njumbol kaget, difikir lek suara bel yen pertanda waktu ujian wis bar. Jebulna, kui mau suara telfon HP ne Pak Slamet. Banjur, pak slamet metu saka ruangan ulangan kui lan ngangkat telfone.
Ing jerop ruang kelas kui mau anggone Sindi nggarap ulangan wis bar. Sindi nyawang putra sing kebingungan lan sindi welas banget. Ska nakal – nakale putra dheweke yo apikan karo Sindi. Banjur Sindi muni ngene “Putra, kilo jawaban nuruno nakan ku iki lo!”. “lah ndak popo to sin?” saut putra. “ndak popo tra, yow is tulisen gek ndang cepet ae. Lek ndak cepet – cepet mengko konangan pak slamet lo”.
Banjur, putra langsung nulis jawaban sing plerk karo jawabane Sindi. Soale ana 10 ananging sing di tulis putra kui mau iseh oleh ana 7 soal amarga, pak slamet wis mbalik eneh ana ing ruang kelas.
“ayoo anak – anak lembar jawaban dan soal dikumpolkan waktunya sudah habis”
Saut pak slamet. Bocah – bocah kabeh langsung pada ngumpolne lembar jawaban lan soal ulangan. Ulangane wis bar, banjur bocah – bocah kebeh podo mulih.
Sak bare metu saka ruang ulangan, Putra ngucapne maturnuwun banget marang Sindi. “Maturnuwun banget Sin, kowe wis mbantu aku yen ndak enek awakmu, mbuh bakal pie nasib ku mau”. “wista iya tra, yo ngge pelajaran wae, aja ngejebne HP!”. “Hooh tra, eling – elingen kui pesenne Sindi” saut Adi lan Yoga.
Pungkasane dina, ana pengumuman ngenani hasil ualangan akhir smester. Ana daftar nama bocah – bocah kang lulus ujian akhir smester. Adi, Yoga, Sindi lulus kabeh nialine apik kabeh. Lan nama  - nama ne mmereka ana ing urutan sing paling duwur dewe. Sujune si putra sing difikir ndak lulus lha ternyata lulus dengan nilaine sing pas – pas an. Jenenge putra kui mau ana ing daftar nama siswa – siswi lulu dengan nilai baik ananing, sing paling ngisor. Putra bersyukur banaget dheweke oleh nilai pas- pasan. Iso oleh kui e wis bersyukur bangetamarga bantuane sindi. Putra jaji marag awake dewe yen sesok – sesok wis ora ape ngejibne HP maneh. Dheweke bakal sinau sing sregep. Soal sing ulangan kui kui dekingi sik iso beja amarga di tulungi sindi. Yen deweke ndak di tulungi sindi pasti dheweke ndak lulus.
Tamat.
Penulis : Mitha Dwi Rosalina
Urut kaping : 16
Tataran : XII – IPA3
Pawiaytan : SMA 1 DURENAN, TRENGGALEK - JATIM


Kembar Mayang | Cerita Cekak Basa Jawa

KEMBAR MAYANG

   Ing pesisir segoro kidul, urip kulawarga kang ayem tentrem, nduweni anak lanang kembar kang asma Bagas Maharaja dan Bawas Maharaja. Kaluwarga iki nduweni usaha kang terkenal neng daerahe..
   Bagas Maharaja, bocah lanang kang gagah, nduweni awak apik lan ireng manis. Tambah dheweke melu club bal-balan kang misuwur ing kuthone. Ananging nasibe Bagus pra sebagus jenenge. Kekwuatirane marang cita-citane mbesuk ndadekake Bagus bingung teko saiki.
   Bagas kuk bocahe sregep banget karo sekolahan lan usaha kang dirintis wong tuane. Bedo banget karo Bawas. Kembarane kui luweh seneng dolan-dolan lan nongkrong karo kancane. Masio ngono, Bagas tresno banget marang kembarane, Bagas yakin kembarane mbesok iso luweh apik dibanding saiki. Cah kembar kui kompak lan manut wong tuane sakmestine kembar-kembar liyane
   Sasi juni teko, lulusan sekolah wayahe. Bagas lan Bawas lulus bareng menehi nilai apik gawe bungah ati bapak lan ibune. Bocah bagus lan apik sifate kui dadi bangga wong tuane. Sakwise lulus, cah kembar kui nduweni kekarepan kuliah kang bedo. Bagas kang kawet ndisik pancen seneng olahraga ugo berarti fisik kang apik milih melu seleksi tentara. Bedo karo Bagas, Bawas luweh milih sekolah PTN neng Universitas Gadjah Mada jurusan teknik demenane wonge
   Ananging Bagas mikir lan mikir marang uripe wong tuane. Dheweke susah ati mergo ratego nyawang Bapak ibune kang ditinggal sekolah adoh anak loro-lorone. Bagas kuatir upomo bapak ibune enek hal kang ora dikarepne kedadean nyang wong tuane gek ora enek anak-anake. Tapi Bagas lan Bawas yo yakin marang Gusti Allah lek opo seng dilakoni kui insaallah enek kasile. Wengine Bagas lan Bawas wani tekok lan nyuwun restu marang ibune sakwise sholat isya' jamaah. Banjur akhire restune kasil, sujud syukur matang Gusti Allah.
   Seulan kepungkur, Bawas akhire ketompo nyang UGM. Bagas yo ora kalah, dheweke lulus tes Akmil Magelang lan sasi ngarep ninggalne omah lan ninggalne bapak ibu lan keluarga kabeh. Sandangan kaperluwan difoto rentep apik nyang tas lan koper, ugo sangu lan Al-Quran padoman urip. Cah kembar kui nduweni prinsip utowo pedoman urip yaiku agama, dheweke cah loro yaken lek agomo iso nulung wonge, dadi sak nakal-nakale bocah kui lek isek ileng agomo berarti bocah kui sek waras neng dalane.
   Pas wengi, Bapak lan ibu moro-moro masuwun rerembugan bareng kabeh neng omah. Bagas lan Bawas lingguh neng ngarep TV, ibu banjur ngomongi bapak supoyo endang-endang ngomongi berito apik iki.
Bapak omong kantuk bunggah
"bapak arep maringi berito apik gawe sampean kembar. Sakdurunge anakku sekolah adoh bapak wenei berita kang mugo-mugo bapak lan sakabehe bahagia. Bapak arep ngopeni anak wedok jenenge Gita. Gita yaiku putrine koncone bapak kang wes ditinggal sedo bapak ibune. Mugo Gita iso njogo bapak lan ibu sakwise Bagas Bawas kuliah adoh"
Bagas njawab santai. "oalah mboten masalah pak, ingkang penting Gita saget dados tiang wadon ingkang apik pak buk, ben saget dados bunggah bangga gawe kaluarga iki. "
   Keluarga iki akhire tansah bahagia. Bawas lan Bagas tansah pinaring tresno marang Gita koyok adhine kandung dewe. Kuliah Bawas lancar ora ono alangan, Bagas semono ugo. Sakjane Gita kui non muslim alias Hindu, dheweke dadi minoritas neng omah saiki, bedo agomo dadi gelisah atine. Gita isin dheweke wes diopeni tenanan marang wong muslim. Gita atine was-was, pas sasi ramadhan dheweke ora poso nanging liyane poso. Bapak lan ibu soyo suwi soyo tresno marang Gita, apik lakune lan ikhlas atine ngopeni wong tuane kembar. Sakjane neng atine bapak ibu pengen nduweni mantu koyok Gita kui.
   Patang taun kelewat, Bawas lulus gowo bapak lan ibu teko nyang wisudane, ora lali Alfi pacar Bawas saiki. Bawas tresno amarga Alfi mesti ndukung opo wae tindak laku kang positif seng dilakoni Bawas. Ananging Bawas yo ora seneng sifate Alfi kang tukang mrentah lan ora gelem kalah marang egone. Tambah dheweke ora seneng yen Alfi kui ora sopan karo Gita, padahal Gita iku adhike Bawas.
   2 sasi bar kuwi, Bagas lulus lan ditugasne neng Bali, panggon lair lan cilikane Gita. Bagas misuwun Gita neng Bali mbaturi tugase Bagas. Gita gelem, manut opo prentahe mase masalahe Gita nggangep iki Bales budine kanggo keluargane Bagas kang wes apik banget marang dheke.
   Dino-dino kelakon apik lan ayem, Gita tansah bunggah iso mbaturi Bagas nindakake tugas abdine. Tapi meneng-meneng sejatine Bagas nduwe roso demen marang adike kui. Opo to seng nggawe Bagas kesemsem marang Gita? Mitutur Bagas Gita kui Ayu atine, ayu pasuryane lan totokromone kang apik. Ananging enek masalah abot yaiku Gita kui adhine Bagas lan agomo kang dianut ora podho dheweke
   Bagas cilik ati perkoro rosone dheke marang Gita. Dheweke amung wong biasa kang ora iso misahake Gita lan penciptane. Bagas panggah ora wani ngomong perkoro isi atine. Bagas ora pengen lek akhire elek neng uripe lan mbesok masa depane. Seng marakne masalah enek yaiku Bawas sak Bare putus karo pacare yaiku Alfi, dheweke yo podo ndemeni Gita adhi angkate.
   Bagas cukup tugas, Gita lan bagas mulih Mobil teko ngarep omah. Bawas kesusu metu omah nyambut lan ngewangi Gita. Sawangane Bagas ora penak, Bagas waswas lek Bawas nesu yen mase kui saingane. Gita soyo suwi soyo bubrah pikire, sejatine Gita yoseneng marang Bagas tapi dheke yonduwe roso sungkan karo Bawas. Ananging Gita nduwe rahasia seng disimpen dhewe. Gita nduwe kembaran jenenge Dita nanging dipisah masalahe Dita diopeni wong liyo. Dita agomone yo muslim amergo diopeni wong muslim. Niate Gita nemoni Dita yaiku seng pertama pengen mlebu islam dituntun kembarane niat soko ati Ora mergo wong liyo. Nomer loro yaiku, Gita pengen ngenalne Dita karo Bawas. Gita yakin kembarane luweh iso mbaturi Bawas urip tinimbang dheke.
   Sakwise rerembugan kui, Dita dikenalne luweh cedek karo Bawas. Lan Bagas alhamdulillah njalani hubungan karo Gita raono hambatan. Akhire Gita Bagas Bawas lan Dita urip bahagia lan dadi bagiane Maharaja saklawase.


Penulis
Nama: sahda maura salsabila
Kelas: XII IPA 3
no absen: 26
Asal sekolah: SMAN 1 DURENAN

Sunday, 29 September 2019

GAYUH LINTANG | Cerita Cerkak Bahasa Jawa


GAYUH LINTANG

        Esuk iki jago kluruk bebarengan karo sorote srengenge. Jenenge Maryanti Ekasasti, bocah kelas 12 SMA ing kutha Kediri. Saben esuk deweke ngewangi mamak lan bapake ana ing pasar. Yanti saka keluarga sing ora nduwe lan deweke kudu nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhane. Sabanjure Yanti ana ing pasar deweke banjur budal sekolah, sekolahe ora adoh lan deweke mlaku ing sekolah. Yanti ora klebu wong kang pinter, nanging deweke ulet ing usaha deweke duwe kekarepan kepingin ngerubah nasib keluargane. Yanti kepingin mbantu ekonomi keluargane, deweke banjur sregep anggone sinau supaya deweke bisa kuliah lan sukses utawa deweke iso ketompo kerja ing panggon kang sae. Yen ngomongne babagan kepinginane Yanti sabanjure SMA, deweke bakal nyauri yen deweke kepingin kuliah ing UGM nanging deweke mesti ngguyu lan mrebeg, deweke sadar UGM iku kampus kang apik, akeh digandrungi dening siswa/siswi lan biayayane uga larang, deweke sadar yen ibu lan bapake ora bakal sanggup nyekolahne deweke ing UGM. Masio jalaran kuwi deweke tetep pingin kuliah ana ing UGM lan deweke bakal golek jalaran supaya bisa ketampa ing UGM tanpa gawe susah ibu bapake.

        Ing sore tanggal 18 Agustus Yanti isih ana ing ngarep kelas, deweke banjur dicedaki dening Heri. Heri iku bocah lanang ganteng, apikan, sumeh, gedi duwur, sopan santun, tur anake wong sugih,deweke siji angkatan karo Yanti nanging beda kelas lan uga digandrungi akeh wong wedok. Yanti bingung nyangopo Heri nyedaki deweke. Heri banjur omong ‘’Yanti, aku oleh lungguh ana cedakmu?’’ takone Heri kanthi ragu. ‘’Oleh, monggo’’ srawung Yanti. ‘’Yan, aku kepingin ngomong karo awakmu tapi aku wedi yen awakmu bakal nesu karo aku’’ takone Heri kanthi ragu. “Yo apa ta Her, ngomong ae urung kok nesu, westa omongo ae aku ora bakal nesu” sambung Yanti. “Saktenane ngene aku ki demen karo awakmu Yan, wes suwi. Aku duwe rasa marang sliramu” kandane Heri kanthi tenanan. “Rasa? Rasa kepriye maksutmu Her?” takone Yanti karo kaget. “Iya lo Yan, aku demen karo awakmu iku wes sui” teges Heri. “Awakmu ki ngomong apa ta Her???” takone Yanti ngepastekne omongane Heri. “Aku ki demen karo awakmu Yan, kuwi seng kepingin tak omongne. Awakmu aja nesu ambi aku ya?” sambung Heri. “Ora Her, aku ora nesu karo awakmu. Tapi, aku ora iso nerima apa seng kok omongne iku, dak jaluk awakmu ngerti” sambung Yanti. “Iya Yan, aku ngerti. Yaweslah aku arep balek muleh” tutup Heri karo mlaku ngaleh. Yanti banjur nguwasne Heri, sabanjure iku deweke bablas mlaku muleh.

        Sesuke, Yanti budal sekolah. Ing tengah dalan deweke diceluk dening bocah seng ora liya maneh yaiku, Heri. “Yanti.... “ sapa Heri. “Eh Heri, dungaren awakmu kok mlaku iki meng, nangdi sepedha mu?” takon Yanti. “Oalah, kuwii. Sengojo ae kepingin mlaku karo pisan-pisan ngerasakake asrine hawa esuk” sambung Heri. “Eh, tapine aku iya ser mlaku karo awakmu hehehe” sambung Heri maneh. Yanti mung ngguyu. Ora watara suwi deweke wis teka ana ing sekolahan. Ing ngarep pintu gerbang ana akeh kanca-kanca Heri, Yanti banjur di pojok-pojokne ambi kanca-kanca Heri. Ing kana Yanti isin, deweke banjur cepet-cepet mlaku ngaleh. Ing kelas kabar cedeke Yanti karo Heri wus kaya srengenge seng saben esuk metu, Yanti kerep di gojloki anggone bebarengan karo Heri nganti Yanti dewe anyel, Yanti banjur omong karo Heri yen deweke ora pingin ana kedadean kaya mangkene. Heri paham deweke banjur ngomong yen deweke karo Yanti ora ana hubungan apa-apa, sabanjure kedadean kuwi kondisi sekolahan wes mbalek kondusif. Dina klewat dina, anggone kekancan Heri karo Yanti tansoyo raket, gosip-gosip uwes ora kesebar maneh amarga wes kebukti yen bocah loro ora ana hubungan apa-apa,masio saktenane Heri pancen duwe rasa marang Yanti.

