GUGAH TEKAD
Sarni, bocah lanang kang urip ana ing desa. Dheweke urip karo keluarga sederhanane. Sarni sekolah ing SMA negeri cedek omahe. Sarni iku bocahe pinter, saben semester dheweke ranking siji amarga saben bengi mesti sinau.
Senin isuk Sarni tangi luwih awal, bar tangi Sarni langsung ning sumur wudhu terus sembahyang. Sakdurunge adus, ora lali dheweke ngewangi Bapak lan Ibune tandang gawe ning omah. Sakwise ngewangi Bapak lan Ibune Sarni langsung adus lan siap-siap kanggo budhal sekolah. Sak bare siap-siap dheweke banjur sarapan. Sakdurunge budhal sekolah ora lali Sarni pamitan marang Bapak lan Ibune. Sarni budhal sekolah bebarengan karo kanca-kancane numpak sepedah. Sakwise teka sekolahan, bocah-bocah iku langsung mlebu kelas lungguh ning bangkune dhewe-dhewe. Banjur gurune mlebu kelas, bocah-bocah langsung ngetokne bukune dhewe-dhewe nggo sinau. Bocah-bocah diulang katon sregep lan pada nggatekne kabeh.
Ing wayah mulih sekolah Sarni lan kanca-kancane pada mulih. Bocah-bocah mulih bebarengan maneh. Sakwise teka omah, Sarni langsung ganti klambi terus mangan banjur turu awan sedilut. Wayah sore Sarni mesti ngewangi wong tuwane ning kebun ngopeni tanduran. Sakwise ngewangi wong tuwane ning kebun banjur Sarni langsung adus, bar kuwi dheweke langsung mangkat ning masjid. Dheweke ning kana ngaji Al-Qur’an lan madrasah karo kanca-kancane sekolah mau. Dheweke ngaji kawit sore jam 5 sampek bengi jam 7.
Liburan wingi Sarni lan kanca-kancane nduweni kegiatan yaiku melu lomba menyang Gresik. Sak durunge hari H kuwi Sarni lan kanca-kancane latihan ing lapangan sing ana ning cedhak omahe. Dheweke lan kanca-kancane ngelakoni latihan saben dino selama rong minggu utuh.Saben dino Sarni tangi isuk ngrewangi wong tuwane sak durunge budhal latihan. Dheweke budal latihan bareng karo kanca-kancane numpak sepedah. Ora lali sak durunge budhal latihan dheweke mesti sarapan lan pamitan karo wong tuwane. Sak wise pamitan banjur dheweke langsung budhal menyang lapangan karo kanca-kancane. Sak wise teka lapangan dheweke langsung nyiap-nyiapne alate kanggo latihan. Dak lali sak durunge latihan Sarni lan kanca-kancane ngelakoni pemanasan dipimpin karo pelatihe. Banjur bocah-bocah latihan katon sregep lan tenanan.
Dino sabtu wis teka, wayahe Sarni, kanca-kancane lan pelatihe mangkat menyang Gresik. Sak durunge budhal ora lali Sarni pamitan marang wong tuwane lan njaluk pandongane supaya isa lancar. Kabeh bocah nglumpuk menyang daleme pelatih sak durunge mangkat. Ora lali bocah nyiapne alat-alate sing bakal digawa menyang Gresik. Sak wise nyiapne kuwi, banjur bocah-bocah budhal numpak bis ing wayah awan. Ing wayah bengi wis teka Gresik langsung tumuju hotel. Sak wise teka hotel banjur bocah-bocah langsung mlebu kamar kanggo leren terus turu amarga sesuk wis lomba.
