Monday, 7 October 2019

CANDRA OMAH BUDAYA | Cerita Cekak Basa Jawa

CANDRA OMAH BUDAYA

Bengi iki bengi purnama, Ki Jaka jumeneng ing teras omahe. Adheme bengi ora dirasakne menyang kakung 60 taun iku. Dheweke lagi ngelamun karo nyawang rembulan ing langit. “Ki, mangga dhateng nglebet. Dhateng njawi asrep.” Abdi Ki Jaka ngomong. Ki Jaka ora ndang ngaleh saka panggone. Dheweke malah mesem, he abdi, kowe eruh opo ora iki mau bengi apa?”. “Maksudipun ki? Ngapunten kula mboten ngertos Ki.” Ki Jaka ngguyu, “Bengi iki, bengi kang nudueni sejarah sing ora bisa tak lalik ne. Bengi purnama.”
40 taun kepungkur Jaka mulih saka kampus. Dheweke kesusu anggone mlaku amarga wis nyedheki tengah  wengi. Kampunge katon sepi lan peteng. dheweke ngeliwati kamling. Ana bapak-bapak kang isih katon asing. Dheweke isih 3 minggu manggon ing kono lan urung nate srawung karo tangga. Salah sawijining bapak iku mau nyedheki Jaka. “Tas mulih kuliah to, le?” takon bapak kui. “I... inggih pak, kula nembe wangsul.” Jaka mangsuli kaku, gupuh. “Alah le, le... kowe mbok ya aja kaku-kaku ‘to karo aku. Aku ketua RT kene lo, le. Saiki awake wis dadi dulur, ojo sungkan lah karo awake.”. “Hooh bener Te, kowe ojo sungkan, ojo gupuh-gupuh lek cetuk awake, awake dulur saiki.” Bapak-bapak liyane mangsuli. Jaka mesem karo manthuk. “Inggih pak. Sampun lek ngoten kula badhe wangsul. Mangga!”
Jaka nerusake anggone mlaku. Nalika ing tengah dalan kang sepi, dheweke eruh wong wadon nganggo daster putih lan rambute dawa. Dheweke mung jumeneng meneng, ndredek. Dheweke ora bisa ngobahne awake, wedi. Lan wong wadon kui tansaya cedhek. Jaka mung isa nyebut, “astaghfirullah, subhanallah, masyaallah, allahuakbar, allhulailahaillahuwal...”. Durung cukup le nyebut-nyebut, wong wadon kui mau wis ing ngarepe dheweke karo mesem. “ASTAGHIRULLAHAL’AZIIM, YAALLAH, DHEMIT, NGALIH O, AJA NYEDEK AKU SETAN, AKU RUNG MARI KULIYAH, URUNG RABI. AKU AJA KOK GOWO!!!!” Jaka nyebut-nyebut karo mbengok. Wonge ora kuat ngadek lan nutupi mripate. Wong wadon sing ing ngarepe Jaka ngguyu cekikikan karo nepuk i jaka, “He, kang. Kang... kula manungsa lo. Sanes dhemit. Ayu kaya ngene kok diceluk dhemit ta?”
Ora suwi Pak RT lan liane teka. “Ana apa iki? Nah, ana apa?” Pak RT nakoni Dasinah. “Niki lo pak, mas e wedi eruh aku. Dikirane aku dhemit” Dasinah mangsuli karo ngguyu. “Healah, ngono ta. Nyatu pacakanmu kaya dhemit ta nduk, nduk. Yo layak lek diarani dhemit”. “Le, le... orenek dhemit ing kene. Enek e anakku sing pacakane kaya dhemit iki” Pak RT nepuk pundhake Jaka. Jaka banjur nyawang sekitare. Dheweke diubengi bapak-bapak lan wong wadon mau. Dheweke banjur ngadek lan nyawang Dasinah. “Kula kinten panjenengan wau dhemit nyai. Ngapunten nggih” jaka njaluk sepura. “Alah bene le, nyatu pacakane kaya dhemit, pantes lek diceluk dhemit” Pak RT mangsuli karo ngrangkul Dasinah. “Alah bapak ki. Anake ayu kaya ngene kok diarani dhemit”. Dasinah mrengut. Banjur Jaka pamit, “ngapunten nggih, nyai, bapak-bapak, sampun ngerepoti panjenengan sedaya. Lek ngoten kula wangsul. “Rapopo, le. Iya ndang mulih kono gek ndang leren”. Pak RT mangsuli. “Ati-ati nggih kang” Dasinah uga mangsuli karo mesem.