           Ing pungkasan dina Heri seng sadurunge ora sregep anggone menyang perpus banjur sregep menyang perpus amarga deweke kerep ngeruhi Yanti ana ing perpus. Awale deweke mung kepingin cedak karo Yanti, nanging soyo dina deweke isa belajar saka Yanti, yen perpus iku akeh fungsine. Deweke banjur sadar yen apa sing di weruhi ing kelas iku isih terbatas lan wacanan ing perpus iku akeh gunane. Deweke uga kelingan yen sasi ngarep iku uwes akeh kegiatan kanggo kelas 12 kayata Try Out, Ujian-Ujian, lan telu sasi ngarepe uga ana UN. Deweke banjur golek referensi bahan bacaan supaya anggone ujian bakal lancar. Ing kana deweke sadar yen cedake deweke karo Yanti iku gawa deweke ana ing kegiatan positif. Yanti uga seneng amarga Heri maleh sregep anggone sinau. Ing dina liya Heri banjur nakoni Yanti babagan persiapane deweke ngadepi UN. Yanti banjur muni yen deweke uwes siap ngadepi UN, ana ing sisi liyan Yanti banjur takok menyang Heri babagan kuliah, “Her, aku oleh takok menyang awakmu ta?” takon Yanti. “Oleh, loss arep takok apa?” sambung Heri kanthi bungah. “Ngene lo Her, aku ki urung ngerti masalah kuliahan, kayata carane daftar lan perkara liane” takon Yanti kanthi bingung. “Oalah, kuwi ta. Dadi e ngene saiki tak takoni, awakmu kepingin kuliah ana ing ngendi?” takon Heri penasaran. “Oh.... kuwi ta... anu... Her, yen pancen isa aku kepingin kuliah ana ing UGM” jawabe Yanti karo ragu. “Wohh sip, apik kuwi. Nah dadie ngene Yan, kan awakmu wes duwe kepinginan cara selanjute persiapno anggonmu sinau supaya bisa ketompo ana ing UGM. Masalah daftar gampang, mengko awakmu daftar tak dampingi wes, kepener, aku ya pingin kuliah ing UGM” teges Heri. Yanti banjur ngiyani apa sing di sarane dening Heri. Sesasi, wes kelewat. Ora krasa dina sesuk iku wis UN. Yanti banjur mersiapne anggone UN. Ing atine deweke lega amarga deweke wus daftar SNMPTN ing UGM lan deweke mung kari nunggu hasile.

         Papat dina wes kelewat, UN wis rampung deweke banjur ndunga supaya hasile UN bakal muasake ati lan nilaine UN bakal apik, ora lali deweke uga ndungo supaya kepinginane kuliah ana ing UGM isa kewujud. Minggu ngarep dadi dina sing ditungu-tungu dening kabeh bocah kelas 12 amarga ing dina kuwi pengumuman SNMPTN di buka. Yanti atine dredek, deweke mikir, apa iya bocah koyo deweke isa lulus SNMPTN ing UGM. Deweke wedi. Ora let suwi Heri teko ana ing omae Yanti, Yanti dredek deweke bingung yen Heri takok deweke kudu nyauri piye. Yanti sing bingung mung isa meneng sampe-sampe Heri melu bingung. “Yan, awakmu ginio ta?” takon Heri. “... E... eh apa nyapo?” sapa Yanti. “Nyapo piye ta, ana apa? Cerita jal karo aku” sambung Heri. “Her, aku urung eruh piye hasile SNMPTN ku, aku ora ngerti carane ndelok Her, piye iki.. Piye?” takone Yanti karo gupuh. “He tenang, tenang. Aku rene ki ya mergo arep ndudoi awakmu hasile. Wes tenango kan enek aku hehe” sambung Heri. “Her aku ki tenanan lo aja kok jak guyon” teges Yanti. “Iya tuan putri” sambung Heri. Heri banjur bukak laptope, ing kana deweke banjur bukak situs SNMPTN lan banjur goleki jenenge Yanti. Yanti kaget jenenge deweke ana ing daftar yen deweke ketompo kuliah ana ing UGM liwat jalur SNMPTN. Yanti seneng deweke ora iso ngomong apa-apa, saking senenge deweke banjur mbengok banter, Heri sing ana ing kono kaget, deweke njumbul. Yanti seng sadar karo polahe banjur meneng mergo rumangsa isin. Pipine abang, nanging deweke ora isa ndelikne kebungahan atine. Yanti lega atine, deweke marem perjuangane selama kelas 10 nganti kelas 12 terbayar inf hasile SNMPTN. Yanti banjur nyopo Heri, “Suwun Her, awakmu wis ngewangi aku” sapane Yanti. “Iya Yan podo-podo” jawab Heri. “Eh tapi, piye hasile SNMPTN mu Her?” takok Yanti penasaran. “Oalah kuwi, alhamdulillah aku yo ketompo ana ing UGM Yan” jawab Heri. “Alhamdulillah” sambung Yanti. “Iki kabeh ya mergo awakmu lo Yan (ngguyu), yen awakmu ora nyadarne aku sinau mungkin isa ae aku ora bakal ketompo” sambung Heri. “Ora lah, kuwi ki pancen usahamu Her, aku kan ngomongi ae merga aku kancamu” jawab Yanti. Heri banjur ngguyu, lan deweke omong-omongan suwi karo Yanti. Ora krasa dina wes soyo sore, Heri banjur pamitan muleh.

            Ora watara suwi, banjur ana pengumuman ngenani UN. Yanti tenang, deweke tansah ngarep sing apik kanggo hasil UN e. Deweke kaget amarga ing papan pengumuman sekolah jenenge ana ing urutan kaping siji kanthi nilai UN sing isa di omongne arep sempurna, yaiku 38,45. Ing ngisore urut kaping loro ana Heri Sulistyo kanthi nilai 36,40. Ora lali deweke banjur ngucapne selamat ana ing Heri. Deweke lan Heri banjur oleh penghargaan saka sekolah amarga nilaine apik nomer siji lan loro ora mung ana ing sekolahan nanging uga nomer siji lan loro ana ing Kabupaten. Sabanjure pengumuman UN iku Yanti banjur muleh lan omong marang bapak ibuke ngenani nilai UN lan ngenani keputusane kanggo nerusne kuliah ana ing UGM. Sawise teka omah, Yanti banjur omong marang bapak lan ibuke, ing kana atine cuwo amarga bapak lan ibuke omong yen ora duwe biyaya kanggo nyekolahne ana ing UGM, ora mung nang kono wae bapak ibuke banjur omong yen UGM kuwi kampus sing apik, mungkin wae Yanti iso mlebu kuliah ana ing kana tapi durung karuan awakmu sanggup nerusne urep ana ing adoh paran amarga bapak ibuke ora duwe biyaya. Yanti banjur bingung, amarga kepinginane rodok angel kewujud. Deweke banjur rodok putus asa ngenani kedadean sing deweke alami. Ing tengah kedadean kuwi, deweke kelingan Heri. Deweke banjur takon mrnyang Heri ngenani ora sanggupe deweke kuliah ana ing UGM. Heri paham, deweke banjur menehi pengertian marang Yanti lan Yanti banjur omong menyang bapak lam ibuke ngenani babagan perkuliahan. Ing kana bapak lan ibuke yanti ora iso apa-apa, amarga Yanti wus bulat tekad lan bapak ibuke Yanti akhire ngizini Yanti kuliah ana ing UGM nanging ora iso ngebantu akeh. Ing kana Yanti bunggah atine, deweke janji bakal kuliah tenanan lan bakal isa mbalek kanthi mbahagiakne wongtuwane.

          Sasi ngarep, deweke banjur budal ing Yogyakarta karo Heri. Sabanjure teka ana ing Yogyakarta Yanti dijak Heri muleh ana ing omae Bu Dhe ne Heri jenege Budhe Diyah. Bu Diyah iku uwonge gedi duwur lan persis karo ibuke Heri. Yanti banjur dikenalne Heri ana ing Bu Diyah lan Bu Diyah omong yen Yanti luweh apik ngomah ana ing omah Bu Diyah kanggo batur. Yanti banjur setuju, lan deweke ngomah ana ing omae Bu Diyah selama ana urip ana ing Yogyakarta. Dene Heri, deweke muleh ana ing omae dewe, amarga deweke uga duwe omah ana ing Yogyakarta. Dina esuke, kegiatan kampus wis dilekasi, Yanti banjur budal ing kampus karo Heri. Ing kana deweke disambut dening bocah wadon jenenge Widi. Widi kuwi kanca SD ne Heri ing Jogja. Heri banjur ngenalne Yanti ing Widi. Widi nyambut Yanti kanthi seneng lan bocah loro iku uwes isa kenal akrab. Ora watara suwi kegiatan kampus dilekasi banjur mahasiswa baru mlebu ana ing fakultas e dewe-dewe,ing kana Yanti pisah karo Heri lan Widi. Deweke banjur mlaku dewe ana ing fakultase.

          Ing fakultase kuwi deweke ora kenal sapa-sapa. Deweke bingung amarga deweke ora ngerti apa-apa ngenani kuliahan lan deweke mung kenal Heri. Ing tengah kebingungane deweke di celuk dening bocah wadon. “Hei kamu” celuke bocah asing iku. “Aaku?” jawab Yanti bingung. “Emm, iya” jawabe bocah asing kuwi kanthi ngelambaikan tangan. Yanti banjur moro, deweke bingung.. bocah asing kuwi banjur muni “Kamu kenapa di situ sendiri? Sini sama aku. Oiya perkenalkan namaku Desi dari Medan,nama kamu siapa?” sambung bocah asing sing ternyata jenenge Desi, kuwi kanthi ramah. “Namaku Maryanti, saya dari Jawa Timur” jawab Yanti. “Wah dari Jawa Timur, senang bisa kenal kamu” sambung Desi. Desi banjur dadi kanca cedeke Yanti, bocah loro iku wus akrab banget. Ing kuliahan Yanti klebu bocah sing pinter masio isih awal panggone kuliah, sakliyane kuwi dewege uga grapyak marang kanca-kancane.

           Ing siji kesempatan dosene nyarane Yanti melu program beasiswa supaya deweke bisa kuliah ana ing luar negeri utawa supaya oleh duwit kanggo ngeringane biaya kuliah. Yanti banjur setuju lan deweke njajal gabung program beasiswa. Kepener, deweke ketompo beasiswa lan oleh duwit kanggo ngurangi beban biaya kuliah. Yanti banjur kelingan Heri, deweke banjur goleki Heri ing fakultase. Satekane Yanti ing fakultase Heri deweke kaget amarga ngeruhi Heri karo Widi, deweke banjur nyeluk Heri. Heri banjur nemoni Yanti, deweke seneng Yanti ing fakultase. Heri banjur ngajak Yanti menyang kantin kanggo mangan awan. Ing kana Widi ora seneng, Widi ngerasa yen Yanti ngeganggu anggone karo Heri. Ing dina liyane Widi banjur nemoni Yanti, ing kana deweke muni yen Yanti ora usah cedak-cedak marang Heri maneh. Yanti bingung, ana apa karo Widi, deweke banjur njelasne yen Heri karo deweke amung sewates kanca. Widi banjur ngakon Yanti janji supaya Yanti ora usah maneh nyedaki Heri, Yanti banjur ngiyani opo sing dikarepake Widi, amaraga pancen ora ana hubungan apa-apa ngenani deweke lan Heri. Sabanjure kedadean kuwi Yanti ora tau nyedaki Heri, deweke uga wis ora tau komunikasi maneh karo Heri.

         Ing sisi liane, Heri tansah ngarep-ngarep Yanti. Deweke bingung, lan deweke wedi nyangopo Yanti kok ora tau maneh nyetuki deweke. Heri akhire moro menyang omahe Budhe ne, ing kana deweke goleki Yanti. Kepener ae Yanti muleh kuliah, Deweke banjur nyedaki Yanti, nanging Yanti ngehindar lan ngadohi deweke. Deweke bingung, ana apa karo Yanti, deweke banjur mikir apa deweke duwe salah karo Yanti. “Yan, awakmu ginio ta?” takon Heri kanti bingung. “ora nyapo-nyapo”jawab Yanti. “Yen ora nyapo-nyapo awakmu kok nda gelem tak cedaki?, tak telfun ora kok angkat, tak sms ora kok bales, awakmu nesu ta karo aku? Aku ana salah?” takon Heri karo bingung. Yanti mung meneng, deweke ora iso muni apa-apa. Yanti banjur mlebu ana ing njero omah Bu Diyah, deweke ora ngegubris Heri lan Heri seng iseh bingung banjur meneng ae. Ing kana Budhe ne banjur metu lan nyemantani Heri supaya mampir omah, tapi Heri nolak lan milih bali muleh. Heri bingung, ana kedadean apa sing garai Yanti ngadohi deweke. Yanti uga bingung, nyangopo atine abot yen deweke adoh saka Heri, deweke ora paham ngenani kedadean iki, ing liya sisi deweke wis janji yen deweke bakal jaga jarak marang Heri tapi ing liya sisi deweke ora kuat yen deweke kudu adoh saka Heri. Deweke banjur ngelalekake kedadean dina iki lan deweke fokus anggone kuliah masio kadang deweke isih kelingan marang Heri.