Dina lomba wis teka. Sarni lan kanca-kancane digugah marang pelatihe. Sik esuk bocah-bocah banjur pada adus lan siap siap kanggo budal menyang lapangan. Ora lali sak durunge menyang lapanga bocah-bocah pada sarapan disek. Sak wise sarapan banjur budhal menyang lapangan bebarengan.Sarni lan kanca-kancane wis teka lapangan. Kahanan lapangane reja banget, wis akeh saka kontingen luar kota pada teka. Bocah-bocah banjur nyiapne alat-alate kanggo lomba. Saurunge lomba bocah-bocah pada pemanasan lan dunga bbarengan supaya diparingi kasil sing sae marang Gusti.
Ing wayah jam 8.30 bocah-bocah wis pada lomba. Kabeh pada tenanan lan fokus. Ora ngerti nyapo Sarni kok pas elek maine, banjur Sarni kalah. Sarni wis bingung karo permainane dhewe. Dheweke wis frustasi amarga wis kalah. Tapi kanca-kancane lan pelatihe terus nyemangati Sarni ben Sarni ora putus asa. Akhire dheweke leren disek ning pinggir lapangan. Dheweke ning kono amung meneng ae meratapi nasib. Mengko sore isih enek kesempatan kanggo Sarni main eneh, dheweke semangat kanggo permainan sing kedua. Dheweke sakdurunge main dibimbing disek marang pelatihe supaya isa maksimal maine.
Uwis teka wayah sore. Sarni banjur siap-siap kanggo kesempatane sing terakhir. Dheweke wis mlebu lapangan lan wis mulai main. Dheweke wis berusaha fokus, tenang, lan tenanan. Akhire Sarni wis frustasi dheweke nangis lan panggah disemangati kanca-kancane lan pelatihe. Sarni sadar pancen dina kuwi mau dudu rejekine. Akhire Sarni wis ikhlas, dheweke bakal latian sing luwih tenanan.
Ing dina sesuke kontingene Sarni banjur mulih amarga wis bar tugase. Ing perjalanan mulih Sarni lan kanca-kancane dituturi marang pelatihe supaya latihan sing luwih sregep lan tenanan. Teka ing wayah bengi wis pada teka ning omahe dhewe-dhewe. Sarni teka omah langsung disambut marang wong tuwane. Sarni banjur leren langsung turu.
Sesuke Sarni tangi isuk banjur shalat subuh. Bar shalat subuh Sarni turu maneh amarga dheweke kesel banget. Dheweke tangi turu jam 10 awan banjur adus diterusne umbah-umbah klambi sing wis digawa mulih saka Gresik wingi.Ing dina Minggu sore Sarni lan kanca-kancane pada nglumpuk ning omahe pelatihe kanggo ngrembukne jadwal latihan nggo sak teruse. Hasil akhir saka rembukane kuwi mau diputusne rong minggu engkas latihan maneh kanggo persiapan agustusan sasi ngarep.Uwis teka ing sasi agustus lomba agustusan saya cedek dinane. Sarni ln kanca-kancane wis pada siap melu lomba. Dina Sabtu kuwi latihan terakhir, bocah-bocah pada latihan kanthi tenanan. Amarga dina Senin wis wayahe lomba.
Dina Senin wis teka, bocah-bocah wis siap budhal menyang panggon lomba. Sak wise teka panggon lomba, bocah-bocah pada persiapan kanggo lomba. Lomba wis dimulai bocah-bocah banjur main kanthi tenanan. Lomba wis bar, banjur ngenteni pengumuman hasil lomba. Karo ngenteni pengumuman bocah-bocah pada leren lan mangan-mangan. 10 menit wis kliwat banjur hasile diumumne marang panitia. Ing pengumuman kuwi Sarni menang. Sarni langsung bungah atine, dheweke rumangsa marem. Latihane sing tenanan iki banjur menehi hasil sing memuaskan.
PENULIS : NINDYA HAPSARI GIWANGKARA
TATARAN : XII – MIPA3
URUT KAPING : 19
PAWIYATAN : SMAN 1 DURENAN, TRENGGALEK, JATIM
No comments:
Post a Comment