Tuesday, 1 October 2019

PESEDULURAN | Cerita Cerkak Bahasa Jawa

PASEDULURAN
Dika bocah lanang cendek, awake cilik, rabute kriting nduweni mbak kang jenenge Dina perawakane podo karo dika nanging rambute lurus. Dina karo Dika urip karo mbah kung lan mbah utine kang jenenge Pak Sim lan Bu En. Senajan Dika lan Dina lek amor mesti guder wae Bu En menehi julukan “Tutu plan Tumbu”, Dika dadi tutupe lan Dina dadi tumbune.
Ing wayah minggu esuk kang hawane adem Bu En lagi masak ning pawonan, nalika Pak Sim ngarit neng sawah kanggo pakan wedhus- wedhuse. Pas arep sarapan Bu En nutuk gelas “ Ting ting ting ting ting” kang dadi pertanda sarapane Dina lan Dika wis siap.
“ Dika, Dina sarapane wis mateng kelo,gek ndang sarapan kono!” dawuhe Bu En karo nyelok Dika Lan Dina.
“ Inggih Bu En.”, saurane Dika lan Dina.
“ Segone ning sor irik lan lawuhe ning piring sandinge.”,Bu En karo ngelongne piring.
“ Inggih Bu En, matur suwun.” Karo nampani piring saka Bu En.
Sak wise  jupuk sarapan Dika lan Dina banjur mlaku ning ngarep tv. Sak wise sarapane entek Dika lan Dina mbalekake piring ning pawong panggon isah-isahan blabas disai, bar kui Dika lan Dina pamit ning Bu En  arep dolan banjur numpak sepeda emas (pedah kang di cat warnane kuning emas) budal dolan ning mburitan kanggo nggowo duwit 2000 kanggo tuku jajan.
Sak wise tuku jajan Dika lan Dina menyang jembatan cedek omahe karo mangan jajan kang wis dituku maeng karo takon- takon.
“ Dik, awakmu mbesok lek wis gede pengen dadi opo?” Dina takon marang Dika.
“ Aku mbesok lek wis gede arep dadi polisi  supaya bias negakne hukum supaya masyarakat podo patuh karo hukum lan ndadekake daerah kang aman lan damai .” Saurane Dika.
Banjur dika genti takon marang Dina.
“ Lha awakmu mbesok pengen dadi op din?” 
“ Aku mbesuk pengen dadi dokter supaya bisa ngobati wong loro.” Saurane Dina.
Amarga wis sore lan jajane wis entek, Dina karo Dika balek mulih. Sak wise teko omah Dika karo Dina dikongkon adus marang Bu En.
“ Din awakmu aduso disek gek gentenan karo Dika selak adem.”
“ Inggih Bu En” Saurane Dina karo jupuk anduk banjur mlaku ning kamar mandi.
Sak wise Dika lan Dina adus kabeh banjur maem bar kui ndelok TV, bar kui nyepak-nyepakne buku kanggo sekolah sesuk lan sinau,Dika lan Dina ora sadar lek wis wengi banjur mapan turu ning kamare dewe-dewe.