Jaka wis teka omah. Omahe kui ora pantes disebut omah, luwih pantes disebut galeri amarga akeh karya-karya gawenane Jaka sing ditata ing kono. Jaka seniman kang lumayan kondhang. Nanging jarang ana warga sing eruh soal kui. Jaka oleh omah kui saka wong tuane. Wong tuane ndisek nate manggon ing kono, nanging pindah amarga pengin golek papan kerjo sing luwih penak. Saiki dipanggoni Jaka maneh, lan didadekne galeri senine kang aran “Omah Budaya”. Jaka wis mari anggone adus. Dheweke banjur mlaku-mlaku ing ruang tengah sing isine lukisan-lukisan lan patung-patung karyane, banjur lungguh lan ngadhep kanvas kosong. Dheweke mulai nglukis. “Dasinah..”
“Assalamualaikum! Kang Jaka...”. Jaka urung tangi, dheweke isih turu ing ruang tengah nalika ana wong kang nyeluki dheweke ing njobo. Wis jam 8, nanging dheweke panggah durung tangi. Dheweke kekeselen. “Assalamualaikum! Kang Jaka, niki Dasinah kang”. Jaka langsung seger krungu yen kui Dasinah. Ora ngantuk maneh. Banjur Jaka mbukak lawang, “Waalaikumsalam, Nyai. Wonten napa sampeyan dhateng mriki?”. Dasinah ora langsung nyauri, “Kang...” karo nyuding pipine Jaka. Jaka ileran. Dasinah banjur ngguyu, lan Jaka isin. Dheweke banjur ngelapi iler sing ana ing pipine. “ngapunten nggih nyai, kula nembe tangi. Mangkane taksih ileran”. Dasinah banjur mesem, “aku ngerti kok kang”. “iki mau bapak matur nyang aku lek iki dhamel sampeyan” Dasinah menehne rantang. “apa iki nyai?” Jaka nampani rantang kui. “iku sego, kanggo sarapane sampeyan”. Dasinah banjur ngalih saka kono.
Sawise Dasinah bali, Jaka banjur sarapan kanthi ati sumringah. Lali yen wonge durung raup, durung sikatan. Sawise sarapan, Jaka adus banjur reresik. Iki mau wayahe libur, dadi wonge ngresiki galerine sing kebak karyane, sing katon ngenes jarang diresiki amarga Jaka jarang ing ngomah. Dheweke banjur kelingan marang rantang sing diwenehne Dasinah mau. Isine wis entek, nanging adhahe durung dibalekne. “mengko awan wae lah lehku mbalekne, bar cukup reresik. Pisan karo nyethuki Dasinah”. Jaka banjur mesam-mesem lan nerusake reresik.
Jaka menyang omahe Pak RT. Wonge arep mbalekake rantang sing digowo Dasinah mau. “Assalamu’alaikum!”. Jaka teka ing omahe Pak RT. “wa’alaikumussalam!”. Ibune Dasinah mbukak lawang, “eh le Jaka, ana perlu apa, le?”. “anu, niki kula badhe mangsulaken rantang. Kula wau diparingi Dasinah sarapan”. “oalah, iyo le. Ayo mlebuo dhisik, lungguh kene” ibune Dasinah ngongkon Jaka lungguh. “mboten usah, bu. Kula badhe wangsul mawon”. “awakmu ra pengin ketemu Dasinah ta, le?” ibune Dasinah mesem. Jaka mangsuli karo gupuh, “A.. anu mboten kok bu, hehe”. “alah modelmu le. Lek pengin ketemu Dasinah, kono lo nyango sawah ing mburi omahmu. Dasinah lagi Ngeterake panganan kanggo bapake”.
Jaka banjur menyang sawah mburi omahe. Dheweke mlaku ing pinggiran sawah karo clingak-clinguk nggoleki Dasinah. “nah kae wonge” Jaka eruh Dasinah ing cedhek gubuk sawah. Dheweke banjur marani Dasinah menyang kono. “Lho, Kang Jaka, sampeyan kok neng kene?” Dasinah kaget eruh Jaka ing sawah. “kula namung pengin golek hiburan wae nyai”. “halah, golek hiburan apa goleki aku?” Dasinah nyauri kanthi mesem. Jaka isin, “ya, iya pisan goleki sampeyan”. Banjur wong loro iku guyu.