             Papat tahun meh keliwat, deweke ora ngira yen anggone kuliah papat tahun wis arep rampung. Deweke banjur mersiapne anggone nguwisne tugas akhir supaya deweke isa cepet nguwisne anggone kuliah lan oleh IPK sing duwur kanthi gelar CUMLAUDE. Deweke banjur sregep anggone sinau supaya hasile tugas akhir lan ujian ing perkuliahan bisa deweke liwati. Ora watara suwi perkuliahane wus rampung. Dewekeok lega amarga deweke wis isa nyelesekne kuluahe ana ing UGM kanthi prestasi-prestasi sing mumpuni. Dina sing di arep-arepake teka, deweke kalebu bocah ing jurusan fakultas e seng oleh nilai IPK duwur, yaiku 3,86. Deweke banjur oleh gelar CUMLAUDE amarga IPK ne mumpuni, wongtuwane Yanti banjur diundang ngenani acara wisuda ing kuliahane. Bapak ibune Yanti bangga, amarga Yanti isa ngewujudkake kepinginane lan deweke isa ngeraih apa sing dipinginake. Sabanjure wisuda, Yanti banjur bali menyang omae Bu Diyah bebarengan karo wongtuwane, deweke banjur ngucapne sembah nuwun amarga Bu Diya wis apik anggone menehi panggon Yanti sasuwene papat tahun ing Jogja. Ora lali deweke banjur titip salam marang Heri lan keluargane amarga wis tansah akeh nulungi Yanti sakaluwarga.

           Yanti banjur bali menyang Kediri. Ora watara suwi deweke wis oleh kerjo, Yanti banjur bisa ngewangi ekonomi keluargane, deweke banjur ngapiki omahe, nyekolahne adik-adike lan mbiyantu bapak ibuke supaya ora usah dadi buruh menyang pasar maneh. Bapak ibuke bersyukur amarga Yanti bisa sukses. Ana ing salah sawijining dina, Heri teka menyang omah Yanti. Yanti kaget, amarga deweke wis suwi ora cetuk karo Heri. Atine bungah, guyone sumringah. Heri banjur ngetok lawange, Yanti seng kepingin banget cetuk karo Heri tansah marem, nanging deweke kelingan janjine marang Widi lan atine ambyar, deweke ora iso ngguyu, tangane kaku kaya watu jalaran ora iso ngempet larane ati. Deweke banjur mlayu ngaleh ana ing kamare, Heri sing tansah ngenteni ana ing ngarep omah tansah sabar. Ibuke Yanti seng ngerasa ana uwong ning ngarep omae banjur bukak lawang, deweke kaget ngerteni Heri ngadek ana ing ngarep omahe. Banjur ngekon Heri mlebu lan nyeluk Yanti. Yanti seng iseh bingung ana ing njero kamar ora isa nolak, dewke ora isa golek alasan supaya Heri ngaleh, kanthi pasrah deweke banjur metu saka kamare.

       Kagete, Heri ora mung dewean, deweke lengkap siji keluarga karo Ayah ibuke uga adike teka menyang omae Yanti. Yanti bingung ana apa lan deweke ora iso muni apa-apa. Heri banjur nglekasi omongan, “Pak Buk, Kulo Heri wonten mriki kepingin ngelamar anak panjenengan Yanti” Yanti bingung, deweke ora percaya marang kedadean iki, Bapak ibuke yanti njawab yen kabeh keputusan ana ing tangane Yanti. Yanti sing iseh dadi patung ora isa muni apa-apa, ilate kaku, deweke ora ngerti kudu seneng apa kudu sedih. Deweke banjur kelingan kedadean karo Widi lan nyauri, “Awakmu ngomong ngono kuwi maksute kepriye Her? Piye Widi?” “Widi?, nyapo Widi Yan?” takone Heri karo bingung. “Loh, gene awakmu karo Widi ta Her?” sambung Yanti. “Hhhh, ora lah Yan, aku ki mung demen karo awakmu kawit SMA, lan aku ora isa nemokne bocah saliyane awakmu. Widi kuwi kancaku lan mung sewates kanca ora bakal luweh, aku mung tresna karo awakmu, merga kuwi aku saiki moro rene mergo aku serius karo awakmu. Piye Yan, aku kok trima apa enda?” takone Heri. “Dadie awakmu kuwi ora tau duwr hubungan karo Widi?” sambung Yanti. “Ora Yan” teges Heri Yanti sadar deweke uwes salah selama pirang tahun iki, deweke uga sadar yen deweke duwe rasa menyang Heri. Ing kana deweke banjur gawe keputusan yen deweke nerima lamarane Heri.

     Deweke sadar, apa sing diupayakne lan diusahakan kuwi bakal kawujud lan ora ana usaha sing sia-sia. Kabeh iku ana wayahe dewe-dewe lan apa kehendake Gusti iku ora ana sing kliru. Hasil ora bakal ngehianati usaha, lan secilik-cilike usaha bakal nemoni hasil ing waktu sing tepat.



Penulis 
Jeneng           : ETYKA RINA MAHANANI 
Tataran         : XII IPA 3
Urut Kaping : 10
Pawiyatan    : SMAN 1 DURENAN 

Tuesday, 24 September 2019

Tresna Simpang Telu | Cerita Cekak Basa Jawa

Tresna Simpang Telu

     Ayundi bocah wadon kang nduweni sifat menengan lan seneng banget karo nulis. Ning sekolahane, Ayundi nduweni telu sahabat yaiku Tatik, Jihan lan Ita. Jihan iki bocahe jueh senangane omong. Bocah kang lucu ing papat kekancan iki jenenge Tatik, dheweke seneng nglawak kang marakne ngguyu. Lan sing terakhir Ita, bocahe iki gampang baperan. Ayundi, Tatik, Jihan lan Ita yen ning sekolahan mesti bebarengan saben wektu.
     Dino iki sekolah libur, amarga guru ana rapat. Ayundi lan telu sahabate mau ngana'ake acara mlaku-mlaku ing Alun-Alun jam 06.00 esuk. Panggon kumpulane ing omahe Ayundi, amarga jarake karo Alun-Alun kurang luwihe 50m.
     "Assalamualaikum." Suarane Jihan ing ngarepan omahe Ayundi.
     "Wa'alaikumsalam, monggo pinarak." Wangsulane Ibuku sing lagi nyirami kembang ing ngarepan omah.
     "Inggih bu."
Krungu suarane Jihan, aku banjur cepet cepet metu.
     "Padahal isih jam 05.30 lo han, kok yowes teko ae ta." Ucape Ayundi
     "Iyo yun, aku maeng bareng ibuku sing arep menyang pasar, kan searah." Panjelasane Jihan.
Ora suwi ngono Tatik lan Ita teka.
     "Loh Han, ndungaren wes teka disek biasane awakmu molor." Guyonane Tatik marang Jihan.
Jihan isane mek mesem mesem ae.
     Wektu wes nunjukake jam 05.45 esuk. Ayundi, Ita, Tatik lan Jihan langsung mlaku mlaku nuju Alun-Alun.
     Tekane Alun-Alun, Ayundi langsung pemanasan banjur mlayu-mlayu. Ayundi ninggalne Tatik, Ita, lan Jihan sing isih mlaku karo asik omong omongan. Ing pertengahan lek ku mlayu mlayu, ana bocah lanang kulite sawo mateng, mripate sipit lan duwur sing mlayu ing sandingku.
     "Yun, mlayu mlayu dewe ta? Pitakone bocah lanang kuwi.
    " Heheh, iya mas. Sampean sinten nggeh? Jawabane Ayundi karo ekspresi bingung.
     "Aku Romi, Yun. Aku kakak kelas mu pas SMP."
     "Oalah mas Romi ta. Kanca sekelas e Mas Galang iku? Takon ku. Mas galang yaiku tonggoku sisih omah.
    " Nah iyo kuwi ileng." Ucape mas Romi.
     Gak keroso yen aku wes mlayu seputeran utuh karo mas Romi. Akhire aku mutusne mandek, leren karo mas Romi.
     "Yun......!!!" Celuk Ita sing mlaku nuju ing panggonanku.
     "Sopo Yun iki?" Imbuhe karo mesem.
     "Oh iki mas Romi, kakak kelasku pas Smp." Jawabku
     "Iki kancaku sekelas mas, jenenge Ita."
Mas Romi karo Ita kenalan.
     "Ganteng, Yun." Bisike lirih Ita.
Aku mok mesem banjur takon
     "Jihan lan Tatik ning ngendi, Ta?"
     "Wis nunggu ning ngarepan, ayo ndang balek iki wes jam 8" jawabe Ita.
Ayundi lan Ita  langsung pamitan karo mas Romi, banjur balek karo Ita.
     Ing dalan Ita panggah takon wae tentang mas Romi.
     "Yun, ganduwe nomer e mas Romi? Takon e Ita.
    " Ganduwe lah Ta, iku kan kakak kelas ku 2tahun." Jawaban ku
     "Sopo kuwi mas Romi, Ta?" Pitakone Tatik karo penasaran.
     " Mas Romi kakak kelase Ayundi, haduooh ganteng banget Tik!" Jawabe Ita karo mesem mesem terus.
     "Yun, kan mas Galang kancane mas Romi. Njaluko nomere mas Galang yo?" Imbuhe Ita.
     "Untung awakmu kui kancaku. Yolah gampang mengko tak jalukne ng mas Galang." Pungkasku.
     Tekane omahe Ayundi, bocah telu langsung pamitan balek, amarga wes awan. Aku banjur adus, sarapan, ndilok tv sambi garap tugas.
     Drrr.... Drrr.... Drrr suara getar hp ku. Tak dilok ana pesan w.a nomer anyar. Tak bukak, ternyata pesane kuwi saka mas Romi. "Niat arep njaluk nomere ning mas Galang, malah wes di w.a disek." batinku.
     Isuk iki Ayundi budal luwih esuk, amargi dino sabtu dina ne Ayundi piket. Ayundi budal bareng Ita, soale Ita yo piket dino iki.
     "Yun, piye wes oleh nomer e mas Romi awakmu? Takone Ita.
    "Uwes Ta, iyo aku arep omong awakmu jane, tapi lali." jawab ku karo menehne nomere mas Romi ng Ita.
     "Tur suwun yuyun...." Ucape ita karo seneng banget.
     "Oke oke siap, jo lali yo aku traktiran e." Ledekku.
Akhire Ayundi lan Ita guyu bareng.
     Wes ana seminggu nan iki Ita pdkt karo mas Romi, tapi Ita durung ana kabar yen wes cedek karo mas Romi. Aku yakin yen cah 2 kuwi bakal pacaran, soale mas Romi mesti takon tentang Ita ning aku, bahkan cah 2 kuwi wes dolan bareng.
     Dino minggu sesok maa Romi ngajak metu aku, alasane jare arep golek kado gawe cem-cemane, bedekku yen kado kuwi gawe Ita.
     "Yun, sesok minggu ana acara apa gak? Aku pingen ngajak awakmu golek kado. Gelem ngancani?" Ajake mas Romi.
     "Siap mas, aku minggu sesok longgar pas sore. Hayo hayo kado gawe Ita to mas?" Guyonanku.
Mas Romi mesem mesem.
      Sesok e dino minggu awan, Tatik, Ita lan Jihan dolan menyang omahe Ayundi. Dheweke pingen ngajak Ayundi dolan bareng. Nanging ayundi bingung, soale dheweke wes kadung janjian luwih disek karo mas Romi. Akhure Ayundi gawe alasan karo kanca kancane maeng.
     "Yun, ayo metu pumpung minggu lo." Ajake Tatik
     "Haduh cah, sepurane cah aku repot iki dina ana acara karo keluarga ku." Jawabku
     "Oke gakpopo lakno, awake metu cah telu ae. Minggu ngarep awak e metu genep cah papat." jawabane Jihan.
Akhire Tatik, Jihan, lan Ita metu dewe. Aku sebenere ngroso bersalah amarga wes ngapusi kanca kancaku tapi piye maneh.....
     Pukul 2 sore, mas Romi marani aku. Pamitan marang ibukku banjur langsung metu. Aku karo mas Romi golek kado ning toko Merpati sing ana ing pertigaan kidule Alun-Alun.
     "Yun, cah wedok kuwi senengane opo yo?" Takon mas Romi.
     "Gak ngerti mas, umume cah wedok seneng marang boneka. Aku yo seneng hehehehe." Jawabku karo guyon.
     Tatik, Jihan lan Ita dolan menyang Alun-Alun cah 3 kuwi arep golek sepatu ing toko Merpati. Toko kuwi podo karo toko sing tak gawe golek kado boneka karo mas Romi. mlebu ing toko kuwi Tatik, Ita lan Jihan nyawang Ayundi lan mas Romi berbarengan ning bagian boneka.
     "Loh iku ndak yo Ayundi to cah?" Pitakone Tatik marang Jihan lan Ita.
     "Iyo Tik, kuwi Ayundi. Lha kok metu karo mas Romi padahal maeng lek muni enek acara karo keluarga ne." Jawabe Jihan
Nyawang mas Romi karo Ayundi, Ita langsung marani cah loro kuwi.
     "Yun, jare ana acara karo keluarga, kok malah metu karo mas Romi. Awakmu ngerti kan yen aku seneng karo mas Romi. Isa isane awakmu metu bareng wonge!!." Ucape Ita karo emosi.
     "Ta, iki ra koyo sing kok pikirne. Sepurane Ta, aku ngapusi mergo aku wes janjian disek karo mas Romi gawe golek kado nggo awakmu Ta, mekane aku ngapusi awakmu.." Jelasku.
     "Kado gawe Ita? Awak e golek kado nggo awakmu Yun." Jawabe mas Romi.
Ayundi bingung "Lah jare sampean arep golek kado nggo cem ceman mu mas?.
    " Iyo kado kuwi nggo awakmu. Cem ceman ku kuwi awakmu, aku wes seneng karo awakmu wes suwi kawet Smp." Jawab mas Romi.
Krungu jawaban e mas Romi, Ita langsung balek menyang Parkiran. Dheweke pingen muleh, atine wes ra karu karuan. Tatik lan Jihan langsung nututi Ita, ngeneng ngeneng Ita. Ditututi Ayundi, Ayundi ndak pingen yen kesalahpahaman iki ngrusak kekancanane. Tekane ngarepe Ita, Ayundi jelasne yen Dheweke ora ana perasaan karo mas Romi. Dijelas no sejelas jelas e nyang Ayundi, akhire Ita maafno Ayundi.
Bocah papat kuwi janji yen ora bakal tukaran maneh amarga kesalahpahaman tentang cah lanang.