Sesuk esuke…….
Esuk –esuk bar tangi turu Dina lan Dika tangi banjur noto kamare dewe-dewe bar kui saran lan adus gentenan,moro-moro ibuke Dika telpon Bu En.
“ Buk, kula badhe wangsul mangke , niki taksih teng Surabaya.”
“ Lho enek opo kok ndadak timen?” saurane Bu En karo bingung.
“ Niki kula badhe pindah kerjo teng Kalimantan, amargi kotrak kerja teng Malaysia sampun telas.” Saurane ibukke Dika
“ Mosok wis entek to nduk?” pitakone Bu En
“ Sampun buk, karepe kula Dika badhe kula bekta dateng Kalimantan, lajeng Dika neruskake sekolah dateng mriko.”
“ Owalah , yo wis nduk sakkarepmu lek Dika arep mbok gowo, lha Dina lek nggoleki pie?”.
“ Mboten buk, asal kula mendet Dika enjing, kinten-kinten jam 3 enjing, amargi tiket pesawatipun nggeh enjing.”
“ Owalah iya nduk”
“ Nanging panjenengan mboten usah nyirosi Dika rumiyen.” Saurane ibukke Dika
“ Owalah,iya” saurane Bu En
Jam 12 awan Dika lan Dina mulih gok sekolahane mlaku bar ki ganti klambin banjur mangan karo lawuh sing dicepakake Bu En.
  “ Dina Dika gek ndang mangan kono,wis tak cepakne kelo selak adem tur kerubung laler” 
“ Inggih Bu En.” Dika karo Dina karo mlaku jupuk piring,banjur Dika takon
“Bu En niki kok akeh timen lek masak?”
“ Iyo, engko enek tamu Dik, dadi lekku masak akeh”
“ Owalah” banjur dika nerusne lek mangan
Sakwise mangan Bu En ngongkon Dina tuku lombom karo brambang
“ Dina lek wis bar lekmu mangan aku tukokno Lombok karo brambang yo, iki duwite.” Bu En karo ngelongne duwite
“ Inggih Bu En, niki aku wis bar lekku mangan, kula singgahne disek nggeh piringe.” Dina nampani duwet sing diparingne Bu En.
“ Owalah iyo”
“ Nuwun pamit Bu En.”, Dina budal karo numpak pedah
“ Iyo ati-ati.”
Senajan Dina dikongkon nukokne Lombok karo brambang, Dika dingkongkon meja belajare.
“ Dika dari pada awakmu ora nyapo-nyapo mending resik ono meja belajarmu kae karo ngenteni Dina teko.”
“ Inggih Bu En.” Dika mlaku ning meja belajar kang panggone ing kamare…
………….
Dina teko karo sepedahe nggowo pesenane Bu En.
  “ Niki Bu En brambang karo lomboke.” Dina karo ngelungne blanjaane
“ Owalah suwun ya, lha kok suwe temenan?” Bu En nampani blanjaane
“ Inggih sami-sami, wau tokone antri banget Bu En.”
” Owalah yow is lekno.”
Sakdurunge Dina teko ternyata Dika wis barlek ngresiki meja belajare karo nunggu Dina wonge ndelok TV.
“ Dik, awakmu nandi?” Dina nggoleki Dika
“ Aku ning kene, nang ngarep TV.”
Dina marani Dika ning ngarep TV
” Dik, ayo dolan ning mae Lek Pat karo tuku es tebu.” Dina ngajak Dika
“ Ayo.” Banjur Dika tangi karo mateni TVne langsung budal mae Lek Pat sak wise pamitan karo Bu En.
………..
Dika karo Dina teko ning mae Lek Patmi.
“ Lek tumbas es tebu”,Dika karo Dina celuk-celuk Lek Patmi.
“ Owalah sek yo tak selipne tebune.”,Saurane Lek Patmi ngadek gok lingguhane bar nyisiki tebu.
“ Inggih lek.”,Dika karo Dina lungguh kursi dowo sanding Lek Patmi.
“ Piro iki lek tumbas?”
“ Kaleh lek, ning gelas ese kedik mawon nggih.”,saurane Dina
“ Owalah iyo,sek kanten”
Ora let suwe es tebune wis dadi banjur Lek Patmi ngehne ning bocah kui mau.
“ Iki le, nduk es tebune.”,Lek Patmi ngehne es tebune.
“ Inggih, suwun lek.”, Dika lan Dina Nmapani es tebune.
“ Sami- sami.”
Sakwise es tebune entek Dina karo Dika pamit mulih karo ngelungne duwite.
  “ Niki lek yotrone.”, Dika ngelungne duwite.
“ Owalah, suwun yo.”, Lek Patmi nampani duwite.