Jaka lan Dasinah banjur bali saka sawah. Jaka ngejak Dasinah menyang omahe. “mangga Nyai dhateng griya kula, Nyai. Kula nduwe hadhiyah kanggo Nyai”. “hadhiyah apa kang?”. Dasinah banjur mlebu ing omahe Jaka. Dheweke kaget nalika eruh isi omahe Jaka. Kebak karya seni sing durung tau diweruhi Dasinah. Dheweke uga kaget nalika eruh lukisan kang mirip wonge. “wah, kang, iki koleksine sampeyan ta?. Lho, iki mirip aku!”. “Iki kabeh gaweyanku Nyai, iki uduk gambar uwong sing mirip sampeyan, nanging iki gambare sampeyan.” Jaka banjur mesem, “nyai, kula tresna marang sampeyan”. Dasinah uga mesem karo isin-isin, “aku ngerti kok kang, lek sampeyan tresna karo aku”. “kok isa ngerti?” Jaka kaget. “lha, lek sampeyan ora tresna karo aku, ra bakal sampeyan marani aku banjur ngejak aku nyang omahe sampeyan” Dasinah banjur mesem. Jaka uga mesem. “tapi kang, yen sampeyan tenanan tresna karo aku, sampeyan omongo bapakku. Bapak lagi golek calon mantu”. Dasinah banjur mlayu ninggalne Jaka karo mesem. Jaka uga mesem. “insyallah nyai, kula bakal taren menyang bapakmu”.
Esuke, Jaka ijin anggone kuliyah. Dheweke menyang omahe wong tuane kanggo njaluk pendapat wong tuane soal Dasinah. “Assalamu’alaikum.. pak, bu, Jaka muleh!”. Bapak lan ibune Jaka teka, “waalaikumusalam, ana perkara apa kok awakmu muleh? Kene kene, lungguh sek”. Jaka banjur crita, “pak, bu, aku nduwe kanca sing jenenge Dasinah. Dheweke ayu, apikan, tur alus pituture. Aku tresna marang wonge. Nanging dheweke 3 taun luwih tuwa saka aku. Saumpama aku omah-omah karo wonge, Apa oleh pak, bu?”. Wong tuane Jaka kaget krungu Jaka takon kaya ngono. Jaka isih 20 taun nanging wis mikir omah-omah. Ora let sui bapake Jaka mangsuli, “le, bapak karo ibu manut karo kowe. Yen awakmu tenanan, ya tak turuti apa karepmu. Nanging, yen kui muk tresna sementara, bapak karo ibu ora iso nuruti”. “Insyaallah uduk tresna sementara pak, bu”. “ya wis, lek ngono, seminggu maneh aku lan ibumu bakal sowan menyang omahe Dasinah”.
Seminggu saka kui, wong tuane Jaka lan Dasinah temu. Loro-lorone wis setuju yen Jaka lan Dasinah sesanding. Jaka uga wis mantepne ati bakal rabi masio dheweke isih kuliyah. Toh, dheweke ya wis nduwe kerja,  dadi dheweke isa nguripi Dasinah. Akhire, Jaka lan Dasinah rabi. Pesta dirayakake kanthi meriyah ing Omah Budayane Jaka. Pengantene katon sumringah kanthi nyalami tamu undangan sing teka. Keluargane uga bungah amarga Jaka lan Dasinah dadi pasangan sing pas.
Ki Jaka mari anggone crita. Dheweke ora kuat nerusne crita amarga ora let sui dheweke rabi, Dasinah ninggal. Nganthi saiki dheweke uga durung nate rabi sawise Dasinah ninggal. Dhewe tansah tresna marang Nyai Dasinah, tekan saiki. Abdi Ki Jaka uga netesake eluh nalika Ki Jaka nyritakake kui. Dheweke ngerti tenanan apa sing dirasakake Ki Jaka. Banjur wonge ngejak Ki Jaka mlebu omah. Ora ana suwara antara Ki Jaka lan abdine. Ki Jaka banjur mesem lan omong, “abdi, Omah Budaya iki tak pasrahne awakmu. Aku saiki pengen nyusul Nyai Dasinah”.


Dening Sinta F.
   XII – IPA 3

No comments:

Post a Comment