Penulis
Jeneng : Ayundi Intan Pramesti
Tataran : XII IPA 3
Urut kaping : 05
Pawiyatan : SMAN 1 DURENAN

Monday, 16 September 2019

Areng lan Geni | Cerita Cekak Basa Jawa

Areng lan Geni

Pedah unta sing ngetokake alunan endah, saben pancalan kang bisa nglerekake manah, Caca murid SMA NEGERI 1 Durenan kelas 12 IPA3, kang duweni watek andhap asor marang tiang sepah, sumeh, ireng manis, pinter lan jembar atine. Ananging uripe serba pas-pasan, bapane kerja menyang sawah lan ibune megawe menyang pabrik rokok, masia manggon ing kaluarga sing kekurangan, Caca tetep bersyukur lan nerima sedaya pangersanipun gusti,iki kang dadi penyebab Caca sregep sinau kanggo buka masa depan kang padhang.
"Nduk Caca, bapak ancen mboten gadah nopo-nopo, mula kui Caca kudhu sekolah saduwur-duwure supaya bisa ngangkat derajate wong tua", kui motivasi saka bapane Caca sing saben dinane dadi penyemangate Caca sregep sinau,sahingga Caca bisa mertahanake peringkat siji kawet SD tekan SMA.
Caca anduweni kanca kang paring asma Septi, "Woi, nglamun wae kesambet kapok"(bengok sakbantere) , Septi ujuk-ujuk nggeplek pundhake Caca nganti dheweke njingkat lan pedahe oleng. Septi kui kancane Caca kawet TK sampek SMA, dheweke andhuweni watak grapyak, aktif, putih, dhuwur lan dadi kebanggaane guru amarga njabat dadi ketua osis menyang sekolah favorit sekabupaten. Bapane anduweni perusahaan batu bara menyang Papua lan ibune dadi dokter spesialis untu menyang Surabaya. Septi urip ing kaluarga sing serba mewah, nanging masio dheweke sugih, Septi ora tau pilih-pilih kekancan, iku sebabe Septi dadi idola menyang sekolah, kadhang gara-gara kui Caca kepingin manggon ing posisine Septi. Putih, dhuwur, ketua osis lan dadi idola sekolah, "Sapa sih,sing ora kepingin? ". Ananging Caca ngerti lek pangeran mesti adil marang kawulanipun, saben wengi Caca sholat wengi supaya cita-citae bisa kawujud. Kawet cilik Caca digembleng kudu taat marang agama. Sapisan wae kaweruhan sholate glendor, rotan bapak Caca tetep bersyukur duweni keluarga kang tresna marang Caca. Keluarga cilik kang kebak cerita suka lan dukane, saben coba urip kang abot mesti dilakoni bebarengan kanthi ikhlas lan sabar, iku kuncine bangun kerukunan keluarga supaya panggah tentrem lan harmonis.
Sakwise mancal sepeda nglewati dalan kang jarake 12 km saka omah nganti sekolahan,  Caca lan septi langsung markir sepeda lan moro menyang kelas lingguh bebarengan. Sakwise jam pelajaran entek Septi ngejak Caca ngerjakake tugas bebarengan menyang omahe Caca, "Ca, mulih sekolah ngerjakake tugas basa daearah ing mahmu yo", saben ana tugas,Caca lan Septi mesti ngerjakake bebarengan.Mulih sekolah septi banjur menyang omahe Caca garap tugas, ibu lan bapake Caca wis kenal sui karo Septi amarga Septi sering dolan menyang omahe Caca. "Buk, Septi badhe ngerjakaken tugas basa daerah kalih Caca malih nggih". Septi taren menyang ibuke gawe logat kang alus lan ditanggepi apik marang ibuke Caca.
 Septi wis sejam garap tugas memyang omahe Caca, ujuk-ujuk enek mobil kang nglakson banter ing ngarep omahe Caca, "Septi, kui rakyo bapakmu", Caca ndudohi Septi lek dheweke diparani bapake. Septi kang fokus garap tugas, ora sadar lek Septi wes sui menyang omahe Caca nganti dipapak bapake Septi. "Ngerjakake tugas kok ora taren disek lan ngampek surup pisan, Septi arek dadi bocah nakal? ", Bapake Septi banjur ndukani Septi amarga ora ngerti wayah, Septi eket-eket nyangklong tas lan pamitan marang ibuke Caca ing ruang tamu, wajahe Septi pucet saking wedine karo bapake lan langsung melesat adoh mancal sepedahe. Caca sing eruh kedadean kui langsung digampek pertanyaan akeh sing amung Septi sing bisa jelasne kui kabeh, "Bapake Septi kok malih kasar? ana apa? padahal bapake Septi ki kalem". Caca akhire ngringkesi buku lan duwe niatan nekok i Septi sesok ing sekolah.
Budhal sekolah Caca lingak-linguk "Loh, wis awan Septi kok udung ketok? " batine Caca nganti kebingungan, tibake Septi teka kasep lan peraupane lusuh ora kaya biasae, "Sep, kok dengaren kasep? ",Caca takon marang Septi gawe basa alus nanging karo Septi amung diwales esem sepet lan Caca wis ora tekok maneh menyang Septi. Setengah dina sinau ing sekolah tanpa omong-omongan kaya biasae marai atine Caca ganjel,akhire Caca ngewanekake takok marang Septi ngenani perubahan sifate Septi sing beda 180• kaya biasane. "Sep, sampean opo duwe masalah? ". Caca tekok nganti ati-ati supaya Septi gelem bagi masalahe Septi marang Caca, ananging karo Septi amung diwales godhek lan mesem kepekso.
Kedadean perubahan Septi tansah agawe bingung lan penasaran Caca, Kaping telune Caca manekake maneh takon marang Septi karo kalimat sing rodok maksa "Sep, lek sampean duwe masalah coba cerita menyang aku menawa Caca bisa bantu, sikapmu aneh kawet mau isuk, sakjane ana apa sep? ". Septi nyawang Caca jeru-jeru lan ndadekake Septi ujuk-ujuk ngrangkul Caca raket-raket lan sesenggukkan ngetokake eluh bening saking mata, Caca tambah bingung karo tingkahe Septi. "Lek ancen nangis bisa marai atimu ayem nangiso disek sep, mangko lek wis ayem,coba sampean cerita menyang Caca menawa bisa bantu". Septi nangis menyang pundhake Caca lan Caca cuba nglerem atine Septi supaya ayem, sakwise Septi meneng banjur Septi cerita menyang Caca. "Ca, Septi wis ora kuat, Septi pingin ning posisimu, keluargamu harmonis, guyub rukun lan isek utuh,ananging keluargaku wis remuk". Tibake penyebab sifate Septi berubah 180• amarga keluargane Septi arek pisahan,nangis sing marai Caca bingung yaiku omongane Septi sing pingin dadi Caca, bisa dijupuk kesimpulan bahwa Septi sing keluargane mewah tibake ora bahagia amarga kurang kasih sayang wong tua ananging Caca sing saka keluarga kang pas-pasan malah bisa mujudake keluarga kang guyub rukun.
Caca kaget, bocah sing selama iki dadi kebanggaane guru, putih, duwur, pinter,sugih tibake duwe cerita kelam.  Caca banjur ngejak Septi ketemu bapak ibuke Septi kanggo jelasne kabeh unek-unek Septi supaya ora pisah. Mulih sekolah Caca lan Septi banjur moro menyang omahe Septi, ing jero omah ketok bapake Septi maca kertas lan nyekel pulpen, nanging ibuke Septi nglamun wae. Septi langsung ngrangkul ibuke Septi lan nyeritakake kabeh kegrundelane Septi, ora sui bapake nyusul lan nekok i penyebabe Septi nangis sesenggukan, Septi jelasne lek Septi sayang karo bapak lan ibuke nganti ora kepingin pisah. Ibu lan bapake Septi podo sinawangan siji marang sijine, ora let sui ibuke Septi melu nangis lan bapake ngomong marang Septi "Nduk Septi, bapak lan ibuk nyuwun sepura amarga wis gegabah jupuk keputusan, bapak janji bakal gawe keluarga cilik adewe bisa harmonis kaya ndisek jaman kolobendu". Tangis keluarga ambyar, Septi lan wong tuane akhire mutusake bakal rujuk maneh. Caca sing kawet mau meneng ning poncotan melu brebes lan bungah atine amarga keluarga kanca rakete malih utuh maneh.
Akhire bapak lan ibuke Septi moro menyang omahe Caca,kanggo matur suwun marang Caca amarga wis dadi penyemangate lan ngancani Septi ing masa susah sampek senenge,kawet cilik tekan gedhe. Kanggo bales kui kabeh, wong tuane Septi sepakat bakal biayai sekolahe Caca nganti Caca lulus kuliah S-1, kedadean iki agawe wong tuane Caca lan Septi tansoyo cedek nganti kaya keluarga kandung.

 RAMPUNG

TUGAS BASA JAWA CERKAK
Penulis : Septya Dwi Salsabillah
Kelas/nomer absen : Xll IPA3/27
Sekolah : SMA NEGERI 1 Durenan







Layangku | Cerita Cekak Basa Jawa

LAYANGKU

“cinta kui kudu dilahir ake, mergane ora kabeh uwong kuwi peka karo lelabuh e atimu”
Nila Amanda Putri  minangka  siswa ing SMA ANGKASA Malang, Nila sing ayu lan dhuwur sing nduweni wajah ayu lan rambute apik nalika ora diwatesi. Nanging Nila ora paling apik ing Sekolah Menengah Angkasa isih akeh bocah sing luwih ayu lan populer ing kana. Nek kelas IPA 2 Nila ketompo SMA lan duweni kanca jenenge Tani lan Rendy. IPA 2 termasuk kelas unggulan ing SMA ANGKASA.
"nila sampeyan pengin melu BIMBEL. Apa bener ya?" Takon Tania, Tania minangka  kanca kelase Nila, Tania dadi konco Nila kawit dewek e SMA lan mlebu kelas sing podo"durng ngerti ya, didelok ae engko tan." Ujug-ujug kabeh ing kelas padha kaget amarga ana wong sing bengok-bengok ing ngarep lawang ing kelase "Nila aku pengin sampeyan dadi pacarku dina iki !!!" kabeh bocah ing kelas padha kaget, ora amarga kepiye nembak cah wedok nanging dheweke kaget amarga ana HANIF wong lanang sing adhem lan kondhang yen pinter  ing Sekolah Angkasa. Nila kaget banget, mula Hanif pancen wong sing adhem, nanging yen dipikir maneh Hanif  wong sing bisa diarani kaya bocah lanang lumrahe, dhuwur 170 cm, kanthi irung sing landhep lan awak atlit. Hanif nyedhaki Nila kanthi menehi kembang "Awak e wes pada gedhene. Aku ora guyon. Aku ora dadi wong sing misuwur nanging paling ora bisa dadi wong sing pengin ngrungokake kabeh cerita sedih senengmu lan aku dadi wong sing bakal dadi pelindungmu." Krungu tembung kasebut Nila ora asing amerga deweke tau weruh tembung kuwi, saiki Nila bingung arep mangsuli. Pancen Hanif wong sing apikan, nanging dheweke ora ngerti, dheweke mung weruh Hanif  krungu saka kanca-kancane.
2 wulan kepungkur
Nila mesthi mangkat awal menyang sekolah nganti dheweke dadi bocah pertama sing mlebu kelas, saiki Nila mlebu kelas kaya biasane. Ujug-ujug enek  kembang lan surat sing isine"aku ora ngerti kembang sing mbok senengi, muga-muga sampeyan seneng karo kembang sing aku pilih kanggo sampeyan.” Nila mesem maca serat sing ora ngerti saka ngendi, dheweke mikir yen dheweke duwe penggemar rahasia. Nila nyimpen kembang lan surat ing kanthonge. Miwiti kanca-kanca teka siji-siji menyang kelas sing nandak ake manawa kelas bakal diwiwiti.
Wiwit dina iki Nila tansah oleh kembang lan surat saben esuk lan isi surat tansah manis "Laut nduwe rahasia, Bumi duwe rahasia Semesta duwe rahasia.. iki rahasiaku sing saiki ora dadi rahasia maneh  aku tresna marang Sampeyan" lan ana liyane sing luwih manis "Aku dudu supermen Nila, nanging kanggo sampeyan aku bisa dadi Super Human !!" Nila penasaran banget karo pangirim surat kasebut. Dheweke ora nate rumangsa sapa sing ana ing sekolahan kasebut amarga kasunyatane dheweke ora cedhak karo sapa. Surat kui saiki wes ana 30 biji artine wes sebulan si penggemar rrahasia menehi Nila surat.
Esuke Nila entuk kembang lan surat bali nanging isi serat kaget "Mengko jam 10:00. Aku ngenteni ing perpustakaan hmmm ... Aku nunggu nek cedek rak. 809  kode awak e yen ana layang sing kudu diiringi kembang "Nila seneng banget amarga pungkasane dheweke bakal ngerti sapa sing ngirim surat manis sing ditunggu. Nila penasaran banget karo rai lan uga katon rahasia layang kasebut.
Tepat jam 10.00 Nila wis perpustakaan ing ngarep rak 809. Nanging jam wis ditampilake jam 10:15, nanging wong iku durung teka, nganti pungkasane Nila nolih lan ing ngarepe ana wong sing ora ana ing pikirane utawa ing ngimpi Nila. "Nila banget gemeter lan kaku" Yen ana layang, kudu diiringi ???? Yep Dimas, wong sing paling adhem ing Sekolah Menengah Angkasa "kembanglah nng buku lo enek jawaban e," ujare Nila kanthi ora sopan. Nanging aneh, Dimas dumadakan nilar Nila, sakperangan alesan Nila sing seneng saiki, banjur sedhih. Apa bisa uga Dimas ?? Wong sing digoleki amarga layang lan kembang. Dheweke krasa aneh lan bingung karo krasa dheweke, mula ora bakal kuciwa nalika Dimas lunga. Amarga kasunyatane durung kabukten manawa dimas nulis serat kasebut. "Apa aku jatuh cinta karo manungsa utawa jatuh cinta karo laying e sing manis."
Wiwit kedadeyan kasebut, Nila mesthi nyawang Dimas saka kadohan, lan wiwit acara ing perpustakaan ora ana kembang lan surat liyane sing mesthi ana saben esuk. Nila rumangsa ilang antarane sing nulis surat utawa ilang tembung manis panulis.
"dimas wong e pie sih ren?" Takon Nila marang Rendy. Rendy minangka kanca sakelas saka Nila sing uga dadi kanca ekstra ekstrakurikuler musik Dimas. "Hah ?? Napa sampeyan ... kaya demen karo dimas ?? apik nanging kuwi songong anake. "Nila gemeter krungu tembung" demen "dheweke uga sensitif banget karo tembung-tembung akhir-akhir iki" Nuwun, mung takon. Aja sotoyyyy !!! "wangsulane kanthi sikap tegas" sopo ngerti ae awakmu upik abu retuk pangeran kayangan kaya Dimas"wangsulane Rendy kanthi santai “Oalah, nuwun, bro, "wangsulane Nila," guyonnn ojo nesuu, sampeyan ayu, sampeyan apik, makane  akeh sing seneng karo sampeyan. Sampeyan ae sing ora tau weruh. ”Wangsulane Rendy lirih, tembunge Rendy kena kanggo Nila. Iki minangka pertama kali Rendy muji Nila, biasane Rendy nyeluk Nila cupu.
Pungkasane Nila wiwit bosen nemokake rahasia penggemar, dheweke kuciwa amarga ketoke Dimas ora ngirim. Banjur sapa ta? Nila wis nggolek instruksi ing perpustakaan ing rak no. 809 ana mung siji huruf ing kono "Aku dudu wong sing misuwur nanging paling ora bisa dadi wong sing pengin ngrungokake kabeh kegelisahan sampeyan lan aku wong sing bakal dadi perlindungan sampeyan." Nanging dheweke wis puguh karo kabeh teka-teki sing diadhepi.
Dheweke wis nesu karo serat lan kembang kasebut sajrone sewulan, nanging dheweke uga ora bisa ngandhani sapa wae. Dheweke isin amarga wedi yen bakal disangka yen dheweke pura-pura nduwe penggemar rahasia.
"jerene, Hanif seneng karo sampeyan," ujare Stevi seminggu kepungkur, Nila kaget, ora dadi Hanif. Nanging ora mungkin, ing endi Hanif sing sepi, mula nulis surat lan menehi kembang, mula pancen ora mungkin. Nanging ora mungkiin ilang nalika Hanif nyerahake kembang ing ngarepe dheweke saiki lan ujar "Aku dudu wong sing misuwur nanging paling ora bisa dadi wong sing pengin ngrungokake kabeh kuwatir lan aku dadi wong sing bakal dadi pelindung sampeyan." Nila takon, "Saka ngendi sampeyan entuk tembung kasebut?" Takon Nila kanthi perasaan sing ora tugel "saka serat ing buku kasebut ing perpustakaan." Lan DOOR. Harapan Nila wis ora ana maneh saiki dheweke krasa kelam-kabut lan nangis ora bisa dikutuk lan dheweke takon maneh "apa sampeyan terus ngirim surat lan kembang sewulan kanggo aku?" Hanif bingung apa sing arep dijawab amarga dheweke ora ngerti apa tegese Nila. Lan kabeh kaget  kanthi swara "Aku sing ngirim Nila" kanthi ora disangka lan ora disangka-sangka mikirake yaiku Randy. Randy minangka kanca sing mesthi nyeleneh menyang Nila, Rendy, kanca kelas e. Nila ora bisa ngomong, Nila nangis lan mlayu saka para siswa akeh. Nila rumangsa bodho lan cuwa ing kene. Nila bingung sapa sing ditresnani, apa dheweke bisa tresna kembang lan surat utawa pangirim e. Jagad iki ora bisa diramalake amarga jagad iki duwe cara kanggo menehi kejutan kanggo manungsa, kalebu babagan First Love.