“ Inggih, sami-sami lek.”, Dika karo Dina pamit mulih.
Dika karo Dina banjur mulih adus barkui ndelok TV karo mijeti Pak Sim sing maeng gejik ning sawah.Jam wis nunjukake jam 9 bengi banjur Bu En ngongkon Dika karo Dina turu ning kamare dewe-dewe.
……..
Sesuk esuke jam setengah 3 esuk ibuke Dika telpon Bu En dikon mbukakne pager ngarep. Sakwise mbukak pager Bu En nggugah Dika sing turu ning kamare, banjur Dika tangi karo bingung nyapo ibuke kok moro-moro teko.
“ Lho ibuk, enek op buk kok mulih gek yahmene pisan?”
“ Aku arep arani awakmu le, arep takjak melu aku.”
“ Lha Dina pie to buk?”
“ Dina panggah ning kene, ora melu awake, ayo gek ndang awake oleh tiket pesawat esuk.”
“ Lha klambiku udung tak lebokne tas to buk”, Dika bingung karo nggoleki tase.
“ Tenang ae, iki mwis tak cepakne mambengi.”, Bu En nggelungne tase Dika.
“ Lho Bu En kok wis eruh?”, Dika bingung karo takon Bu En
“ Iyo aku wis eru dik, ayo gek ndang budal mengko ketinggalan pesawat.
“ Sek tak pamitan Dina buk.”
“Ndak usah, salam ae mengko tak sampekne ning Dina.”, Bu en nyauri Dika
“ Owalah, nggih Bu En ,aku titip salam ning Dina nggih.”, Dika nyangklong tase
“ Iyo.”
Banjur Dika karo wong tuwane mlebu mobil langsung budal ning bandara.
Esuk sak durunge budal sekolah Dina nggoleki Dika. Amarga ora cetuk nggoleki Dina banjur takon marang Bu En.
“ Bu En Dika teng pundi kok oreneng ning kamare?”, Dina kesel nggoleki Dika.
“ Dika mau wis diparani  ibune dijak budal lungo.”, Bu En nyekel pundake Dina
“ Lho mosok ta Bu En, aku kok ndak eruh? Kapan lek marani?”, Dina karo mbrebes.
“ Maeng esuk lek marani,tapi Dika titip salam ning awakmu.”
Dina banjur mlebu kamar karo nangis, amarga Dika ora ngomongi lek arep ninggalke wonge. Sakwise nangis Dina wis mulai lilo lan sabar banjur wonge metu gok kamare persiapan budal sekolah.
Wektu terus mlaku, Dina saiki wis biasa urip tanpo Dika,tapi wonge ndak putus semangat ,wonge saiki ngewangi Bu En dodolan gorengan lan rujak karo ngopeni wedhus-wedhuse Pak Sim sing wis gede-gede. Dina pengen mbuktekne ning Dika yen wonge pengin wujudake cita-citane dadi dokter.
………..
3 tahun wis berlalu
Dina saiki wis ngerti HP,banjur telpon Dika soko surat sing dikirimi minggu dek ingi la nana nomer telephone. Dina telpon Dika kanggo ngobati kangen suwe ora ketemu.
Sasi mben sasi wis diliwati. Try out, ujian praktik, ujian sekolah, ujian nasional wis dilaksanakake among ngenteni pengumuman kelulusan. Sakwise pengumuman metu Dina seneng banget amergo wonge kelebu ning Fakultas Kedokteran ning salah sijine Universitas terbaik ning Jawa. Dika sing sekolah ning Kalimantan ketompo ning Angkatan Polisi.
Saking senenge Dika pengin ngabari Dina,sakdurunge Dika ngabari, Dina wis ndisiki nelpon Dika lan menehi kabar lek deweke ketompo ning Fakultas kedokteran.Dina ora weruh lek deweke telpon karo Dika sing wis perjalanan mulih kanggo menehi kabar bahagiane.
Sakwise telpon Dina kaget kok enek mobil ning ngarep omahe, banjur Dina mbukak pager lan metu saka mobil kui bocah lanang sing ternyata kui Dika. Dina pangling amerga deweke suwe ora ketemu.Banjur Dika dijak mlebu ning omah lan omong-omongan lan crito kehidupane dewe-dewe.

RAMPUNG

 Penulis

Nama : Hardika Nifail Kurniawan
Kelas : XII IPA 3
No absen : 12
Asal sekolah : SMAN 1 DURENAN TRENGGALEK






No comments:

Post a Comment