Penulis : Anggun Pratiwi
Kelas : XII IPA 3
Absen : 03
Sekolah : SMAN 1 DURENAN

Pangkat Dudu Emas | Cerita Cekak Basa Jawa

“PANGKAT DUDU EMAS”

Kacarita, ing salah sawijining kutha, ana Sekolah Menengah Kejuruan. Sekolah kui terkenal karo kedisiplinane, keras, lan ketat banget peraturan kang diterapake dening Kepala Sekolahe yaiku Bapak Rudi. Ora ana murid sing iso ngubah lan wani nglanggar sistem pendidikan ing sekolah kui. Sopo wae sing wani  nglanggar peraturane iso bakal ditokne saka sekolah. Ing kono, ana bocah telu kang wes kekancanan cedhek, jenenge yaiku Farhan, Salman lan Fiki. Bocah telu kui murid jurusan Teknik Mesin lan saka latar kang beda – beda. Fiki anake wong sugih lan dheweke seneng Fotografi. Ananging, kapekso sekolah Teknik amarga wong tuwane kepingin Fiki dadi Dosen Teknik Mesin. Fiki duweni kapinginan dadi Fotografi Internasional. Akhire dheweke  ora duwe semangat marang sekolahe amarga ora pada karo kekarepan atine. Dheweke dadi bocah kang males lan kerep oleh biji elek ing kelase. Farhan kui anake wong ora nduwe ananging dheweke duweni kapinginan lan tekad kang gedhe kanggo njunjung ekonomi keluargane. Ibune Farhan kui guru pensiunan sing kudu banting tulang isuk nganti sore kanggo biayani sekolah lan kuliyah kanggo Farhan lan ngurus bapake kang lagi gering – geringen. Beda karo Salman, Salman kui bocahe pinter lan duweni pikiran kang maju. Saking pintere, dheweke kerep dikira aneh marang kancane amarga dheweke seneng otak atik mesin lan gae mesin – mesin kang anyar. Salman ora seneng karo sistem kang ana ing sekolahe amarga sisteme kang kuna, artine kuna yaiku sekolah kang dituntut kudu oleh biji kang apik lan ora malah minterake muride ananging malah gawe murid tertekan amarga sistem pendidikan kang keras. Sekolahe Salman uga ora gawe teknologi modern kayata sekolah liyane. Sekolahe mung ngandelake ilmu saka buku lan mesin kang isih tradisonal.  Salman kerep diutus metu saka kelas amarga dheweke ora manut sisteme sekolah. Saktenane Salman kui ora arep nentang sisteme sekolah, ananging dheweke pengen dadekake sekolah kui sekolah kang maju kang kenal marang teknologi modern.  Nalika Salman diutus metu saka kelas, dheweke banjur melu pelajaran ing kelas liyane.
Ing wayah isuk ing sekolahan kang sek sepi, Fiki mlaku saka arah kulon lan Farhan ing mburine karo mesam – mesem, “Good morning gaes! Haha, kaget to” “Eeeh ya Allah meh ae jantungan. Bocah siji iki senengane lek ngageti ae, untunge kok ora semaput Aku” saurane Fiki. “Alahh eram. Yaa sepurane ae  haha” jawabe Farhan. “Dengaren awakmu wes budal, gek endi Salman?”  pitakone Fiki. “Aku maeng ya ngenteni wonge nanging kok ora teka – teka, tak kira lek wis budal” jawabe Farhan. “Mendah iya ta urung budal, biasane dheweke sing paling sregep ketimbang awake” ujare Fiki.
Ora let suwi Salman teka saka arah perpustakaan. “Lhaaa kui lo panjang umur sampean cah baguss. Teka ngendi ae? Tak enteni suwi ora tea – teka” celathune Farhan. “Sepurane ya Aku maeng pengen ae budal isuk ”, saurane Salman.
Bel tandhane mlebu wes muni. Bocah – bocah podo mlebu kelase dewe – dewe. Dina iki jam pertama wayae pak Harto mulang ing kelas teknik mesin 4, oraliya kelase Farhan lan kanca – kancane. Pak Harto takon marang bocah – bocah “Cah Aku takon, apa ta kang diarani mesin kui?” barkui ana bocah kang langsung jawab kanthi ngangkat tangane. Bocah kui jenenge Alsen. Alsen sregep ngapalne basane buku. Dadi, yen ana pitakonan kabeh jawabe persis opo kang ana ing buku. Ananging dheweke duwe rasa gumedehe , ngrasa paling pinter dewe ing kelase. Dheweke anake wong sugih lan paling demen yen Farhan lan kanca – kancane kena masalah.
“Kula saget pak. Mesin yaiku alat mekanik utawa alat gantine energi kanggo ngewangi saben kegiyatane manungsa. Mesin kui perlu masukan supaya bisa ngasilake energi lan bisa nglakoni tugas kang wis diatur kanthi otomatis”, wangsulane Alsen. “Benerr. Uplause kanggo Alsen”. Pak Harto seneng marang wangsulane Alsen. “Apa ana pitakonan?” ngendikane Pak Harto. Banjur Salman angkat tangan “Pak, menapa mboten damel basa kang sederhana, mesin yaiku alat kanggo ngewangi kegiyatane manungsa, kayata TV, radio, kipas lan liyane kui kabeh saka mesin. Napa sedaya niku kedah sami persis kaliyan buku?”. Pak Harto ora seneng marang wangsulane Salman banjur ngendika “Wahh iki piye cah saiki enek sing wes wani yaa, gae aturan dewe, yen awakmu ora gelem manut aturanku, ora manut karo buku metua ae saka kelasku saiki!!!” “Ngapunten Pak… maksud kula niku mboten ngoten….” Wangsulane Salman. “Alahh metua ae saka kelasku!!” ngendikane Pak Harto. “Makane ta aja sok keminter. Manuto ae karo aturane Pak Harto”, celathune Alsen. Salman banjur metu saka kelase, ananging dheweke ora cilik ati. Dheweke banjur melu pelajaran ing kelas liyane. Amarga ujian akhir kurang seminggu engkas.
Saurunge muleh sekolah, Farhan lan kanca – kancane mangan ing kantin. “Cah, ora let suwi engkas ujian akhir to, kepriye yen kita kui sinau bareng supaya bisa lulus. Alsen ae iso, aja gelem kalah karo Alsen. Mengko iso ing omahku utawa omahe Fiki ae sing tengah - tengah”, ujare Farhan. “Lek aku melu – melu aee”, saurane Fiki amarga dheweke ora semangat ing sekolahe. “Sepurane ya cah…. Aku ndak iso melu, Aku kudu ngrewangi Bapakku ”, jawabe Salman. “Sepisan iki ae ta ijin marang bapakmu lek bakale yo di ijini” ujare Farhan. “Aku ndak iso cah. Westa awakmu karo Fiki ae yaa sepurane….” Jawabe Salman.
Dina ujian wes teka. Farhan, Fiki, lan Salman lungguh ing posisi kang beda – beda. Farhan lan Fiki duwe rasa wedi yen ora lulus. Ananging dheweke tetep nggarap kanthi tenanan. Beda karo Salman, dheweke nggarap kanthi anteng amarga dheweke yakin lan wis sinau tenanan. Dheweke luwih seneng  ngerti marang konsep tinimbang ngapalake buku kayata  Alsen. Wektu ujian wis rampung. Alsen numpuk disek dewe. Farhan, Fiki, lan Salman numpuk keri dewe nganti neng Pak Harto arep ditinggal metu saka kelas. Sakwise kui Farhan, Fiki lan Salman muleh bareng. Dheweke liwat kelas Farmasi kang isine meh wadon kabeh. Ing ngarepe labolatorium kimia ana bocah ayu metu lan ora sengojo ditabrak dening Salman amarga Salman lan kanca – kancane mlaku kanthi geguyonan ora dideleng dalane.
“aduh gustiii laporanku….” Ujare Ifa bocah wadon mau kanthi bingung. “kepriye to Salman ki mlakune ora di sawang tenanan”, celathune Fiki. “ehhh sepurane yaaa…. Aku ra sengojo lo… sepurane banget….” Wangsulane Salman. “iyaa wis laporanku orapopo. Liya wektu yen mlaku ki disawang dalane aja karo geguyonan” saurane Ifa. “iyaa suwun lo yaa… yen oleh ngerti awakmu jenenge sapa?” “jenengku Ifa. Aku kelas Farmasi 2. Aku lagi ana jam tambahan ing labolatorium” jawabe Ifa. “ayo cah awake kudu muleh saiki yen ora ndang muleh selak di dukani mengko”. Salman muleh kanthi terus nyawangi Ifa kang lagi geguyonan karo kanca – kancane ing ngarepe labolatorium kimia. Ketarane Salman seneng karo Ifa. Ananging dheweke ora ngerti yen Ifa kui anak tunggal kepala sekolahe.
Dina kang di arep – arep wis teka. Dina iki maeng pengumumane kelulusan. Hasile iso didelok ing mading utamane saben – saben jurusan. Bocah – bocah pada ngrubung mading nganti Farhan lan Fiki ora ketara. Jenenge Fiki lulus pas ing dhuwure garis abang lan jenenge Farhan ana ing dhuwure Fiki. “he Fik, endi jenenge Salman kok ora enek, wonge lulus opo ora?” pitakone Farhan. “mengko lek dheweke ora lulus kepriye? Jenenge ora enek neng ngisor dhuwure awake lo….” Saurane Fiki. Ora suwi banjur Salman teka. Ora disangka yen jenenge Salman ana ing urutan nomer siji lan disusul Alsen ing nomer loro. Farhan lan Fiki kaget, amarga Salman yen wayah diulang kerep dikon metu saka kelas. Fiki lan Farhan pada gegumunan kepriye carane Salman bisa lulus cumlaude. Farhan lan Fiki bingung arep seneng amarga jenenge kancane ana ing dhuwur dewe apa kudu susah amarga jenenge ana ing dhuwure ambang ora lulus.
Ing dina Senin, nalika upacara bendera Pak Rudi selakune kepala sekolah ngumumake acara promnight lan purnawiyata. Promnight kui kanggo menehi penghargaan kanggo siswa kang berprestasi lan purnawiyata kanggo mbalekake siswa marang wong tuwane. Promnight dilaksanaake dina selasa bengi, lan purnawiyatane dina Rabu isuk ing gedung serbaguna cedheke lapangan Candra Bhirawa. Ing acara promnight, Alsen gawe rencana kanggo nyekap Salman supaya ora bisa teka ing acara promnight. Alsen ora seneng karo Salman amarga dheweke wis ngrebut posisine dadi juara siji ing sekolahan. “aku kudu gawe rencana supaya Salman ora bisa teka ing acara kui, dheweke wis wani – wanine ngrebut posisiku. Dheweke arep tak sekap ana ing gudang mburi sekolahan”, batine Alsen.
Promnight dilaksanaake ana ing lapangan utama. Bocah – bocah uga ngewangi nata –nata supaya acarane lancar. Salman, Fiki, lan Farhan uga ngewangi ngusungi meja utawa kursi – kursi kanggo kaperluane mengko bengi. “he cah… ayo leren disek, aku wis kesel iki, mengko diterusne maneh”, sambate Fiki. “hooh Fik aku yaa wis kesel, eh… kepriye yen kita neng kantin sedhela wae, aku luwe banget iki, piye Salman?” pitakone Farhan. “budalo disek wae cah aku mengko tak nyusul”, jawab Salman. “hoalah…. Ayo taa bareng – bareng supaya rame…”saurane Farhan. “wis taa disik o wae. Aku tak nerusne iki sedhela. Janji bakal nyusul rono engko” “tenan lo yaa…. Awas ae nganti ora Ifa mu bakal tak dadekne pacarku, haha….” Jerene Fiki karo guyu cengengesan. “apa taa awakmu ki kancaku apa uduk sakjane”, saurane Salman. Saktenane, Salman kui nyimpen rasa marang Ifa. Ananging, dheweke ora wani omong marang Ifa. Salman luwih mentingake sekolahe katimbang liya – liyane.
Ora let suwi, sakwise Farhan karo Fiki budal menyang kantin, Alsen teka lan nawani banyu marang Salman. Sajake banyu kui diwenehi Alsen obat supaya salman turu. “Salman, menawa tak ewangi kepriye? Sajake awakmu kok wis ketara kesel ngono. Leren o disik kilo tak gawakne banyuku ombenen ”, jerene Alsen. “hoalah ora perlu repot – repot sen…. Aku ndak apa – apa kok”, saurane Salman. “wis taa…. Kilo ngombea… ora perlu leren sak orane ngombea banyu iki senajan sethithik”. Nalika Salman lekas arep ngombe banjur ana suara sound system kang ngageti “alahh kae lo arek – arek njajal sound”, jerene Alsen. Ana 20 menitan sakwise, Salman  krasa ngantuk banget banjur turu ing kursi ing mburine panggung. Ing mburine panggung kui sepi, ora ana sapa -  sapa. Banjur Alsen nglakoni rencanane gawa Salman menyang gudhang kanthi di seret. Sakwise teka gudhang, Alsen banjur ngancing lawang gudhang lan ditinggal ngalih.
Acarane promnight dilekasi. Bocah – bocah perwakilane kelas 10 lan 11 nampilake jejogedan, nyanyi, nembang, maca geguritan lan keseniyan liyane. Farhan lan Fiki uga wis teka, apa meneh Alsen dheweke semangat banget nalika kui. Farhan lan fiki clingukan goleki Salman. “Han, neng di yaa Salman, wis yahmene iki kok  urung teka – teka. Iki wis arep acara penyerahan penghargaane lo….”, ujare Fiki. “hooh yaa… sakwise saka kantin maeng yaa ora ana bocahe, paling maeng ya wis muleh disek”, saurane Farhan. “ehh… sek ya aku arep neng mburi disek, kebelet iki wesan” jerene Fiki. “alahh kowe ki tuman” jawabe Farhan.
Sakwise Fiki saka jedhing, dheweke mlaku liwat mburi sekolahan amarga tamu – tamune kabeh wis padha teka. Nalika dheweke liwat ngarep gudhang, dheweke eroh jam tangan kang biasane digawe Salman. Jam kui maeng ceblok nalika Alsen gawa Salman mlebu menyang gudhang. Fiki ngira yen mesthi Salman kui ana ing njero gudhang. Fiki banjur nelpon Farhan supaya cepet – cepet teka lan njaluk kunci ing pos satpam ngarep lan nulungi Salman. Gudhang kui digembok saka njaba. Fiki ora iso mbukak. Ora let sui, Farhan teka. “behhh kowe ki suwi banget saka ngendi ae”, ujare Fiki. “ikilo aku ki dadak tukaran karo satpam ngarepan kae lhoo….”, jawabe Farhan. “wis wis saiki gek ndang dibukakne ae mesakne Salman”. “kepriye iki kuncine wae ana akeh”, pitakone Farhan. “wista jajalen kabeh kui, mesakne Salman ing njero”, jawabe Fiki. Salman ing njero uwis sadhar yen dheweke ditaleni ing gudhang. “heeee tulong tulongggggg… ana uwong opo ora ing njobo kui tulungono aku iki ning njero gudhang…”, omonge Salman kanthi bengok. “ikilo Man, aku wis ing njobo sek yaa iki aku karo Farhan njajal bukak”, jawabe Fiki. Ora let sui lawange gundhang iso kebukak. “kepriye lo critane awakmu kok iso ing kene ki?” pitakone Fiki. “wis taa mengko wae tak critani saiki ayo cepet – cepet rono selak jenengku diceluk” ujare Salman. Ing promnight kui jenenge Salman uwis disebut kaping 3, ananging Salman ora ndang teka. Ing batine, Alsen seneng banget. Nalika acara uwis arep ditutup, Salman teka lan munggah ing dhuwur panggung. Dheweke nyritakne kepriye iso ana ing gudhang. Sakwise kui kepala sekolah menehi piala siswa berprestasi marang Salman. Kepala sekolah uga ngendika yen ana CCTV ing lapangan kui, dadi iso ngerti sapa sing wis ngunci Salman ing gudhang, Alsen ing kono gemeteran, krasa wedi ananging dheweke uga tetep tenang supaya ora ana wong sing curiga. Sakwise acara promnight rampung, kabeh diutus ngumpul kanggo ndelok rekamane CCTV kui mau. Ing njero rekamane kui ana Alsen kang lagi nyeret Salman menyang gudhang. Banjur kabeh nyawang Alsen. “Iyaa pancen aku sing gawa Salman menyang gudhang. Salman kui wis ngrebut posisiku dadi juara siji, aku ora seneng kui. Wayae aku sing oleh piala kui, amarga mung aku wae sing pantes. Salman ora pantes oleh kui, Salman lo ora nduwe apa – apa” ujare Alsen.
Sakwise kejadian kuwi sakbare kelulusan, bocah 3 kui nglakoni urip kang beda – beda. Kabeh mencar dewe – dewe. Semono uga karo Alsen, bocah sing gumedhe, sing ngunggung drajat, pangkat lan status kui kudu nomer siji uga duweni dalan kang beda. Farhan, anake wong ora nduwe iso oleh beasiswa kuliyah ing ITB Bandung amarga dheweke gelem sinau lan donga marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Fiki, bocah sing kepingin dadi Fotografer Internasional akhire oleh ijin saka bapake diolehi mlebu Fotografi ISI Yogyakarta lan dheweke uga melu pertukaran pelajar ing kampuse. Banjur Alsen, sing senenge ngremehne kancane, dheweke kuliyah ing kampus swasta ing kuthone. Dheweke ora ketrimo ing kampus negri. 
Farhan lan Fiki semayan arep goleki kancane, Salman sing ora ana kabar. Salman lan Fiki terus ngupengi kabeh omahe kanca – kancane ananging ora ana sing ngerti panggonane Salman. Farhan lan Fiki uga wis nggoleki ing omahe Salman, ananging omah kui saiki uwis dituku karo wong liya. Ing Lumbung Merah Resto Farhan lan Fiki cethuk karo Alsen. Alsen uga arep goleki Salman amarga dheweke arep njaluk sepura. Saiki Alsen kuliyah karo kerja ing perusahaan dealer mobil kang terkenal. Dheweke sadhar  yen wis gawe kesalahan. “aku uga rep nggoleki Salman, aku sadhar yen wis tau gawe kesalahan, aku arep njaluk sepura” ujare Alsen. “iyaa saiki ayoo awake goleki Salman. Tapi arep nggoleki ning ngendi maneh?” pitakone Farhan. “eh Salman kae tau crito yen dheweke duwe budhe. Omahe ing ndeso sebelah kilo, ing jalan Lamtana” jerene Fiki. Bocah 3 kui banjur nggoleki omahe budhene Salman menyang jalan Lamtana. Teka kono ana uwong, ora liya kui budhene Salman. “ana apa lee den bagus sliramu nggoleki Salman”, pitakone budhene Salman. “niki lhoo Budhe, kula niku rencange Salman nalika SMA wingi budhe. Kula ajeng madosi Salman, dheweke niku mboten wonten kabar punapa – napa. Menawi angsal sumerep, Salman sakniki wonten pundi nggih?” pitakone Farhan. “sakjane ngono aku wis dipeseni ora oleh omong sapa – sapa. Tapi silaturahmi kui ya penting. Mula saiki tak dudoi anggone Salman. Salman kui sak iki kuliyah menyang Amerika lee. Dheweke enthuk beasiswa kuliyah ing kono. Tapi saiki kira – kira dheweke muleh rene lee, amarga dheweke ing kene duwe dealer mobil tapi apa yaa jenenge kok lali aku….”, dhawuhe budhene Salman. “dealer mobil? Napa dealer mobil ing jalan brawijaya kae to,” pitakone Farhan.
Prayata, sing duwe dealer mobil kui ora liya Salman tenan. Alsen, Farhan lan Fiki kaget. Alsen ora ngerti yeng Salman sing biyen kancane ing SMA saiki dadi nduwurane. Sing biyen tau diremehne saiki bisa bangun dealer mobil terkenal lan bisa kuliyah beasiswa ing luar negri. Nalika SMA kui, Salman kapeksa kudu sekolah karo nyambut gawe menyang bengkel kanggo nyukupi biayane sekolah lan nyelengi. Dheweke tlaten uga sabar lan Alhamdulillah bisa duwe dealer dewe. Ngelmu saka sekolahe diterapne lan akhire bisa sukses mburu kapinginane.

~ RAMPUNG ~



Nama : Putri Nur Adhiniyah
Kelas : XII IPA 3
Absen : 21
Sekolah : SMAN 1 DURENAN

Duwet Uduk Segalane | Cerita Cekak Basa Jawa

DUWET UDUK SEGALANE

       Karina Putri, remaja ing usiane 16 tahun, sing saiki lungguh ing bangku kelas 10 SMA TARUNA. Karina anak ke loro saka 3 bersaudara, Karina cah wedok sing mandiri, nurut karo wong tuwane lan duweni sikap sing dewasa.
      Anggara Putra, mas saka Karina, Putra duweni sikap apikan lan penyayang, utamane keluargane. Putra usiane 18 tahun, sing saiki lungguh ning bangku Kelas 12 SMA TARUNA .
Dira Lestari, adik saka Putra lan Karina.Dira luwih enom rung tahun saka Karina. Dira saiki sekolah ing SMP BAKTI. Dira cah wedok sing aktif meski duweni sikap rodok manja.
Karina lan keluargane urip bahagia lan saling nyayangi siji podo liyane. Sampek siji wektu ayah'e karina ninggal dunya amarga kecelakan. Beliau ninggal amarga mobil'e nabrak pembatas dalan, peristiwa kuwi gawe keluargane Karina ngedrop.Karina lan keluargane urip serba kekurangan, Amarga mbiyen pas urip'e ayah'e Karina sing dadi tulang punggung keluarga. Sampek akhire ibu'e Karina mutusne gawe kerja ing luar negeri dadi TKW, amarah kuwi siji-sijine Cara supaya ibu lan ke telu anak iso urip kang layak lan supaya ke telu anak'e iso nglanjutne sekolah.

" Ibu napa yakin bade kesah menyang luar negeri ?." takon Karina.                                                          Masalahe Karina kurang setuju  karo keputusan ibu'e sing arep lunga ing luar negeri dadi TKW. Tapi arep piye maneh keadaan sing meksa.
" Iya nduk, ibu wis yakin, adewe butuh duwit kanggo nerusne urip.
" Terus Pripun bu kasih kita? Karin, mas Putra, lan Dira tasik mbetahipun ibu ndamel mbaturi  kita teng mriki sakumpami ibu kesah, kita teng mriki kalih sinten? "
" Ibu percaya awakmu iso jaga awakmu dewe, ibu ya percaya karo awakmu lan mas mu iso jaga adik mu, awakmu wes gedhe wes eruh apik lan elek ki piye."
" Tapi bu...... "
" Wes, ibu percaya awakmu iso "


Ora kerasa dina iki yaiku dina ing ngendi ibu'e arep budal ing  luar negeri. Karina wedi, ora iso urip amarga ora  ana ibu'e.
" Putra, suwene ibu lunga tulung jagane adik-adik mu".
" Enggeh bu"
" Karina, tulung ewangono mas mu jaga adik mu. Ibu eruh awakmu anak sing apik, dadi ojo gawe ibu kecewa karo awakmu".karina mung iso nganggukne sirah.
" Lan awakmu dira, ibu jaluk tulung patuhi apa ae sing diomongne mbak lan  mas mu "
" Enggeh bu"
Banjur wong papat kuwi mau pelukan, sampek ing teka saat'e ibu 'e kudu cepet nuju ing pesawat amarga pesawat arep budhal. Karina ora iso mbendung eluh ing mripat'e semono uga Putra, kan Dira.
                                                              ********

Rung wulan kepungkur...
" mas putra nyuwun duwet'e."
" Genah dekwingi mas wes menehi ."
" Wes entek mas. Dira iki lagi enek tugas keterampilan dadi duwet'e Wis tak tumbasne alat-alat'e. Nyuwun duwet'e to mas? ".
" Sek-sek".Putra panggah fokus maneh karo sinaune dadi rodok ngepekne dira."
" Saiki toh mas."
"Iya.. Sek to!."
Sakwise nunggu rodok suwi,  akhire Dira kesel karo Putra amarga ora diwenehi  lan akhire Dira langsung njupuk buku seng di waca Putra  karo kanggo cara meksa.
" DIRA!!! Jaluk apa awakmu? ." Putra nesu karo Dira amarga ngganggu lek sinau.
" Nyuwun duwet. " Jawab Dira.
       " Awakmu ki eruh'e mek duwet, duwet, duwet ae!! Awakmu ora eruh to mas mu Ki sek sinau? ."
 " Nyatuk mas ki suwi. "
" Mas ora gelem wenehi duwet neng awakmu merga awakmu ki terlalu boros Dir, adewe ki kudu hemat.
Krungu tukarane mas lan adhike banjur Karina langsung nemoni wong'e.
" Mas Putra ki pelit. "
"Mas Putra ki pener Dir, adewe kudu hemat. " Karina langsung nyela omongane Dira.
" Dira anyel karo mbak karo mas, saumpomo ayah isih urip, kabeh sing Dira karepi mesti dituruti. "

Sakwise iku, Dira nduweni niat elek, Dira arep nyupuk duwet sing dikirimi ibu'e lacine kamar'e Putra. Sakwise teka ing kamar'e Putra, Dira langsung njupuk duwet ing laci mejane Putra.
" Woah... akeh banget arep tak gawe apa ae yo?. " Batine Dira.
Saklebatan eruh wajah Mbak'e lan mas'e mau akhire Dira nduweni arep ngadu  domba Mbak'e lan mas'e. Akhire Dina nyelehne setengah duwet kui mau ing lemarine Karina..

Ing ruang tamu....
"Mas Putra iso gak ngeterne Karina blaja?. "
" Sek yo, mas nguwes ne tugas iki disik. "
" Iyo mas."
"Awakmu wes enek duwet apa urung?."
" Lha mas kan durung menehi Karin. "
" Oh iya.. Mas lali, sek tak jupuk'e."
Banjur Putra mblebu ing kamar lan Putra langsung kaget duwet sing neng laci kari setengah. "
" Karin, Dira jal reneo. "
" Enek opo mas? " Jawab Karin lan Dira barengan.
" Duwet seng mas delehne neng laci kok kari iki, sapa sing jumuk?. "
" Aku ora eruh mas, dekwingi aku ora mblebu kamare 'e mas o" Jawab Karin.
" Aku yo ora ,dekwing kan mas ora sido menehi Dira. "
" Lek ora enek sing gelem ngaku,  mas arep ngledahi kamarmu kabeh!!. "
" Iya mas, gledahen kamar'e adewe, sing jelas adewe uduk sing njupuk duwete. "Jawabane Karina karo nada tegas.
Banjur Putra langsunh ngledahi kamar'e Karina disik lan Putra langsung kaget amarga Putra nemoni duwet sing digoleki kui mau ing lemari klambine Karina. Putra ora nyongko lek Kaeina Adik'e sing apikan wani njumuk duwet sing dikirimi ibu'e.
" Karina iki apa?. "
" kapok, kenek awakmu mbak hehehe...... " Batine Dira.
" Kok iso, demi Allah mas, karin ora njumuk duwet kui. "
" Awakmu pikir duwet iso mlaku dewe?. "
"Embuh to mbak karin ki, tampange apikan tapi kok koyok ngono. "Dira ngrasa puas amarga rencanane berhasil.
" Meneng awakmu Dir!  Bukane mas ora percaya karo awakmu rin,tapi buktine enek ing lemari mu. Misal'e uduk awakmu terus sapa?  Lek awakmu butuh duwet kan iso njaluk neng mas ora usah koyok ngene. "
" Aku ora njupuk kui mas. Aku wani sumpah."Karina ora kuat mbendung eluh mripate, baru kali iki Putra nyeneni sing sampek ngebentak.
" Mas kecewa karo awkmu rin. "Banjur Putra lan Dira metu saka kamar 'e Karina, ninggalne Karina sing nangis ngegugu. karina bingung piye duwet kui mau iso ing kamar'e.
Sakwise kejadian iku, Putra luwih kerep menengne Karina. Sak kabehe cara Karin wis nglakoni supaya Putra percaya ning dek'e.

Telung dina kepungkur,Dira jaluk duwet SPP ning Putra.
" Mas Putra nyuwun duwet !."
" Gawe apa maneh ra?."
" Bayar SPP lah mas,  wulan iki Dira durung mbayar. "
" Bukane minggu wingi duwet'e wis mas wenehne ning Karin?. "
" Masa?  Kok mbak Karin ndak menehi Dira ya?. " paling -paling....
" Dira awakmu ora usah mikir reno-reno ning Karin, sapa eruh Karin lali durung meneh ne ninh awakmu, jajal tak tekokne disik. " Banjur Piyra nemoni Karina ing pawon.
" Karin, duwet SPP ne Dira apa urung mbok wenehne?. "
" Wes mas, minggu wingi wis Karin weneh ne ing Dira, nyapo mas?. "
Ujuk-ujuk Dira teko lan langsung nyela omongane Karin, " mbak ora isah ngapusi, Dira lo urung nrima duwet 'e. "
" Dira, awakmu kok koyok ngono karo mbak? Kan minggu wingi wes mbak wenehne. Mas Putra, percaya ta karo Karin. "
" Saumpomo mbak butuh duwet ki ngomong langsung ning gone mas ae, ora usah gawe duwet SPP ku. "
" Awakmu ojo fitnah mbak, Dir. "
" Emange kenyataan'e mbak. "
" Uwis!! Mas wes cegeh ngurusi awakmu kabeh, mulai saiki urusana awakmu dewe-dewe. "
Banjur Putra langsung ngalih saka pawon keadaan nesu.


Semenjak kejadian kui Putra, Karina, Dira jarang ketoro akrab koyok mbiyen. Perihal iku gawe Dira bebas nglakoni apa ae tanpa enek larangan saka mas lan mbak'e.

Siji wektu ing jam 10 bengi, Dira jektas mulih, wong'e mlaku lareh-lareh nuju neng kamar supaya ora enek sing ngeruhi.
" Alhamdulillah podo wes turu kabeh, dadi ora enek eneh sing nyramahi aku. " Batine Dira.
" Ehm... saka endi awakmu?. " takok Putra, tanpa dieruhi Dira, Putra uwis nunggu ing ruang tamu.
" Hehehe... Saka acara ulang tahun'e kancaku. "
" Tenan? Kok ora izin disik karo mas?. "
" Mau wes izin karo mbak Karin. "
" Oh. "
" Hmm... Dira mlebu kamar disik yo mas. "
" Hmmm. "
                                                       *******
Siji wengi nalika Karin lan Putra lagi nyantai ing ruang tamu Dira teka nganggo klambi sing minim.
" Astagfirullah Dira, saka endi awakmu? Klambi mu kok koyok ngono?. " takok Putra ing Dira
" Saka acara ulang tahun 'e kancaku mas. Sekali kali gawe klambi ngene ora popo to. "
" Arep o sekali, awakmu ora usah gawe klambi koyok ngono, kui ki aurat, ora sopan yo an. "
" Uwislah, Dira kesel arep turu, jektas mulih langsung kenek cramah. "
Banjur kui Dira ninggalne ruang tamu langsung nuju kamar'e lan langsung mbanting lawang.
Brakk....
" Karin, dekok'en adikmu, mulih mesti bengi, mestine awakmu ki dadi mbak 'e sing podo wedok'e ngomongi kudu iso jaga pergaulan, tapi apa iki?  Dira kui cah wedok, lek pomo ne enek opo-opo piye? Adewe yo an sing nanggung. " Putra nyalahne Karina.
" Terus ae salah no Karina mas! TERUS! mas Putra kui yo mas'e Dira, dadi mas yo duwe kewajiban menehi nasihat ning Dira! Karina wis kesel ngomongi Dira, tapi apa? Dira ora pernah ngrungokne apa sing Karina omongne. "
Putra ora nyadar lek Karina uwis nangis ngegugu, Putra terus nyeneni Karina. "kok awakmu nyolot, awakmu pikir mas ora ngomongi Dira? Awakmu pikir mas ora nunggoni Dira lek mulih bengi? Awakmu pikir mas nyapo ae?. "
" Karina kesel mas di salahne terus!  Apa ae kesalahan sing digawe Dira mas mesti nyalahne Karin, Karina kesel mas!."
" Awakmu pikir mas ora kesel ngadepi awakmu karo Dira. Mas yo kes... "
" Uwis!  Mas saiki ngono, mas Putra mbiyen ora pernah nyeneni  Karina koyok ngono, tapi saiki mas wes berubah. Karin anyel karo mas. " Banjur Karina mlayu mblebu ing kamar'e.


Sak wulan kepungkur....
Karina ora betah karo suasanane ngomah,banjur Karina pengen nenangne pikirane ing pakdhe'e.
 Ing omahe pakdhe 'ne Karina...
" Assalamualaikum."
" Waalaikumsalam loh Karina enek opo nduk kok ndengaren rene?. "
" Pakdhe, napa angsal Karina tilem mriki?. "
" Kene mblebu disik... Lingguh kene rin, ehm.. Emange enwk opo ta? Biasane tak jak turu kene sedina ae ora gelem, awakmu enek masalah?. "
" Enggeh, Karina wonten masalah kalih mas Putra lan Dira. "
" Masalahe apa? Kene crita karo pakdhe!. "
" Dados ngeten pakdhe........ " Akhire Karina nyritakne masalahe saka awal nganti akhir.
" Dadi ngono to. Yo wis awakmu oleh turu kene ben iso nenangne pikiramu. Tapi awakmu wis ijin mas mu to?. "
" Dereng, Karina mboten purun lek mas lan Dira sumerep kulo teng mriki. "
" Yo wis, lek kui karepmu.saiki awakmu istirahat o neng kamar'e Dinda. " Dinda kui sepupune Karina sing jarang mulih neng omah.
" Enggeh pakdhe, matur suwun. "
                                                              ********
Wis seminggu luwih Karina turu ing omahe pakdhe ne, saiki Karina mbuletne tekad gawe ngomongi ibu'e.
" Assalamualaikum, bu."
" Wa'alaikumsalam."
" Bu.. Karina kepingin crita sesuatu. " kanggo nada serius.
" Arep crita apa nduk ajak'e kok serius emen. "
" Ehm...ngeten bu, mas Putra kalih Dira niku..... " banjur Karina nyritakne masalahe kawit awal nganti akhir.
" Astagfirullah, masa iya rin?  Awakmu ora ngapusi to?. "
" Enggeh bu Karina mboten ngapusi sakniki mawon Karina tilem ing griyane pakdhe. Karina pun mboyen kiat lek saumpami mbendinten tukara terus kalih mas lan Dira. " karina mulai nangis ngegugu, tanpa disadari Karina ibu'e yo melu nangis ngegugu.
" Karin, saiki awakmu sing sabar ae, ibu durung bisa mulih saiki, tapi insyaallah ibu tak usaha ne mulih cepet. "
" Enggeh bu. "
" Yo wis ngono ae rin ibu sek akeh pekerjaan mbesuk di sambung maneh assalamualaikum. "
" Wa'alaikumsalam. "

 Telung minggu kepungkur akhire suasanane ati ne Karina wis apik, Karina mutusne  mbalik ning omah'e. Karina kangen karo keloro saudarane. Sak elek-elek'e sikap'e Putra lan Dira ing Karina, Karina panggah anggep Putra lan Dira kui saudara kandung'e.

Sewulan kepungkur...
Akhire ibu'e Karina mbalik mulih ing jawa gawe nglurusne masalah'e anak-anak'e, ing kono Putra lan Dira ngakoni kesalahan'ne dewe-dewe lan pada njaluk nyapura ning gone ibu'e lan Karina, sakwise iku ibu'e Karina mutusne arep nyambut gawe ning jawa ae.


                                                    ~~TAMAT~~






penulis

Nama : Lilis Nur Aziza
Kelas : XII IPA 3
Absen : 15
Sekolah : SMAN 1 DURENAN
   


Sunday, 15 September 2019

Antarane Kanca lan Trisna | Cerita Cekak Basa Jawa

Antarane Kanca lan Trisna 

Ing sekolahan ana bocah loro kang kekancan kawet cilik kang jenenge Santi lan Sofi. Santi lan Sofi manggen ing kelas XII IPA 3. Santi kui bocahe kalem lan pinter. Dheweke anake wong nduwe nanging dheweke ora sombong. Santi nduweni prestasi ing bidang fisika, uga Sofi nduweni watak kang becik lan pada pinter e, nanging dheweke nduweni prestasi ing bidang matematika.
Ing kelas XII bahasa ana bocah lanang kang jenenge Dana. Dana kui bocahe apikan, pinter lan ora sombong. Dheweke nduweni prestasi ing bidang bahasa lan agama. Dheweke uga nduweni suara kang apik utawa merdu, apa maneh wayah adzan. Amarga nduweni watak kang becik lan kapinteran, Santi nyenengi dheweke.
Wayah istirahat pertama, Santi lan Sofi salat duha ing mushola sekolahan. Sak durunge salat Santi lan Sofi wudu ing panggonan wudu wanita. Wayah salat duha Santi lan Sofi weruh Dana salat. Atine Santi marem weruhi Dana salat.
Waktu istirahat wis rampung. Santi lan Sofi uga mbalek ning kelas. Sakwise istirahat pertama di ulang pelajaran matematika. Santi ora fokus karo pelajaran amarga panggah mikirake Dana. "San, awakmu kuwi lo kok ora fokus karo lek nerang ne gurumu, kok mung panggah mesem-mesem dhewe". Sofi ngomongi Santi. "Iyo - iyo uwis fokus iki lo". Jawabe Santi karo mesem-mesem dhewe.
Wayah istirahat ke loro, Santi lan Sofi metu saka kelas lan lungguh ing kursi ngarep kelas. Kelas XII IPA 3 kui ketepaan manggon ing ngarep mushola sekolahan. Santi lan Sofi weruhi Dana budhal ning mushola. Dana banjur adzan duhur. Santi kagum krungu  Dana adzan kang nduweni suara kang apik.
Murid - murid pada ning masjid uga nglaksanakake salat duhur berjamaah. Sakwise salat duhur murid - murid padha mbalik ning kelas nanging enek sing neng kantin. Dana uga mbalik ning kelas karo kancane yaiku Farhan. Farhan kui nduweni watak kang becik, dheweke kui kancane Dana sak kelas.
Nalika Farhan ning kantin, dheweke weruhi Santi lan Sofi mangan bareng ning kantin. Waktu kui Santi lan Sofi ngomongne yen Santi kui nduweni rasa marang Dana. Farhan krungu apa sing di omongne. "Dana apa uwis ngerti ya yan Santi kui demen karo dheweke" pikire Farhan. Farhan kui ngerti yen Dana kui urung kepingin pacaran. Farhan ora sido tuku jajan amarga krungu omongane Santi lan Sofi mau. Farhan langsung mbalek ning kelas.
Teka kelas Farhan langsung nakoni Dana. "Dan, Dana awakmu opo ws eruh tentang Santi kui demen karo awakmu?" takone Farhan. "Apa? Apa Han? Awakmu eruh saka ngendi? Aku ora eruh apa - apa Han" jawabe Dana kaget. Dana ora eruh apa - apa yang Santi kui demen karo dheweke. Dana banjur mikir apa sing di omongne Farhan. "Pie Han? Awakmu eruh gok sapa? Dana takok maneh." Aku krungu dhewe yen Santi kui demen karo awakmu. Aku krungu wayah Santi karo Sofi omong - omongan ing kantin mau" jawabe Farhan. Nanging Dana ora percaya karo sing di omongne Farhan. Dana pengen mbuktekne dhewe yen Santi kui demen karo dheweke.
Wayah mulih sekolah, Dana cethukan karo Santi. Santi mesem marang Dana. Dana uga mesem marang Santi. Dana kelingan apa sing di omongne Farhan kui pener apa ora. Banjur dheweke ngewaneake takon marang Santi. "San, Santi mandekka, aku pengen takon" sapane Dana marang Santi. "Ana apa Dan?" sahurane Santi karo ndredeg lan bingung. "San, aku arek takon, apa pener awakmu kui nduwe rasa ning aku?" takokne Dana karo penasaran. Santi sing bingung anggone nyauri pitakone Dana banjur omong yen dheweke ora demen karo Dana. Dana banjur mikir yen omongane Farhan iku ora bener lan dheweke Amung di apusi. Ing sisi liane, Santi sing rumangsa isin lan jibek banjur takon marang Dana. "Ana apa ta Dan, kok awakmu takon yen aku demen karo awakmu? sanggahe Santi. Dana banjur nyahuri yen dheweke mung mestekake omongane Farhan. Santi kaget lan dheweke mlayu ngadoh saka Dana. Dana sing bingung karo polahe Santi banjur mlaku muleh.
Ing dina sesuk e, Santi banjur nemoni Sofi, kanca sing dijak nyritakake Dana ing dina kepungkur. Sofi!!! nyeluk e Santi seraya nggetak", "Ana apa ta San?" saurane Sofi kaget. "Awakmu ta sing ngomong menyang Farhan yen aku ndemeni Dana?" Santi omong seraya nesu. "Ora lah, emange enek apa ta San?" takokne Sofi karo bingung. "Halah, awakmu ora usah golek alasan maneh Sof, iki wis mungkin ana wong liya sing ngerti masalah iki yen ora kok critani" sanggahe Santi. "Apa ta maksudmu ki San, aku ora crita ing sapa - sapa" sambung Sofi. "Ora mungkin! Yen awakmu ora crita, Farhan ora bakal eruh, lan dheweke ora bakal omong ning Dana! Aku ora nyangka Sof, awakmu tak percaya tapi aku malah kok apusi" Santi omong karo nesu. Sofi berusaha njelasne yen dheweke ora ngumbar masalah e Santi, nanging Santi ora percaya. Wiwit kedadean iku, Santi ora tahu amor Sofi maneh lan Sofi uga ora tau amor Santi.
Ing sawijining dina, Farhan rumangsa curiga marang cah loro iku. Dheweke banjur nggolek informasi nyangopo Santi lan Sofi ora tau berbarengan. Ing kana dheweke ngerti yen Santi lan Sofi tukaran. Sing nggarai dheweke kaget yaiku pas dheweke krungu kabar yen cah loro tukaran amarga dheweke ngomong ing Dana yen Santi ndemeni Dana. Farhan rumangsa sungkan, dheweke banjur nakoni Sofi. Sofi sing rumangsa bingung karo perkara kui banjur cerita lan nakoni Farhan. "Farhan, apa bener yen awakmu muni menyang Dana yen Santi kui ndemeni dheweke?" takon Sofi. "Iya, lha emang nyapo ta Sofi?" sanggah Dana kanthi penasaran. "Kok iso lho awakmu muni ngono?!!" takone Sofi karo nesu. "Ha? Emange nyapo ta Sof? Salah Ta?" Dana bingung. "Ko ngendi awakmu eruh kabar kui?" Sofi nakoni Farhan karo mentheleng. "Lha emange ana apa ta Sof?" Farhan tambah bingung. "Dadi ngene lho Han, Santi iku takon menyang aku kepriye carane Dana iso ngerti yen di demeni dheweke, lan jarene Santi Dana ngerti kabar iku saka awakmu". "Lhah, perkarne ngono kui ta? Edan" sambung Farhan. "Ya uwis, aku bakal njelasne nang Santi yen aku ora sengaja ngerungokake ceritamu karo Santi ndek Minggu kepungkur lan aku bakal ngelurusne masalah iki " tegas Farhan. Jebulna Dana wis kawet mau ngadek lan ngrungokne omongane Sofi lan Farhan Dheweke banjur ngerti yen apa sing di omongne Farhan kui tenanan. Dana banjur mbantu nyelesekake masalah antara Santi lan Sofi.
Ing dina sesuke, Dana nemoni Santi ing perpustakaan. Dheweke takon menyang Santi nyangopo dheweke saiki ora tau ambi Sofi. Santi sing ishh pegel ambi Sofi ora nyahuri. Dana banjur omong, "Awakmu tukaran ta ambi Sofi?". Santi meneng dheweke ora nyahuri. Farhan banjur mlebu ning perpustakaan. Santi kaget, dheweke banjur nyawang ing mburi ne Farhan ana Sofi. Dheweke mikir, mesti iki Sofi cerita ing Dana lan Farhan, nanging sak durunge Santi omong, Farhan wis miwiti omongan, "Aku wis ngerti masalah mu! Awakmu tukaran karo Sofi merga awakmu mikir yen Sofi nyritakake masalammu kan? Sofi ora salah. Aku ngerti masalah iki merga aku ora sengaja krungu waktu awakmu crita menyang Sofi!" sanggah Farhan. Santi kaget, dheweke ora nyangka yen Sofi kui ora tau mbongkar rahasiane, dheweke isin lan nyesel amarga ora percaya karo kancane dhewe.
Dana banjur takon marang Santi, "San, saiki aku perlu awakmu jujur. Apa bener yen awakmu kui seneng ambi aku?". "Iya Dan, aku ancene seneng ambi awakmu! " saurane Santi kanthi lirih." San yen awakmu seneng karo aku, mestine awakmu omong langsung ambi aku, ben aku iso ngerti lan ora kedadean salah paham kaya ngene iki". Dana menehi pengertian marang Santi. "Tapi aku isin, sampean apa ya demen ambi aku?" takon Santi. "Ing waktu iki aku iya nduwe rasa marang awakmu San, tapi aku ogah pacaran merga urung wayah e, yen awakmu ancene tenanan, trisna marang aku, ayolah awake dhewe saling njaga, jodho orane ora ana sing ngerti, penting awake dhewe usaha. Awake dhewe kekancan roket wae kui wis padha karo njaga siji lan liane" sambung Dana kanthi mesem. Santi banjur mesem, dheweke banjur njaluk ngapura menyang Sofi lan Farhan, serta dheweke ora lali ngucapne matur nuwun marang Sofi lan Farhan. Wiwit kedadean iku, Santi lan Sofi uwis bisa kekancan maneh, uga dheweke bisa akrab marang Farhan lan Dana.







Rampung





Nama :Ratna Unzilatur Rohmah
Kelas : XII IPA 3
No. Absen : 23

Friday, 13 September 2019

Nggayuh Cita-Cita | Cerita Cekak Basa Jawa

NGGAYUH CITA-CITA
Dening : Rizky S. W.

Fatimah, salah sawijining murid ing pondok pesantren Al-Falah. Dheweke mondhok karo sekolah umum ning kono. Perawakane cilik,kulite kuning langsat. Asale saka Desa Durenan. Keluargane urip sarwa kekurangan. Nanging dheweke nduweni cita-cita kang dhuwur.
Dheweke kepingin dadi sarjana lan ngulang ning pondok pesantren. Kepinginan kuwi angel diwujudake amarga keluargane sarwa kekurangan. Nanging Fatimah ora putus asa, dheweke tetep sinau sing sregep supaya cita-citane kawujud.
Saiki Fatimah lagi sinau kangge USBN amarga dheweke wis kelas telu aliyah. Rencanane sak bare lulus kelas telu aliyah, Fatimah arep nerusne kuliah ning Malang. Nanging kahanan keluargane isih dadi kendala. Keluargane kurang setuju amarga kuliah kuwi biayane larang. Nanging Fatimah tetep semangat pingin kuliah nganti dadi sarjana.
Fatimah nduweni kanca cedhek kawit cilik. Jenenge Tika, awake cilik, dhuwur,lan kulite sawo mateng. Tika cedhek banget karo Fatimah, ning ngendi ae mesti bareng. Tika omahe ora adoh saka Fatimah, jarake mung telung omah saka omahe Fatimah. Tika uga nduweni cita-cita sing dhuwur,nanging bedane keluargane Tika sarwa cukup. Tika ora nduweni sifat sombong kaya wong-wong sugih sing liiyane, dhewekw malah nduweni sifat sing andhap asor lan apikan banget. Dhewekw ndukung kekarepane Fatimah sing pingin kuliah, uga pingin berjuang bareng karo Fatimah. Dadine bocah loro kuwi tansoyo cedhek maneh.
Sakwise  sholat maghrib Fatimah lan Tika lagi omong-omongan ning kamare. “Rencanane arep njupuk jurusan opo Fat ?” pitakone Tika. Fatimah banjur njawab “Aku pingine njupuk Pendidikan Agama Islam, lha awakmu pingine njupuk jjurusan opo Tik ?” Tika isih mikir-mikir opo jurusan sing bakal dijupuk, banjur omong “Emm…aku pingine njupuk jurusan Farmasi, koyone aku dhemen sing berhubungan karo kesehatan tapi ora pingin dadi dokter. Sakbare tak piker-pikir aku pingin njuppuk jurusan Farmasi ae.”
Sakwise omong-omongan, bocah loro kuwi langsung sinau kanggo USBN minggu ngarep. Sakbare kuwi Fatimah lan Tika langsung sholat isya’ lan langsung turu.
USBN dilaksanakake pitung dina saka dina iki nganti minggu ngarep. Fatimah lan Tika ngerjakne USBN kanthi yakin, ora lali sinau teru lan do’a. sebulan sakbare kuwi, Fatimah lan Tika ana jadwal UN, bocah loro kuwi sinau lan do’a terus nganti UN wis dilaksankake.
Dina iki pengumuman hasil UN diumumne. Fatimah lan Tika ndhilok bebarengan. Alhamdulillahe bocah loro kuwi lulus kanthi nilai sing apik, loro-lorone seneng banget ngaweruhi kuwi. “Alhamdulillah awake iso lulus Tik !!!” Fatimah ngomong kanthi bungah. “Iyo, akhire awake iso lulus. Nilaine uga apik pisan !!” Tika njawab uga kanthi bungah.
Saiki wektune Fatimah lan Tika mulih ning omahe dhewe-dhewe, nyiapne sembarangane kanggo daftar ning universitas. Tika wis oleh izin lan dukungan saka wong tuwane, tapi Fatimah isih berjuang ngolehne izin lan dukungan saka wong tuwane.
Fatimah lagi ana ning ruang tamu omahe karobapak lan ibune lagi ndilok tv. Fatimah arep ngomongne soal rencanane kuliah Pendidikan Agama Islam. “Aku nyuwun izin lan dukungane panjenengan supaya aku luwih semangat maneh sinaune.” Fatimah matur kanthi ati sing deg-degan. “Aku wis ngomong Ndhuk, yen bapak lan ibumu iki ora kuat ngragati kuliahmu kuwi. Uripe awake kuwi pas-pasan Ndhuk.” bapake Fatimah njawab kanthi sabar. Banjur Fatimah njawab “Tapi aku panggah pingin merjuangne cita-citaku Pak,Bu!” ibu banjur ngomong “Sing diomongne Bapakmu kuwi bener Ndhuk. Kuliah kuwi ragate akeh banget. Ibu lan bapak ora bakal kuat ngragati.”
Pikirane Fatimah kebak sembarangane. Fatimah pingin nguber cita-citane, tapi wong tuwane ora bias ndhukung kekarepane. Fatimah ndhuwe pikiran yen dheweke bakal kuliah nyambi kerja ae. Banjur dheweke ngomongne kekarepane kuwi marang bapak lan ibune. “Pak,Buk. Kepriye saumpamane aku kuliah nyambi kerja wae ?” Bapak lan ibune Fatimah isih mikir-mikir ngenani omongane Fatimah. Banjur ibune Fatimah ngomong “Kuliah nyambi kerja kuwi angel Ndhuk. Awakmu bakal angel ngatur wektumu. Ibu lan bapak ora setuju !” bapake Fatimah banjur ngangguk. “Insya Allah aku iso Pak,Bu. Aku bakalan bejuang sebisaku supaya aku dadi wong sukses lan iso mbahagiakne bapak lan ibu.” Ibune Fatimah arep nangis krungu kuwi, seneng lan bangga banget karo anake sing ndhuwe tekad kuat. Tapi dheweke ora bisa apa-apa maneh. Kahanan keluargane sing sarwa kekurangan iki dadi alas an dhewekw ora bisa ndhukung kekarepane Fatimah. Bapake Fatimah ngomong “Awakmu ora bakal iso Ndhuk! Kuliah ae wis abot opo maneh kok nyambi kerja, awakmu ora bakal iso Ndhuk !! Pokoke bapak ora setuju !!!” Fatimah ndhredhek bapake ngomong kanthi emosi sing dhuwur. Banjur dheweke ngewanikake ngomong “Pokoke aku tetep pingin nerusake sekolahku ning Universitas Malang Pak,Bu. Aku bakalan nyambi kerja. Iki keputusanku sing terakhir.” Ibune Fatimah wis nangis sesenggukan nyawang Fatimah lan bapake cekcok. “Obate ngengkel kuwi ora enek. Yen ancen keputusanmu ngono bapak wis ora iso ngelarang yo nyatu awakmu kuwi mbanggel. Dilarango awakmu wis ora nggugu. Wis sak karepmu !!!” bapake Fatimah ngomong banjur ngaleh saka ruang tamu. Fatimah dadi melu nangis karo ibune teko bengi.
Sesasi sak bare kejadian ning ruang tamu kae, Fatimah mutusne melu tes mlebu universitas lan alhamdulillah lulus lan ketompo ning universitas lan jurusan sing dipingini. Bapak lan ibune Fatimah ngaweruhi yen dheweke melu lan lulus tes mlebu universitas. Nanging amarga kejadian kepungkur, bapake Fatimah ora kethok seseneng ibuke Fatimah sing katon seneng banget marang kabar kuwi.
Fatimah lan Tika ketompo ning universitas sing podho tapi beda jurusan. Banjur wong loro kuwi mutusne ngekos ning kos-kosan sing podho. Nalika Fatimah arep mangkat ana ing Malang,dheweke pamit marang bapak lan ibune. Senajan ora ndhukung kekarepane Fatimah, bapak lan ibune uga ngerasa ora tega ngeculake anak semata wayange ning nggon sing adoh.
Watara jam 11, Fatimah lan Tika teko ning Malang ana ing kos-kosane. Dina sesuke loeo-lorone wiwit anggone kuliah. Kalorone semangat banget arep nggayuh cita-citane lan saling nyemangati. Fatimah dadi luwih semangat maneh amarga disemangati Tika, senajan wong tuwane ora ndhukung.
Sakwise patang tahun anggone kuliah, Fatimah karo Tika wis lulus saka Universitas Malang.Wisuda kalorone podho-podho ditekani wong tuwane dhewe-dhewe. Ora suwi saka wisudane, Fatimah oleh kerjaandadi guru ning pondhok pesantren anggone dheweke sekolah mbiyen. Dheweke didhadhikake guru Agama Islam ning kono, lan Tika dadi apoteker ana ing rumah sakit sing gedhe.  Kalorone dadi wong sing sukses saiki.
Mulih saka Malang, Fatimah lan Tika mulih ning omahe dhewe-dhewe. Wong tuwane Fatimah seneng lan bangga banget nyawang anake sing saiki dadi wong berpendidikan lan uga wis oleh kerjaan. Atine sing sakdurunge isih kurang seneng karo kekarepane Fatimah , saiki wis luluh amarga keberhasilane anak siji-sijine kuwi. Saiki, hubungane Fatimah lan wong tuwane malih apik banget.




RAMPUNG….. 



Penulis
Nama : Rizky Septiana W
Kelas : XII IPA 3
Sekolah : SMAN 1